Ézra 6:1-22

  • Darius nyelidiki lan nggawé keputusan (1-12)

  • Bait rampung dibangun lan diresmèkké (13-18)

  • Paskah dirayakké (19-22)

6  Wektu kuwi, Raja Darius mènèhi préntah. Terus, wong-wong nyelidiki cathetan sing ana ing panggonan nyimpen harta ing Babilon.  Ana gulungan sing ditemokké ing bèntèng ing Ékbatana ing Provinsi Média. Ing njeroné ana tulisan kaya ngéné:  ”Ing taun pertama pamréntahané Raja Korès, Raja Korès mènèhi préntah soal omahé Gusti Allah ing Yérusalèm:+ ’Omah kuwi kudu dibangun manèh bèn isa dadi panggonan kanggo mènèhké korban. Bangunen pondhasiné ing panggonané. Dhuwuré omah kuwi kudu 60 hasta* lan ambané 60 hasta.+  Témboké kudu digawé nganggo telung lapis watu gedhé lan sak lapis kayu.+ Kabèh biayané ditanggung kerajaan.+  Sakliyané kuwi, kabèh barang saka emas lan pérak sing digawa Nébukhadnézar saka baité Gusti Allah ing Yérusalèm menyang Babilon+ kudu dibalèkké manèh ing panggonané ing bait ing Yérusalèm lan didèlèhké ing omahé Gusti Allah.’+  ”Dadi saiki, Taténai gubernur dhaérah Sabrang Kali, Syétar-bozénai, lan kanca-kancamu para gubernur bawahan saka dhaérah Sabrang Kali,*+ aja mèlu-mèlu urusané wong-wong kuwi.  Aja mbok alang-alangi pembangunan omahé Gusti Allah kuwi. Bèn waé gubernuré wong Yahudi lan para pemimpin* Yahudi mbangun manèh omahé Gusti Allah kuwi ing panggonané mbiyèn.  Sakliyané kuwi, aku ya mènèhi préntah iki supaya mbok tindakké marang para pemimpin Yahudi sing lagi padha mbangun manèh omahé Gusti Allah kuwi: Jupuken dhuwit saka dana kerajaan,+ saka pajeg sing diklumpukké ing dhaérah Sabrang Kali, terus wènèhna marang wong-wong kuwi bèn gawéané ora mandheg.+  Wènèhna apa waé sing dibutuhké saben dina, contoné sapi lanang enom,+ domba lanang,+ lan anak domba,+ kanggo persembahan bakaran marang Gusti Allah ing swarga. Kowé ya kudu mènèhi gandum,+ uyah,+ anggur,+ lan minyak,+ kaya sing diomongké para imam ing Yérusalèm. Aja nganti lali. 10  Dadi, wong-wong kuwi isa terus mènèhké persembahan sing isa nyenengké Gusti Allah sing nguwasani swarga. Wong-wong kuwi ya bèn isa ndonga kanggo kesejahteraané Raja lan anak-anaké lanang.+ 11  Aku ya mènèhi préntah nèk ana sing nglanggar préntah iki bakal dipaku ing kayu sing dicabut saka omahé dhéwé. Terus, omahé bakal didadèkké toilèt umum* merga nglanggar préntah iki. 12  Muga-muga Gusti Allah sing wis milih panggonan iki kanggo jenengé,+ ngalahké raja lan bangsa endi waé sing nglanggar préntah iki lan sing ngupaya nyingkirké omahé Gusti Allah sing ana ing Yérusalèm. Aku, Darius, ngetokké préntah iki. Ndang tindakna.” 13  Terus, Taténai gubernur dhaérah Sabrang Kali, Syétar-bozénai,+ lan kanca-kancané langsung nindakké kabèh préntahé Raja Darius. 14  Para pemimpin Yahudi terus mbangun, lan gawéan kuwi saya maju.+ Wong-wong kuwi disemangati karo ramalané Nabi Hagai+ lan Nabi Zakharia+ putuné Ido. Wong-wong kuwi ngrampungké pembangunan kuwi sesuai karo préntahé Gusti Allahé Israèl,+ Korès,+ Darius,+ lan Artahsasta+ raja Pèrsia. 15  Omah kuwi rampung dibangun ing dina ketelu sasi Adar,* taun keenem pamréntahané Raja Darius. 16  Terus, wong Israèl, para imam, wong Lèwi,+ lan kabèh wong liyané sing mbiyèn tau ditawan padha ngresmèkké omahé Gusti Allah karo seneng banget. 17  Kanggo ngresmèkké omahé Gusti Allah iki, wong-wong kuwi mènèhi persembahan sapi lanang 100, domba lanang 200, lan anak domba 400. Wong-wong kuwi ya mènèhké kambing lanang 12 dadi persembahan dosa kanggo kabèh wong Israèl sesuai karo jumlahé suku Israèl.+ 18  Terus, wong-wong kuwi nglantik para imam lan wong Lèwi sesuai karo kelompoké kanggo nglayani Gusti Allah ing Yérusalèm,+ kaya sing ditulis ing kitab Musa.+ 19  Kabèh wong sing mbiyèn tau ditawan padha nganakké Paskah ing dina ke-14 sasi pertama.+ 20  Kabèh imam lan wong Lèwi wis padha nyucèkké dhiri,+ mula kabèh wong kuwi wis suci. Wong-wong kuwi mbelèh korban Paskah kanggo kabèh wong sing mbiyèn tau ditawan, kanggo kanca-kancané yaiku para imam, lan kanggo wong-wong kuwi dhéwé. 21  Terus, wong Israèl sing wis bali saka penawanan padha mangan korban kuwi bareng karo wong liyané sing mèlu gabung kanggo nyembah Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.+ Wong-wong sing gabung kuwi wis ora nindakké kabèh sing najis sing ditindakké bangsa-bangsa liya, 22  Kabèh wong kuwi ya nganakké Perayaan Roti Tanpa Ragi+ pitung dina suwéné karo seneng banget. Yéhuwah nggawé bangsa kuwi seneng lan nggawé atiné raja Asiria* seneng karo wong-wong kuwi.+ Mula, Raja ndhukung pembangunan omahé Gusti Allah sing bener, Gusti Allahé Israèl.

Katrangan Tambahan

Kira-kira 26,7 m. Deloken Lamp. B14.
Deloken ctn. ing Ézr 4:10.
Utawa ”para sesepuh”.
Utawa mungkin ”panggonan mbuwang sampah”.
Deloken Lamp. B15.
Gelar kanggo Darius I, raja Pèrsia sing wektu kuwi nguwasani bekas wilayahé Asiria.