Ézra 7:1-28

  • Ézra teka ing Yérusalèm (1-10)

  • Suraté Raja Artahsasta marang Ézra (11-26)

  • Ézra muji Yéhuwah (27, 28)

7  Sakwisé kabèh kuwi kelakon, wektu pamréntahané Artahsasta+ raja Pèrsia, ana wong lanang sing jenengé Ézra.*+ Dhèwèké kuwi anaké Séraya,+ anaké Azaria, anaké Hilkia,+  anaké Syalum, anaké Zadok, anaké Ahitub,  anaké Amaria, anaké Azaria,+ anaké Mérayot,  anaké Zérahia, anaké Uzi, anaké Buki,  anaké Abisyua, anaké Pinéhas,+ anaké Èléazar,+ anaké Imam Kepala Harun.+  Ézra teka saka Babilon. Dhèwèké kuwi penyalin* sing ahli banget soal* Hukum Musa+ sing diwènèhké Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. Raja mènèhi kabèh sing dijaluk Ézra, merga Yéhuwah mbantu Ézra.  Sebagéan wong Israèl, imam, wong Lèwi,+ penyanyi,+ penjaga gerbang,+ lan pelayan bait*+ lunga menyang Yérusalèm ing taun kepitu pamréntahané Raja Artahsasta.  Ézra teka ing Yérusalèm ing sasi kelima taun kepitu pamréntahané Raja kuwi.  Ing dina pertama sasi pertama, dhèwèké mangkat saka Babilon lan tekan ing Yérusalèm ing dina pertama sasi kelima. Saksuwéné perjalanan, Gusti Allah mbantu dhèwèké.+ 10  Ézra wis nduwé tékad ing atiné* kanggo nyinaoni Hukumé Yéhuwah, nindakké kuwi,+ lan mulang soal peraturan lan keputusan hukum kuwi ing Israèl.+ 11  Iki salinan surat saka Raja Artahsasta marang Ézra, yaiku imam lan penyalin,* sing ahli soal* hukum lan peraturané Yéhuwah kanggo Israèl: 12  * ”Saka Artahsasta,+ rajané para raja, marang Imam Ézra, penyalin Hukumé Gusti Allah sing nguwasani swarga: Salam. 13  Kabèh wong Israèl, para imam, lan wong Lèwi sing manggon ing wilayahku lan sing péngin lunga bareng karo kowé menyang Yérusalèm wis tak préntahké bèn padha lunga.+ 14  Kowé diutus Raja lan pitu penaséhaté menyang Yérusalèm kanggo mastèkké nèk Hukumé Gusti Allahmu sing mbok pahami ditindakké ing Yéhuda lan Yérusalèm. 15  Jupuken pérak lan emas, yaiku sumbangan sukaréla sing diwènèhké Raja lan para penaséhaté marang Gusti Allahé Israèl sing manggon ing Yérusalèm. 16  Gawanen kabèh pérak lan emas sing mbok tampa saka kabèh provinsi Babilon lan sumbangan sukaréla saka rakyat lan para imam kanggo omahé Gusti Allahé sing ana ing Yérusalèm.+ 17  Dhuwit kuwi kudu langsung mbok enggo tuku sapi lanang,+ domba lanang,+ anak domba,+ karo persembahan biji-bijian+ lan persembahan minumané.+ Wènèhna kuwi kabèh ing mézbahé omahé Gusti Allahmu sing ana ing Yérusalèm. 18  ”Kowé lan sedulur-sedulurmu isa nggunakké turahan pérak lan emas kuwi kanggo apa waé sing mbok anggep apik, sesuai karo karepé Gusti Allahmu. 19  Kabèh barang sing wis diwènèhké marang kowé kanggo pelayanan ing omahé Gusti Allahmu kudu mbok gawa menyang ngarepé Gusti Allahmu ing Yérusalèm.+ 20  Nèk ana manèh sing mbok butuhké kanggo omahé Gusti Allahmu, kowé isa nganggo dhuwit saka dana kerajaan.+ 21  ”Aku, Raja Artahsasta, wis mènèhi préntah marang kabèh bendahara ing dhaérah Sabrang Kali, yaiku nèk apa waé sing dijaluk Imam Ézra,+ penyalin Hukumé Gusti Allah sing nguwasani swarga, kudu ndang diwènèhi. 22  Jumlah sing éntuk diwènèhké isa nganti pérak 100 talènta*, gandum 100 kor*, anggur 100 bat*,+ minyak 100 bat,+ lan uyah+ sesuai karo sing dibutuhké. 23  Kabèh préntah saka Gusti Allah sing nguwasani swarga+ soal omahé kudu ditindakké karo semangat, supaya Gusti Allah ora nesu marang wong-wong sing manggon ing wilayah kerajaané Raja lan marang anak-anaké lanang.+ 24  Aku ya arep ngandhani kowé kabèh nèk ora ana sing éntuk njaluk pajeg apa waé*+ saka para imam lan wong Lèwi, pemain musik,+ penjaga lawang, pelayan bait,+ lan wong-wong sing kerja ing omahé Gusti Allah kuwi. 25  ”Ézra, gunakna kawicaksanan sing mbok tampa saka Gusti Allah kanggo nglantik pejabat pengadilan lan hakim kanggo ngadili kabèh wong ing dhaérah Sabrang Kali, yaiku kabèh wong sing wis ngerti hukumé Gusti Allahmu. Sakliyané kuwi, nèk ana sing durung ngerti hukum kuwi, kowé kudu mulang wong kuwi.+ 26  Sapa waé sing ora manut Hukumé Gusti Allahmu lan hukumé Raja kudu ndang dihukum, embuh kuwi dipatèni, diusir, didhendha, utawa dipenjara.” 27  Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangku, sing wis ngarahké raja bèn nggawé omahé Yéhuwah sing ana ing Yérusalèm dadi apik, diluhurké!+ 28  Gusti Allah wis nduduhké katresnan sing langgeng* marang aku ing ngarepé Raja,+ para penaséhaté,+ lan para pejabaté. Mula, aku ngupaya bèn kendel merga Yéhuwah Gusti Allahku ndhukung aku. Terus, aku ngejak para pemimpin Israèl lunga bareng aku.

Katrangan Tambahan

Artiné ”Bantuan”.
Utawa ”penulis”.
Utawa ”Dhèwèké kuwi wong sing ahli nyalin”.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Lit.: ”nyiapké atiné”.
Utawa ”penulis”.
Utawa ”penyalin kata-kata ing”.
Basa asliné Ézr 7:12 nganti 7:26 yaiku basa Aram.
1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.
1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Ing basa asliné, ana telung macem pajeg sing disebutké ing kéné, yaiku pajeg perorangan, pajeg barang, lan pajeg dalan.