Ézra 8:1-36

  • Daftaré wong-wong sing bali karo Ézra (1-14)

  • Persiapan kanggo perjalanan (15-30)

  • Mangkat saka Babilon, lan tekan ing Yérusalèm (31-36)

8  Ana pemimpin keluarga pihak bapak sing lunga bareng aku saka Babilon pas pamréntahané Raja Artahsasta.+ Iki jenengé wong-wong kuwi sesuai karo keluargané dhéwé-dhéwé:  saka keluargané Pinéhas:+ Gèrsyom; saka keluargané Itamar:+ Danièl; saka keluargané Daud: Hatus;  saka keluargané Syékania, yaiku keluargané Paros: Zakharia lan 150 wong lanang liyané sing kedaftar bareng dhèwèké;  saka keluargané Pahat-moab:+ Èliého-énai anaké Zérahia lan 200 wong lanang liyané;  saka keluargané Zatu:+ Syékania anaké Yahazièl lan 300 wong lanang liyané;  saka keluargané Adin:+ Èbèd anaké Yonatan lan 50 wong lanang liyané;  saka keluargané Élam:+ Yésyaya anaké Atalia lan 70 wong lanang liyané;  saka keluargané Syéfatia:+ Zébadia anaké Mikhaèl lan 80 wong lanang liyané;  saka keluargané Yoab: Obaja anaké Yéhièl lan 218 wong lanang liyané; 10  saka keluargané Bani: Syélomit anaké Yosifia lan 160 wong lanang liyané; 11  saka keluargané Bébai:+ Zakharia anaké Bébai lan 28 wong lanang liyané; 12  saka keluargané Azgad:+ Yohanan anaké Hakatan lan 110 wong lanang liyané. 13  Wong-wong sing terakhir bali saka keluargané Adonikam:+ Èlifèlèt, Yéièl, Syémaya, lan 60 wong lanang liyané; 14  saka keluargané Bigwai:+ Utai, Zabbud, lan 70 wong lanang liyané. 15  Aku nglumpukké wong-wong kuwi ing cedhak kali sing mili menyang Ahawa+ lan kémah ing kono telung dina. Ning pas aku mriksa wong-wong lan para imam kuwi, jebulé ora ana wong Lèwi siji-sijia. 16  Mula, aku ngundang para pemimpin, yaiku Èlièzèr, Arièl, Syémaya, Èlnatan, Yarib, Èlnatan, Natan, Zakharia, Mésyulam, lan para guru, yaiku Yoyarib lan Èlnatan. 17  Terus, aku ngongkon wong-wong kuwi nemoni Ido, pemimpin ing panggonan sing jenengé Kasifia. Aku ngongkon wong-wong kuwi ngandhani Ido lan sedulur-seduluré, yaiku keturunané para pelayan bait* ing Kasifia, bèn ngutus wong-wong kanggo nglayani ing omahé Gusti Allah. 18  Gusti Allah mbantu aku kabèh. Mula, ana wong sing wicaksana saka keluargané Mahli+ putuné Lèwi anaké lanang Israèl sing diutus, jenengé yaiku Syérébia,+ karo anak-anaké lanang lan sedulur-seduluré, kabèh cacahé 18. 19  Ana manèh Hasyabia lan Yésyaya saka keluargané Mérari+ karo sedulur-seduluré lan anak-anaké lanang, kabèh cacahé 20. 20  Ana 220 pelayan bait* sing jenengé kedaftar. Mbiyèn, Daud lan para pemimpin nugasi para pelayan bait kanggo mbantu wong Lèwi. 21  Terus, aku ngumumké pasa ing kana, ing Kali Ahawa, kanggo ngrendhahké dhiri ing ngarepé Gusti Allah. Aku ya njaluk bèn dituntun ing perjalanan lan bèn Gusti Allah nglindhungi aku, anak-anakku, lan barang-barangku. 22  Aku isin njaluk prajurit lan pasukan sing numpak jaran saka Raja bèn nglindhungi saka mungsuh-mungsuhku ing perjalanan, merga aku wis tau kandha marang Raja, ”Gusti Allahku* bakal nglindhungi wong-wong sing percaya marang Dhèwèké.+ Ning, Dhèwèké bakal nglawan lan nesu marang wong-wong sing ninggalké Dhèwèké.”+ 23  Mula, aku pasa lan njaluk tuntunan saka Gusti Allah soal iki, lan Gusti Allah ngrungokké apa sing tak jaluk.+ 24  Terus, aku milih imam kepala 12, yaiku Syérébia, Hasyabia,+ lan sepuluh seduluré. 25  Bar kuwi, aku nimbang pérak, emas, lan peralatan-peralatan. Kuwi kabèh sumbangan kanggo omahé Gusti Allah+ saka Raja, para penaséhaté, pejabaté, lan kabèh wong Israèl sing ana ing kono. Terus kuwi tak serahké marang wong-wong mau. 26  Sing tak timbang lan tak serahké marang wong-wong kuwi yaiku pérak 650 talènta,* barang saka pérak sing aboté 2 talènta 100, emas 100 talènta, 27  mangkok cilik saka emas sing regané 1.000 darik 20,* lan barang saka tembaga sing warnané abang mengkilap 2, sing apik kaya emas. 28  Terus aku kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kabèh kuwi suci kanggo Yéhuwah,+ lan kabèh peralatan kuwi ya suci. Pérak lan emas kuwi persembahan sukaréla kanggo Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangmu. 29  Jaganen tenanan kabèh barang kuwi nganti kuwi kabèh mbok timbang ing ngarepé para imam kepala, wong Lèwi, lan para pemimpin keluarga pihak bapaké wong Israèl ing Yérusalèm,+ ing njero ruangan-ruangan* ing omahé Yéhuwah.” 30  Terus, para imam lan wong Lèwi nampa pérak, emas, lan kabèh peralatan sing wis ditimbang mau. Kuwi kabèh digawa ing Yérusalèm ing omahé Gusti Allahku. 31  Akhiré, ing dina ke-12 sasi ke-1,+ aku kabèh mangkat saka Kali Ahawa+ menyang Yérusalèm. Ing perjalanan, Gusti Allah nglindhungi lan nylametké aku kabèh saka mungsuh lan rampok-rampok. 32  Aku kabèh tekan ing Yérusalèm+ lan manggon ing kono telung dina suwéné. 33  Ing dina kepapat, pérak, emas, lan kabèh peralatan ing omahé Gusti Allahku+ tak timbang lan tak serahké marang Imam Mérémot+ anaké Uriya. Ing kono ya ana Èléazar anaké Pinéhas lan wong-wong Lèwi, yaiku Yozabad+ anaké Yésyua lan Noadia anaké Binui.+ 34  Kabèh barang kuwi diétung lan ditimbang, terus boboté dicathet. 35  Wong-wong sing wis bali saka penawanan ing negara asing kuwi mènèhké korban bakaran marang Gusti Allahé Israèl, yaiku sapi lanang 12+ kanggo kabèh wong Israèl, domba lanang 96,+ anak domba lanang 77, lan kambing lanang 12+ kanggo persembahan dosa. Kuwi kabèh persembahan bakaran kanggo Yéhuwah.+ 36  Terus, aku kabèh nyampèkké keputusané Raja marang para wakilé raja*+ lan marang para gubernur ing dhaérah Sabrang Kali.*+ Wong-wong kuwi ndhukung bangsa iki lan mènèhi apa waé sing dibutuhké omahé Gusti Allah sing bener.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”kaum Nètinim”. Lit.: ”wong-wong sing diwènèhké”.
Utawa ”Tangané Gusti Allahku”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Darik yaiku dhuwit rècèh emas Pèrsia. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”ruang-ruang makan”.
Ing basa asliné, iki jabatan sing artiné ”pelindhung kerajaan”. Iki maksudé gubernur ing provinsi kerajaan Pèrsia.
Deloken ctn. ing Ézr 4:10.