Ézra 9:1-15

  • Kawin campur ing Israèl (1-4)

  • Ézra ngakoni dosa liwat donga (5-15)

9  Sakwisé kabèh kuwi kelakon, para pemimpin marani aku lan kandha, ”Wong Israèl, para imam, lan wong Lèwi ora ngedohi bangsa-bangsa ing sekitar kéné lan kebiasaané sing njijiki,+ yaiku bangsa Kanaan, Hèt, Pèriz, Yébus, Ammon, Moab, Mesir,+ lan Amori.+  Wong Israèl nikah karo anaké wédok bangsa-bangsa kuwi lan nikahké anak-anaké lanang karo anak-anaké wédok wong-wong saka bangsa kuwi.+ Bangsa* sing suci iki+ wis kecampur karo bangsa-bangsa liya.+ Malah, para pemimpin lan pejabaté sing mulai nglakoni dosa kuwi.”  Wektu krungu kuwi, aku langsung nyuwèk klambiku lan nyabut rambut lan jénggotku, terus lungguh karo lemes.  Terus, wong-wong sing ngajèni omongané Gusti Allahé Israèl padha ngumpul ngubengi aku, merga wong-wong kuwi padha kuwatir karo dosa sing ditindakké para tawanan sing padha bali. Wektu kuwi, aku lungguh karo lemes nganti wektuné persembahan biji-bijian diwènèhké pas soré.+  Pas soré, pas wektuné mènèhké persembahan biji-bijian,+ sakwisé ngrendhahké dhiri nganggo cara kuwi, aku ngadeg karo nganggo klambi sing wis tak suwèk. Bar kuwi, aku sujud lan ngangkat tanganku marang Yéhuwah Gusti Allahku.  Aku kandha, ”Oh Gusti Allahku, aku isin lan ngrasa ora pantes ndonga marang Njenengan, merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku wis numpuk nganti ngluwihi sirahku. Pelanggaranku lan pelanggarané bangsaku ya wis tumpuk-tumpuk nganti tekan langit.+  Aku lan bangsaku wis dosa gedhé banget kèt jamané nènèk moyangku nganti saiki.+ Aku, raja-rajaku, lan para imamku diserahké marang raja-raja saka bangsa liya, dipatèni nganggo pedhang,+ ditawan,+ dijarah,+ lan diisin-isinké nganti saiki.+ Kuwi kabèh kelakon merga kesalahanku lan kesalahané bangsaku.  Ning, Yéhuwah Gusti Allahku wis apikan lan mbébaské sebagéan wong saka bangsaku lan mènèhi panggonan sing aman ing panggonan suciné,+ supaya aku lan bangsaku seneng* lan supaya aku rada lega senajan isih dadi budhak.  Merga senajan aku lan bangsaku iki budhak,+ Njenengan ora ninggalké aku lan bangsaku. Njenengan nduduhké katresnan sing langgeng* marang aku lan bangsaku ing ngarepé raja-raja Pèrsia.+ Njenengan mènèhi aku lan bangsaku kekuwatan anyar kanggo mbangun manèh omahé Njenengan+ sing wis hancur. Njenengan ya mènèhi perlindungan* ing Yéhuda lan ing Yérusalèm. 10  ”Terus saiki sakwisé kuwi kabèh kelakon, aku lan bangsaku kudu ngomong apa, oh Gusti Allah? Merga aku lan bangsaku wis ninggalké préntah-préntah-Mu, 11  sing Njenengan wènèhké marang aku lan bangsaku liwat para abdi-Mu, yaiku para nabi. Njenengan kandha, ’Tanah sing bakal mbok duwèni kuwi tanah sing najis merga kenajisané wong-wong ing kono sing padha nindakké kabèh kebiasaan sing njijiki. Wong-wong kuwi wis ngebaki tanah kuwi nganggo kenajisané saka ujung tekan ujung.+ 12  Dadi, anak-anakmu wédok aja mbok nikahké karo anak-anaké lanang wong-wong kuwi. Anak-anakmu lanang ya aja mbok nikahké karo anak-anaké wédok wong-wong kuwi.+ Aja nindakké apa waé sing isa nggawé wong-wong kuwi damai lan makmur,+ bèn kowé dadi kuwat lan mangan hasil sing apik saka tanah kuwi lan mènèhké tanah kuwi dadi warisan kanggo anak putumu saklawasé.’ 13  Saiki aku lan bangsaku wis ngrasakké akibat saka kesalahanku lan kesalahané bangsaku. Oh Gusti Allah, hukuman sing tak tampa iki ora sebandhing karo kesalahanku lan kesalahané bangsaku.+ Malah, Njenengan wis mbébaské aku lan bangsaku sing ana ing kéné iki.+ 14  Mosok aku arep nglanggar préntah-Mu manèh lan nggawé kerja sama liwat pernikahan karo wong-wong sing nindakké kebiasaan sing njijiki kuwi?+ Mesthi Njenengan bakal nesu banget lan nyingkirké aku lan bangsaku nganti ora ana sing lolos utawa slamet. 15  Oh Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, Njenengan adil,+ merga sebagéan saka antarané aku lan bangsaku isa slamet nganti saiki. Saiki aku lan bangsaku ana ing ngarep-Mu. Aku lan bangsaku iki wong dosa. Sakjané aku lan bangsaku ora pantes ana ing ngarep-Mu.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Benih”.
Lit.: ”supaya mripatku bersinar”.
Lit.: ”témbok watu”.