1 Tésalonika 1:1-10
1 Surat saka Paulus, Silvanus,*+ lan Timotius+ kanggo jemaat Tésalonika sing bersatu karo Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, lan karo Gusti Yésus Kristus.
Muga-muga Gusti Allah apikan banget karo kowé lan nggawé kowé ayem.
2 Aku terus ngucap syukur marang Gusti Allah wektu aku ndongakké kowé.+
3 Wektu aku ndonga marang Gusti Allah, yaiku Bapaké awaké dhéwé, aku terus éling nèk kowé nyambut gawé tenanan merga kowé nduwé iman lan katresnan. Kowé ya sabar merga berharap+ marang Yésus Kristus Gustiné awaké dhéwé.
4 Sedulur-sedulur sing ditresnani Gusti Allah, aku ngerti nèk Gusti Allah wis milih kowé.
5 Merga wektu aku martakké kabar apik marang kowé, aku ora mung martakké nganggo omongan, ning ya nganggo kuwasa lan roh suci. Aku yakin banget nèk sing tak wartakké marang kowé kuwi bener, lan berita sing tak wartakké kuwi wis akèh mbantu kowé.
6 Kowé niru aku+ lan Gusti.+ Buktiné, senajan kowé ngalami akèh kesusahan,+ kowé ngrasa seneng wektu nampa omongané Gusti Allah. Rasa seneng kuwi asalé saka roh suci.
7 Kuwi sebabé kowé dadi conto kanggo kabèh muridé Yésus ing Makédonia lan Akhaya.
8 Sakjané, sakliyané wong-wong ing Makédonia lan Akhaya wis krungu omongané Yéhuwah* liwat kowé, wong-wong ing endi-endi ya wis krungu soal imanmu marang Gusti Allah.+ Mula, aku ora perlu ngomong apa-apa manèh.
9 Wong-wong kuwi kerep crita soal piyé pertama kali awaké dhéwé ketemu. Wong-wong kuwi ya crita nèk kowé wis ninggalké brahala-brahalamu+ lan dadi budhak kanggo Gusti Allah sing urip lan bener.
10 Kowé ya ngentèni Yésus teka saka swarga.+ Dhèwèké kuwi Anaké Gusti Allah sing wis diuripké manèh saka antarané wong mati lan sing bakal nylametké awaké dhéwé wektu Gusti Allah nesu.+