1 Babad 12:1-40

  • Para pendukungé Raja Daud (1-40)

12  Iki wong-wong sing marani Daud ing Ziklag+ pas dhèwèké ora isa lunga ing endi-endi merga Saul+ anaké Kis. Wong-wong kuwi bagéan saka para prajurit hébat sing ndhukung Daud ing perang.+  Wong-wong kuwi nggawa senjata busur, lan isa nggunakké tangan tengen lan kiwané+ kanggo mbandhilké* watu+ utawa manah. Wong-wong kuwi sedulur-seduluré Saul, keturunané Bènyamin.+  Sing dadi kepalané yaiku Ahièzèr lan Yoas, anak-anaké Syémaa wong Gibéah,+ Yézièl lan Pèlèt anak-anaké lanang Azmawèt,+ Béraka, Yéhu wong Anatot,  Ismaya wong Gibéon,+ prajurit hébat sing termasuk ing antarané wong 30 kuwi+ lan dadi kepalané wong-wong kuwi, Yérémia, Yahazièl, Yohanan, Yozabad wong Gédéra,  Èluzai, Yérimot, Béalia, Syémaria, Syéfatia wong Harif,  Èlkana, Issyia, Azarèl, Yoèzèr, lan Yasyobéam, yaiku wong-wong keturunané Korah,+  lan Yoèla lan Zébadia anak-anaké Yéroham saka Gédor.  Sebagéan wong Gad lunga dadi pendukungé Daud ing panggonané ndhelik ing padhang belantara.+ Wong-wong kuwi prajurit sing hébat, prajurit sing terlatih kanggo perang, sing trampil nggunakké tamèng gedhé lan tombak, sing wajahé kaya singa, lan wong-wong kuwi cepet banget kaya kidang ing gunung.  Èzèr kuwi kepala, Obaja sing nomer loro, Èliab sing nomer telu, 10  Mismana sing nomer papat, Yérémia sing nomer lima, 11  Atai sing nomer enem, Èlièl sing nomer pitu, 12  Yohanan sing nomer wolu, Èlzabad sing nomer sanga, 13  Yérémia sing nomer sepuluh, lan Makhbanai sing nomer sewelas. 14  Kabèh wong kuwi keturunané Gad,+ para kepalané pasukan. Sing paling lemah isa nglawan wong 100, lan sing paling kuwat isa nglawan wong 1.000.+ 15  Kuwi wong-wong sing nyabrang Kali Yordan ing sasi pertama, wektu kali kuwi mbludag tekan pinggir. Wong-wong kuwi ya ngusir wong-wong sing manggon ing dataran rendhah menyang arah wétan lan kulon. 16  Sebagéan saka wong Bènyamin lan Yéhuda ya marani Daud ing panggonané ndhelik.+ 17  Terus, Daud metu ing ngarepé wong-wong kuwi lan kandha, ”Nèk kowé marani aku nganggo niat sing apik lan péngin mbantu aku, kowé isa nggabung dadi balaku. Ning, nèk niatmu arep ngianati aku lan nyerahké aku marang mungsuhku, padahal aku ora salah, muga-muga Gusti Allahé nènèk moyangé awaké dhéwé ndelok kuwi lan ngadili kowé.”+ 18  Terus, roh suci mudhun ing ndhuwuré Amasai,+ pemimpiné 30 wong kuwi. Dhèwèké kandha,”Daud, aku kabèh duwèkmu. Anaké Isai,+ aku kabèh mihak kowé. Muga-muga kowé tentrem, muga-muga wong sing mbantu kowé ya tentrem,Merga Gusti Allahmu mbantu kowé.”+ Mula, Daud nampa wong-wong kuwi lan nglantik wong-wong kuwi dadi para kepala prajurit. 19  Sebagéan wong Manasyé ninggalké pasukané Saul lan mihak Daud wektu Daud teka bareng karo wong Filistin kanggo nglawan Saul. Ning wektu kuwi, Daud ora mbantu wong Filistin, merga sakwisé para penguasané wong Filistin+ padha omong-omongan, wong-wong kuwi ngongkon Daud lunga. Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké bakal mihak Saul lan matèni awaké dhéwé.”+ 20  Wektu Daud lunga menyang Ziklag,+ ana keturunané Manasyé sing akhiré mihak Daud, yaiku Adnah, Yozabad, Yédiaèl, Mikhaèl, Yozabad, Èlihu, lan Zilétai, kepala saka éwonan wong Manasyé.+ 21  Wong-wong kuwi mbantu Daud nglawan grombolan perampok, merga kabèh wong kuwi hébat lan kendel,+ lan wong-wong kuwi dadi pemimpin pasukan. 22  Saben dina, wong-wong padha teka marang Daud+ kanggo mbantu dhèwèké, nganti pasukané dadi gedhé kaya pasukané Gusti Allah.+ 23  Iki jumlahé kepala pasukan sing nggawa senjata kanggo perang, sing marani Daud ing Hébron+ kanggo ndadèkké dhèwèké raja nggantèni Saul, kaya préntahé Yéhuwah.+ 24  Wong Yéhuda sing nggawa senjata tamèng gedhé lan tombak ana wong 6.800, sing siap kanggo perang. 25  Saka wong Siméon, ana 7.100 prajurit sing hébat lan kendel. 26  Saka wong Lèwi, ana 4.600. 27  Yéhoyada+ kuwi pemimpiné keturunané Harun,+ lan ana 3.700 wong sing bareng dhèwèké, 28  uga Zadok,+ wong lanang enom sing hébat, bareng karo 22 pemimpin saka keluarga pihak bapaké. 29  Saka wong Bènyamin, sedulur-seduluré Saul,+ ana wong 3.000, sing akèh-akèhé mbiyèn padha setya njaga keluargané Saul. 30  Saka wong Éfraim, ana 20.800 wong sing hébat lan kendel, sing terkenal ing antarané keluarga pihak bapaké. 31  Saka setengahé suku Manasyé, ana wong 18.000 sing dipilih bèn teka lan ndadèkké Daud raja. 32  Saka suku Isakhar, sing ngerti soal wektu lan ngerti apa sing kudu ditindakké Israèl, ana 200 pemimpiné wong-wong kuwi, lan kabèh seduluré dipimpin karo wong-wong kuwi. 33  Saka Zébulon, ana wong 50.000 sing isa dadi prajurit, sing diatur ing barisan tempur lan nggawa akèh senjata. Kabèh wong kuwi bener-bener setya marang Daud. 34  Saka Naftali, ana 1.000 pemimpin, lan ana wong 37.000 sing nggawa tamèng gedhé lan tombak sing bareng karo wong-wong kuwi. 35  Saka wong Dan, ana wong 28.600 sing diatur ing barisan tempur. 36  Saka Asyèr, ana wong 40.000 sing isa dadi prajurit ing barisan tempur. 37  Saka sabrangé Yordan,+ saka wong Rubèn, wong Gad, lan setengahé suku Manasyé, ana 120.000 prajurit sing nggawa senjata perang werna-werna. 38  Kabèh wong kuwi prajurit lan padha nggabung dadi siji ing barisan tempur. Wong-wong kuwi saktulusé ati mara ing Hébron kanggo ndadèkké Daud rajané Israèl. Kabèh wong Israèl liyané ya padha péngin ndadèkké Daud raja.+ 39  Wong-wong kuwi manggon ing kana karo Daud telung dina suwéné. Wong-wong kuwi mangan lan ngombé sing wis disiapké sedulur-seduluré. 40  Wong-wong sing ana ing cedhaké wong-wong kuwi, malah wong-wong sing ana ing Isakhar, Zébulon, lan Naftali, padha nggawa panganan nganggo keledai, unta, keledai,* lan sapi. Wong-wong kuwi nyedhiakké tepung, kué ara kering lan kismis, anggur, minyak, sapi, lan domba sing jumlahé akèh banget, merga wong Israèl padha seneng banget.

Katrangan Tambahan

Deloken ”Bandhil” ing Daftar Istilah.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.