1 Babad 13:1-14

  • Pethi digawa saka Kiriat-yéarim (1-14)

    • Uzza dihukum lan mati (9, 10)

13  Daud omong-omongan karo para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus lan karo para pemimpin liyané.+  Terus, Daud kandha marang kabèh jemaat Israèl, ”Nèk kowé setuju lan iki cocog karo karepé Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé, ayo awaké dhéwé ngirim pesen marang kabèh seduluré awaké dhéwé sing isih ana ing kabèh dhaérah Israèl lan marang para imam lan wong Lèwi ing kutha-kuthané+ sing ana padhang rumputé, supaya wong-wong kuwi teka lan nggabung karo awaké dhéwé.  Ayo nggawa bali Pethiné+ Gusti Allahé awaké dhéwé.” Ing jamané Saul,+ Pethi kuwi ora diurusi.  Kabèh padha setuju, merga kuwi apik kanggoné wong-wong kuwi.  Mula, Daud nglumpukké kabèh wong Israèl, saka kali* ing Mesir nganti tekan Lébo-hamat,*+ kanggo nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka Kiriat-yéarim.+  Daud lan kabèh wong Israèl lunga menyang Baala,+ menyang Kiriat-yéarim duwèké Yéhuda merga arep njupuk Pethiné Yéhuwah Gusti Allah sing bener sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub.+ Pethi kuwi disebut nganggo jenengé Gusti Allah.  Ning, wong-wong kuwi ndèlèhké Pethiné Gusti Allah sing bener ing grobag anyar+ lan nggawa kuwi saka omahé Abinadab. Sing ngarahké grobag kuwi yaiku Uzza lan Ahio.+  Daud lan kabèh wong Israèl padha semangat banget ngrayakké kuwi ing ngarepé Gusti Allah sing bener nganggo nyanyian, harpa, alat-alat musik liyané sing nganggo senar, rebana,+ simbal,+ lan trompèt.+  Ning, wektu tekan ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* sing jenengé Khidon, Uzza nyekel Pethi kuwi, merga sapi-sapi sing narik grobag kuwi mèh waé nggawé Pethi kuwi tiba. 10  Mula, Yéhuwah dadi nesu banget marang Uzza, lan Gusti Allah matèni Uzza merga dhèwèké nyekel Pethi kuwi,+ mula Uzza mati ing kana, ing ngarepé Gusti Allah.+ 11  Ning, Daud dadi nesu merga Yéhuwah nduduhké murkané marang Uzza. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Pèrèz-uzza* nganti saiki. 12  Ing dina kuwi, Daud dadi wedi marang Gusti Allah sing bener lan kandha, ”Lha terus piyé aku isa nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener iki menyang panggonanku?”+ 13  Daud ora nggawa Pethi kuwi menyang panggonané, yaiku ing Kutha Daud, ning dhèwèké malah ngongkon supaya Pethi kuwi kuwi digawa menyang omahé Obèd-édom wong Gat. 14  Pethiné Gusti Allah sing bener ana ing keluargané Obèd-édom lan tetep ana ing kana telung sasi suwéné. Yéhuwah terus mberkahi keluargané Obèd-édom lan kabèh duwèké.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”saka Syihor”.
Utawa ”dalan mlebu menyang Hamat”.
Utawa mungkin ”ing antarané”.
Artiné ”Gusti Allah Nesu Banget karo Uzza”.