1 Babad 14:1-17

  • Kedudukané Daud dadi raja dikukuhké (1, 2)

  • Keluargané Daud (3-7)

  • Wong Filistin dikalahké (8-17)

14  Raja Hiram+ saka Tirus ngirim utusan marang Daud. Raja Hiram ya ngirim kayu aras,* tukang kayu, lan tukang batu* kanggo mbangun témbok. Wong-wong kuwi mbangun istana kanggo Daud.+  Daud akhiré ngerti nèk Yéhuwah sing wis nguwatké kedudukané Daud dadi rajané Israèl,+ merga kerajaané diunggulké kanggo Israèl umaté Gusti Allah.+  Daud nduwé luwih akèh bojo+ ing Yérusalèm, lan dhèwèké ya nduwé luwih akèh anak lanang lan anak wédok.+  Anak-anaké sing lair ing Yérusalèm+ jenengé Syamua, Syobab, Natan,+ Salomo,+  Ibhar, Èlisyua, Èlpèlèt,  Noga, Nèfèg, Yafia,  Èlisyama, Béèliada, lan Èlifèlèt.  Pas wong Filistin krungu nèk Daud wis dilantik dadi rajané Israèl,+ kabèh wong Filistin padha teka nggolèki Daud.+ Pas krungu kuwi, Daud mangkat kanggo nglawan wong-wong kuwi.  Bar kuwi, wong Filistin teka lan terus-terusan nyerang penduduk Lembah Réfaim.+ 10  Daud takon marang Gusti Allah, ”Apa aku kudu nglawan wong Filistin? Apa Njenengan bakal nggawé aku ngalahké wong-wong kuwi?” Yéhuwah njawab, ”Ya, Aku mesthi bakal nggawé kowé ngalahké wong Filistin.”+ 11  Mula, Daud lunga menyang Baal-pérazim+ lan ngalahké wong Filistin ing kana. Terus Daud kandha, ”Gusti Allah sing bener wis ngalahké mungsuh-mungsuhku nganggo tanganku, kaya banyu sing njebol témbok.” Kuwi sebabé wong-wong kuwi njenengi panggonan kuwi Baal-pérazim.* 12  Wong Filistin ninggalké patung allah-allahé ing kana, lan wektu Daud mènèhi préntah, kabèh kuwi diobong.+ 13  Bar kuwi, wong Filistin sepisan manèh nyerang penduduk ing lembah kuwi.+ 14  Daud takon manèh marang Gusti Allah, ning Gusti Allah sing bener kandha, ”Aja nyerang wong-wong kuwi saka ngarep. Ning, mubenga ing mburiné wong-wong kuwi, lan serangen ing ngarepé semak-semak.*+ 15  Nèk kowé krungu swara barisan ing ndhuwuré semak-semak* kuwi, ndang serangen wong-wong kuwi, merga Gusti Allah sing bener bakal maju ing ngarepmu kanggo ngalahké pasukan Filistin.”+ 16  Mula, Daud nindakké persis kaya préntahé Gusti Allah sing bener,+ lan wong-wong kuwi ngalahké pasukan Filistin saka Gibéon tekan Gèzèr.+ 17  Daud dadi terkenal ing kabèh bangsa, lan Yéhuwah nggawé kabèh bangsa wedi+ karo Daud.

Katrangan Tambahan

Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Utawa ”tukang mbangun témbok”.
Artiné ”Ahli Njebol”.
Lit.: ”semak baka”.
Lit.: ”semak baka”.