1 Babad 15:1-29

  • Wong Lèwi nggawa Pethi menyang Yérusalèm (1-29)

    • Mikhal ngrèmèhké Daud (29)

15  Daud isih terus mbangun istana kanggo dhèwèké ing Kutha Daud, nyiapké panggonan kanggo Pethiné Gusti Allah sing bener, lan ngedegké kémah kanggo Pethi kuwi.+  Pas kuwi Daud kandha, ”Ora ana sing éntuk nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener, kecuali wong Lèwi. Yéhuwah wis milih wong-wong kuwi kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah lan kanggo nglayani Dhèwèké sakterusé.”+  Terus, Daud nglumpukké kabèh wong Israèl ing Yérusalèm kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah menyang panggonan sing wis dhèwèké siapké.+  Daud nglumpukké keturunané Harun+ lan wong Lèwi:+  saka keturunané Kohat, Urièl sing dadi pemimpin lan 120 seduluré;  saka keturunané Mérari, Asaya+ sing dadi pemimpin lan 220 seduluré;  saka keturunané Gèrsyom, Yoèl+ sing dadi pemimpin lan 130 seduluré;  saka keturunané Èlizafan,+ Syémaya sing dadi pemimpin lan 200 seduluré;  saka keturunané Hébron, Èlièl sing dadi pemimpin lan 80 seduluré; 10  saka keturunané Uzièl,+ Aminadab sing dadi pemimpin lan 112 seduluré. 11  Terus, Daud ngundang* Imam Zadok,+ Imam Abiatar,+ lan wong-wong Lèwi, yaiku Urièl, Asaya, Yoèl, Syémaya, Èlièl, lan Aminadab. 12  Daud kandha marang wong-wong kuwi, ”Kowé kuwi kabèh pemimpin keluarga pihak bapaké wong Lèwi. Sucèkna awakmu lan sedulur-sedulurmu, lan gawanen Pethiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl menyang panggonan sing wis tak siapké. 13  Mbiyèn sing nggawa kuwi dudu kowé,+ mula Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé dadi nesu banget marang awaké dhéwé,+ merga awaké dhéwé ora nggolèk tuntunan soal piyé kuduné kuwi ditindakké.”+ 14  Mula, para imam lan wong Lèwi nyucèkké awaké kanggo nggawa Pethiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl. 15  Wong Lèwi ngusung Pethiné Gusti Allah sing bener nganggo tongkat sing didèlèhké ing pundhaké,+ kaya sing dipréntahké Musa sesuai karo omongané Yéhuwah. 16  Terus, Daud ngongkon para pemimpiné wong Lèwi nglantik sedulur-seduluré wong Lèwi, yaiku para penyanyi. Wong-wong kuwi bakal nyanyi karo seneng lan diiringi alat-alat musik, yaiku alat musik bersenar, harpa,+ lan simbal.+ 17  Mula, wong Lèwi nglantik Héman+ anaké Yoèl lan Asaf+ anaké Bérékhia saka antarané sedulur-seduluré. Sakliyané kuwi, wong Lèwi nglantik Étan+ anaké Kusyaya saka keturunané Mérari. 18  Bareng karo wong-wong kuwi, ana sedulur-seduluré wong-wong kuwi ing kelompok sing keloro,+ yaiku Zakharia, Bèn, Yaazièl, Syémiramot, Yéhièl, Uni, Èliab, Bénaya, Maaséya, Matitia, Èlifèlèhu, Miknéya, lan para penjaga gerbang yaiku Obèd-édom lan Yéièl. 19  Para penyanyi yaiku Héman,+ Asaf,+ lan Étan, padha mainké simbal tembaga;+ 20  Zakharia, Azièl, Syémiramot, Yéhièl, Uni, Èliab, Maaséya, lan Bénaya mainké alat musik sing nganggo senar sing nadané wis disetèl nganggo nada tinggi;*+ 21  Matitia,+ Èlifèlèhu, Miknéya, Obèd-édom, Yéièl, lan Azazia mainké harpa sing nadané wis disetèl nganggo nada rendah,*+ lan wong-wong kuwi dadi pemimpin musik. 22  Khénania+ pemimpiné wong Lèwi ngawasi pengangkutan merga dhèwèké ahli ing bidang kuwi. 23  Bérékhia lan Èlkana dadi penjaga gerbang ing cedhaké Pethi kuwi. 24  Para imam yaiku Syébania, Yosyafat, Nétanèl, Amasai, Zakharia, Bénaya, lan Èlièzèr nyebul trompèt banter banget ing ngarepé Pethiné Gusti Allah sing bener.+ Obèd-édom lan Yéhia ya tugas dadi penjaga gerbang ing cedhaké Pethi kuwi. 25  Terus, Daud lan para pemimpin* Israèl uga para pemimpiné wong sèwu lunga njupuk pethi perjanjiané Yéhuwah saka omahé Obèd-édom+ karo seneng banget.+ 26  Merga Gusti Allah sing bener mbantu wong Lèwi sing nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah, wong-wong kuwi ngorbanké sapi lanang enom pitu lan domba lanang pitu.+ 27  Daud nganggo jubah tanpa lengen sing digawé saka kain sing alus. Kabèh wong Lèwi sing nggawa Pethi kuwi, para penyanyi, lan Khénania sing mimpin pengangkutan lan para penyanyi ya nganggo jubah kaya ngono. Daud ya nganggo éfod* saka linèn.+ 28  Kabèh wong Israèl nggawa pethi perjanjiané Yéhuwah karo seneng banget. Kabèh wong kuwi padha sorak-sorak+ lan ngunèkké trompèt,*+ trompèt liyané, simbal, karo mainké alat musik bersenar lan harpa,+ swarané banter banget. 29  Ning, wektu pethi perjanjiané Yéhuwah tekan ing Kutha Daud,+ Mikhal anaké wédok Saul+ ndelok saka jendhéla lan weruh Raja Daud lagi mlumpat-mlumpat lan ngrayakké kuwi. Terus, Mikhal mulai ngrèmèhké Daud ing njero atiné.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Alamot”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Syéminit”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.