1 Babad 16:1-43

  • Pethi didèlèhké ing kémah (1-6)

  • Nyanyian syukuré Daud (7-36)

    • ”Yéhuwah wis dadi Raja.” (31)

  • Pelayanan ing ngarepé Pethi (37-43)

16  Terus, Pethiné Gusti Allah sing bener digawa lan dilebokké ing kémah sing wis disedhiakké Daud.+ Bar kuwi, wong-wong kuwi mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan* ing ngarepé Gusti Allah sing bener.+  Sakwisé rampung mènèhké persembahan bakaran+ lan korban kerukunan,*+ Daud mberkahi bangsa kuwi nganggo jenengé Yéhuwah.  Bar kuwi, Daud mbagèkké roti bunder, kué kurma, lan kué kismis marang kabèh wong Israèl, yaiku marang saben wong lanang lan wong wédok.  Terus, dhèwèké nglantik sebagéan wong Lèwi kanggo nglayani ing ngarep Pethiné Yéhuwah,+ kanggo ngluhurké,* ngucap syukur, lan muji Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.  Asaf+ sing dadi pemimpiné, lan Zakharia dadi wong sing nomer loro sakwisé Asaf. Yéièl, Syémiramot, Yéhièl, Matitia, Èliab, Bénaya, Obèd-édom, lan Yéièl+ mainké alat musik bersenar lan harpa,+ Asaf sing mainké simbal,+  Imam Bénaya lan Imam Yahazièl ajeg nyebul trompèt ing ngarep pethi perjanjiané Gusti Allah sing bener.  Ing dina kuwi, Daud pertama kali nggawé nyanyian syukur kanggo Yéhuwah, sing dinyanyèkké Asaf+ lan sedulur-seduluré, sing isiné:  ”Ucapna syukur marang Yéhuwah,+ sebutna jenengé wektu ndonga,Critakna soal tumindaké marang bangsa-bangsa!+  Ayo nyanyi kanggo Dhèwèké, ayo nyanyi lagu pujian* kanggo Dhèwèké,+Pikirna* kabèh tumindaké sing luar biasa.+ 10  Kowé kudu muji jenengé sing suci.+ Muga-muga wong sing nggolèk tuntunané Yéhuwah dadi seneng atiné.+ 11  Golèka tuntunané Yéhuwah+ lan njaluka kekuwatané. Kowé kudu terus njaluk tulung marang Dhèwèké.*+ 12  Kowé kudu éling karo tumindaké sing luar biasa,+Karo mukjijaté lan hukuman sing wis tau ditindakké, 13  Hé kowé keturunané* Israèl abdiné Gusti Allah,+Hé kowé anak-anaké Yakub, wong-wong pilihané.+ 14  Dhèwèké kuwi Yéhuwah Gusti Allahé awaké dhéwé,+Dhèwèké ngadili kabèh wong ing bumi.+ 15  Gusti Allah ora lali karo perjanjiané,Dhèwèké éling karo janjiné nganti saklawasé,+ 16  Yaiku perjanjian sing wis digawé karo Abraham,+Lan sumpah sing wis diucapké marang Ishak.+ 17  Sumpah kuwi dadi jaminan kanggo Yakub+Lan dadi perjanjian kanggo Israèl nganti saklawasé. 18  Gusti Allah ngomong, ’Aku bakal mènèhké tanah Kanaan+Bèn dadi warisan kanggo kowé.’+ 19  Wektu Gusti Allah ngomong kuwi, jumlahmu isih sithik,Sithik banget, lan kowé isih dadi wong asing ing tanah kuwi.+ 20  Wong Israèl pindhah-pindhah ing negara sing béda-bédaLan ing kerajaan sing béda-béda.+ 21  Gusti Allah ora meneng waé wektu ana sing arep nindhes wong Israèl.+ Gusti Allah mènèhi préntah marang raja-raja kanggo nglindhungi umaté.+ 22  Dhèwèké ngomong, ’Wong-wong sing Tak lantik aja mbok apak-apakké,Lan nabi-nabi-Ku aja mbok jahati.’+ 23  Hé kabèh wong ing bumi, ayo nyanyi lagu kanggo Yéhuwah. Saben dina, umumna soal tumindaké wektu nylametké manungsa.+ 24  Critakna soal kemuliaané ing antarané bangsa-bangsaLan soal tumindaké sing luar biasa ing antarané kabèh suku bangsa. 25  Yéhuwah kuwi agung lan pantes dipuji. Dhèwèké luwih hébat timbang allah-allah liyané.+ 26  Kabèh allahé bangsa-bangsa ora ana gunané,+Ning Yéhuwah kuwi sing nggawé langit.+ 27  Dhèwèké mulya lan hébat.+ Panggonané sing suci kuwi apik banget, lan kekuwatané Gusti Allah ana ing kono.+ 28  Hé kowé suku-suku bangsa, luhurna Yéhuwah. Pujinen Yéhuwah merga kemuliaan lan kekuwatané.+ 29  Luhurna Yéhuwah merga jenengé.+ Kowé kudu nggawa hadiah lan mlebu ing ngarepé.+ Kowé kudu sujud marang* Yéhuwah nganggo klambi sing suci.+ 30  Hé kabèh wong ing bumi, kowé kudu wedi marang* Dhèwèké. Bumi tetep ana ing panggonané lan ora isa digoncangké.+ 31  Muga-muga langit lan bumi ngrasa seneng.+ Umumna ing antarané bangsa-bangsa, ’Yéhuwah wis dadi Raja.’+ 32  Muga-muga laut sak isiné padha sorak-sorak merga seneng. Muga-muga padhang rumput lan kabèh sing ana ing kono ngrasa seneng. 33  Muga-muga wit sing ana ing hutan ya sorak-sorak merga seneng ing ngarepé Yéhuwah,Merga Dhèwèké teka* kanggo ngadili bumi. 34  Ucapna syukur marang Yéhuwah merga Dhèwèké apikan.+ Katresnané* ana saklawasé.+ 35  Omonga, ’Oh Gusti Allah keslametanku,+ tulung slametna aku,Klumpukna lan slametna umat-Mu saka bangsa-bangsa,Bèn umat-Mu isa ngucap syukur kanggo jeneng-Mu sing suci+ Lan ngrasa seneng wektu muji Njenengan.+ 36  Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipujiNganti saklawasé.’”* Bangsa kuwi njawab, ”Amin!”* lan padha muji Yéhuwah. 37  Terus, Daud ninggalké Asaf+ lan sedulur-seduluré ing kono, yaiku ing ngarepé pethi perjanjiané Yéhuwah, supaya wong-wong kuwi isa ajeg nglayani ing ngarepé Pethi kuwi,+ sesuai karo jadwal kanggo saben dina.+ 38  Obèd-édom lan sedulur-seduluré sing jumlahé 68, Obèd-édom anaké Yédutun, lan Hosa dadi penjaga gerbang. 39  Imam Zadok+ lan para imam liyané padha nindakké tugas ing ngarep tabernakelé Yéhuwah, ing panggonan dhuwur* ing Gibéon,+ 40  bèn isa ajeg mènèhké persembahan bakaran marang Yéhuwah ing mézbah persembahan bakaran pas ésuk lan soré, lan bèn isa nindakké kabèh sing ditulis ing Hukumé Yéhuwah sing dipréntahké marang Israèl.+ 41  Bareng karo wong-wong kuwi, ana Héman, Yédutun,+ lan wong-wong sing dipilih kanggo ngucap syukur marang Yéhuwah,+ merga ”katresnané* ana saklawasé”.+ 42  Bareng karo wong-wong kuwi, Héman+ lan Yédutun ngunèkké trompèt, simbal, lan alat-alat musik kanggo muji* Gusti Allah sing bener. Anak-anaké lanang Yédutun+ tugas ing gerbang. 43  Terus, bangsa kuwi bali menyang omahé dhéwé-dhéwé, lan Daud lunga kanggo mberkahi keluargané dhéwé.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”ngéling-éling”.
Utawa ”ayo main musik”.
Utawa mungkin ”Critakna”.
Lit.: ”terus nggolèki wajahé”.
Lit.: ”benihé”.
Utawa ”nyembah”.
Utawa ”wis teka”.
Utawa ”Katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”Saka saklawasé nganti saklawasé”.
Utawa ”Dadia kaya ngono”.
Utawa ”katresnané sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”alat-alat musik sing ngiringi lagu kanggo”.