1 Babad 17:1-27

  • Daud ora bakal mbangun bait (1-6)

  • Perjanjian karo Daud (7-15)

  • Dongané Daud kanggo ngucap syukur (16-27)

17  Wektu wis manggon ing istanané dhéwé, Daud kandha marang Nabi Natan,+ ”Aku manggon ing istana sing digawé saka kayu aras,+ ning pethi perjanjiané Yéhuwah mung ana ing kémah.”+  Natan njawab, ”Tindakna apa waé sing dadi karepé njenengan, merga Gusti Allah sing bener ndhukung njenengan.”  Benginé, Gusti Allah ngandhani Natan,  ”Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah: ”Dudu kowé sing bakal mbangun omah sing bakal dadi panggonan-Ku.+  Aku ora tau manggon ing omah kèt Aku nggawa bangsa Israèl metu nganti dina iki. Ning, Aku terus lunga saka kémah siji menyang kémah liyané lan saka tabernakel siji menyang tabernakel liyané.*+  Saksuwéné Aku lunga bareng karo kabèh wong Israèl, apa Aku tau kandha, ’Ngapa kok kowé ora nggawèkké omah saka kayu aras kanggo Aku?’ Apa Aku tau kandha kaya ngono marang salah siji hakim Israèl sing Tak lantik dadi gembala kanggo umat-Ku?”’  ”Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Aku ngundang* kowé saka padhang rumput wektu kowé lagi nggiring ternak-ternakmu, terus kowé Tak dadèkké pemimpiné umat-Ku Israèl.+  Aku bakal ndhukung kowé ing endi waé kowé lunga.+ Aku bakal nyingkirké kabèh mungsuhmu saka ngarepmu.+ Aku bakal nggawé jenengmu terkenal kaya wong-wong sing terkenal ing donya.+  Aku bakal nyiapké panggonan kanggo umat-Ku Israèl. Wong-wong kuwi bakal manggon ing kono lan ora bakal diganggu. Wong jahat ya ora bakal nindhes manèh kaya mbiyèn+ 10  kèt Aku nglantik hakim-hakim kanggo umat-Ku Israèl.+ Aku ya bakal ngalahké kabèh mungsuhmu.+ Sakliyané kuwi, Aku kandha marang kowé, ’Yéhuwah bakal nggawé keluargamu dadi keturunané raja.’* 11  ”’”Pas kowé mati kaya nènèk moyangmu, Aku bakal ngangkat keturunanmu,* salah siji anakmu lanang,+ lan Aku ya bakal nggawé dhèwèké terus mréntah.+ 12  Dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo Aku,+ lan Aku bakal nggawé dhèwèké mréntah nganti saklawasé.+ 13  Aku bakal dadi Bapaké, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku.+ Aku ora bakal nyingkirké katresnan-Ku* saka dhèwèké,+ ora kaya Aku wis nyingkirké katresnan-Ku saka wong sing sakdurungé kowé.+ 14  Aku bakal nggawé dhèwèké ngadeg ing omah-Ku lan ing kerajaan-Ku saklawasé,+ lan takhtané bakal ana nganti saklawasé.”’”+ 15  Natan ngandhani Daud soal kabèh omongan lan wahyu kuwi. 16  Bar kuwi, Raja Daud mlebu lan lungguh ing ngarepé Yéhuwah terus kandha, ”Oh Gusti Allah Yéhuwah, aku iki sapa, ta? Sapa keluargaku iki, kok nganti Njenengan nindakké kabèh iki kanggo aku?+ 17  Malah ora mung kuwi, oh Gusti Allah, Njenengan ya wis ngomong nèk keturunané* abdi-Mu iki bakal terus ana nganti sukmbèn,+ lan Njenengan ya wis nganggep aku dadi wong sing pantes diluhurké,* oh Gusti Allah Yéhuwah. 18  Kanggo kehormatan sing wis tak tampa, apa manèh sing isa tak omongké marang Njenengan, merga Njenengan wis kenal tenan karo aku?+ 19  Oh Yéhuwah, Njenengan wis nindakké kabèh sing hébat iki lan nyingkapké kehébatané Njenengan kuwi kanggo abdi-Mu, lan kuwi sesuai karo karepé Njenengan.+ 20  Oh Yéhuwah, ora ana sing kaya Njenengan,+ lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Njenengan.+ Aku kabèh diyakinké saka apa sing padha tak rungokké. 21  Apa ana bangsa liyané ing bumi sing kaya Israèl, umat-Mu?+ Gusti Allah sing bener wis tumindak lan nebus wong-wong kuwi bèn dadi umaté+ lan nggawé jenengé dikenal liwat tumindaké sing hébat lan luar biasa.+ Gusti Allah ya ngusir bangsa-bangsa saka ngarepé umaté+ sing wis ditebus saka Mesir. 22  Njenengan nggawé bangsa Israèl dadi umat-Mu kanggo saklawasé,+ lan Njenengan, Yéhuwah, dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi.+ 23  Oh Yéhuwah, muga-muga janji soal abdiné Njenengan lan keturunané* kebukti isa dipercaya kanggo saklawasé, lan muga-muga Njenengan nindakké persis kaya sing wis Njenengan janjèkké.+ 24  Muga-muga jeneng-Mu terus ana* lan diluhurké+ nganti saklawasé, supaya wong-wong padha kandha, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, kuwi bener-bener Gusti Allahé bangsa Israèl,’ lan muga-muga keturunané* Daud abdi-Mu terus mréntah nganti saklawasé ing ngarepé Njenengan+ 25  merga Njenengan, Gusti Allahku, wis ngandhani abdi-Mu soal karepé Njenengan kanggo nggawé keluargaku dadi keturunané raja.* Kuwi sebabé abdi-Mu iki yakin kanggo ndonga kaya ngéné iki marang Njenengan. 26  Oh Yéhuwah, Njenengan kuwi Gusti Allah sing bener, lan Njenengan wis njanjèkké kabèh sing apik iki marang abdi-Mu. 27  Mula, muga-muga Njenengan gelem mberkahi keturunané* abdi-Mu, lan muga-muga keturunané abdi-Mu terus ana ing ngarepé Njenengan nganti saklawasé, merga Njenengan, Yéhuwah, wis mberkahi wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi diberkahi nganti saklawasé.

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé, ”saka lokasi kémah sing siji menyang lokasi liyané, lan saka panggonan sing siji menyang panggonan liyané”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Yéhuwah bakal nggawé omah kanggo kowé”.
Lit.: ”benihmu”.
Utawa ”katresnan-Ku sing langgeng”. Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”omahé”.
Utawa ”sing nduwé kedudukan dhuwur”.
Lit.: ”omahé”.
Utawa ”terus kebukti isa diendelké”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”nggawé omah kanggo aku”.
Lit.: ”omahé”.