1 Babad 2:1-55

  • Rolas anak lanangé Israèl (1, 2)

  • Keturunané Yéhuda (3-55)

2  Anak-anaké lanang Israèl+ yaiku Rubèn,+ Siméon,+ Lèwi,+ Yéhuda,+ Isakhar,+ Zébulon,+  Dan,+ Yusuf,+ Bènyamin,+ Naftali,+ Gad,+ lan Asyèr.+  Anak-anaké lanang Yéhuda yaiku Èr, Onan, lan Syéla. Telu-teluné kuwi dilairké anaké wédok Syua wong wédok Kanaan.+ Ning Yéhuwah ora seneng karo Èr, anak pertamané Yéhuda, mula Gusti Allah matèni dhèwèké.+  Tamar+ mantuné Yéhuda nglairké Pèrèz+ lan Zérah. Dadi, anaké lanang Yéhuda ana lima.  Anak-anaké lanang Pèrèz yaiku Hézron lan Hamul.+  Anak-anaké lanang Zérah yaiku Zimri, Étan, Héman, Kalkol, lan Dara. Kabèh ana lima.  Anaké lanang* Karmi yaiku Akhar.* Dhèwèké nyebabké Israèl+ kena bencana* lan tumindak ora setya merga nglanggar préntah soal barang-barang sing kudu dihancurké.+  Anaké lanang* Étan yaiku Azaria.  Anak-anaké lanang Hézron yaiku Yérahméèl,+ Ram,+ lan Khélubai.* 10  Ram kuwi bapaké Aminadab. Aminadab+ kuwi bapaké Nahsyon,+ pemimpiné keturunan Yéhuda. 11  Nahsyon kuwi bapaké Salma.+ Salma kuwi bapaké Boaz.+ 12  Boaz kuwi bapaké Obèd. Obèd kuwi bapaké Isai.+ 13  Isai nduwé anak-anak lanang. Sing pertama jenengé Èliab, sing keloro Abinadab,+ sing ketelu Syiméa,+ 14  sing kepapat Nétanèl, sing kelima Radai. 15  sing keenem Ozèm, lan sing kepitu Daud.+ 16  Anak-anaké wédok Isai yaiku Zéruya lan Abigail.+ Anak-anaké lanang Zéruya ana telu, yaiku Abisyai,+ Yoab,+ lan Asahèl.+ 17  Abigail nglairké Amasa,+ lan bapaké Amasa kuwi Yètèr keturunané Ismaèl. 18  Kalèb* anaké Hézron nduwé anak-anak lanang saka Azuba bojoné lan saka Yériot. Anak-anaké lanang yaiku Yèsyèr, Syobab, lan Ardon. 19  Sakwisé Azuba mati, Kalèb nikah karo Éfrat,+ terus Éfrat nglairké Hur.+ 20  Hur kuwi bapaké Uri. Uri kuwi bapaké Bézalèl.+ 21  Sakwisé kuwi, Hézron nikah karo anaké wédok Makhir+ bapaké Giléad.+ Dhèwèké nikah karo wong wédok kuwi wektu umuré 60 taun, lan wong wédok kuwi nglairké Ségub. 22  Ségub kuwi bapaké Yair,+ sing nduwé 23 kutha ing tanah Giléad.+ 23  Gésyur+ lan Siria+ ngrebut Hawot-yair+ saka wong-wong sing manggon ing kono, lan Kénat+ karo kutha-kutha ing sekitaré, kabèh 60 kutha. Kabèh wong kuwi keturunané Makhir bapaké Giléad. 24  Sakwisé Hézron+ mati ing Kalèb-éfrata, Abiya bojoné Hézron nglairké Ashur+ bapaké Tékoa.+ 25  Yérahméèl anak pertamané Hézron nduwé anak-anak lanang yaiku Ram anak pertama, Buna, Orèn, Ozèm, lan Ahiya. 26  Yérahméèl nduwé bojo liya sing jenengé Atara. Atara kuwi ibuné Onam. 27  Anak-anaké lanang Ram anak pertamané Yérahméèl yaiku Maaz, Yamin, lan Èkèr. 28  Anak-anaké lanang Onam yaiku Syamai lan Yada. Anak-anaké lanang Syamai yaiku Nadab lan Abisyur. 29  Bojoné Abisyur jenengé Abihail. Bar kuwi, Abihail nglairké anak jenengé Ahban lan Molid. 30  Anak-anaké lanang Nadab yaiku Sèlèd lan Apaim. Ning, Sèlèd mati tanpa nduwé anak. 31  Anaké lanang* Apaim yaiku Isyi. Anaké lanang* Isyi yaiku Syésyan, lan anaké lanang* Syésyan yaiku Ahlai. 32  Anak-anaké lanang Yada adhiné Syamai yaiku Yètèr lan Yonatan. Ning Yètèr mati tanpa nduwé anak. 33  Anak-anaké lanang Yonatan yaiku Pèlèth lan Zaza. Wong-wong kuwi keturunané Yérahméèl. 34  Syésyan ora nduwé anak lanang, nduwéné mung anak-anak wédok. Syésyan ya nduwé pembantu saka Mesir jenengé Yarha. 35  Syésyan mènèhké anaké wédok bèn dadi bojoné Yarha pembantuné, lan anaké wédok Syésyan nglairké Atai. 36  Atai kuwi bapaké Natan. Natan kuwi bapaké Zabad. 37  Zabad kuwi bapaké Éflal. Éflal kuwi bapaké Obèd. 38  Obèd kuwi bapaké Yéhu. Yéhu kuwi bapaké Azaria. 39  Azaria kuwi bapaké Hèlèz. Hèlèz kuwi bapaké Èléasa. 40  Èléasa kuwi bapaké Sismai. Sismai kuwi bapaké Syalum. 41  Syalum kuwi bapaké Yékamia. Yékamia kuwi bapaké Èlisyama. 42  Kalèb*+ kuwi adhiné Yérahméèl. Anak pertamané Kalèb yaiku Mésya. Mésya kuwi bapaké Zif. Marésyah bapaké Hébron ya nduwé anak-anak lanang. 43  Anak-anaké lanang Hébron yaiku Korah, Tapua, Rèkèm, lan Syéma. 44  Syéma kuwi bapaké Raham bapaké Yorkéam. Rèkèm kuwi bapaké Syamai. 45  Anaké lanang Syamai yaiku Maon. Maon kuwi bapaké Bèt-zur.+ 46  Gundhiké Kalèb sing jenengé Éfa nglairké Haran, Moza, lan Gazèz. Haran kuwi bapaké Gazèz. 47  Anak-anaké lanang Yahdai yaiku Règèm, Yotam, Gésyan, Pèlèt, Éfa, lan Syaaf. 48  Gundhiké Kalèb sing jenengé Maaka nglairké Syèbèr lan Tirhana. 49  Terus, dhèwèké nglairké Syaaf bapaké Madmana,+ Syéwa bapaké Makhbéna lan Gibéa.+ Anaké wédok Kalèb+ yaiku Akhsa.+ 50  Kuwi kabèh keturunané Kalèb. Anak-anaké lanang Hur+ anak pertamané Éfrata+ yaiku Syobal bapaké Kiriat-yéarim,+ 51  Salma bapaké Bètlehèm,+ lan Harèf bapaké Bèt-gadèr. 52  Syobal bapaké Kiriat-yéarim nduwé anak lanang yaiku Haroé. Syobal dadi nènèk moyangé sebagéan wong Ménuhot. 53  Keluarga-keluarga ing Kiriat-yéarim yaiku wong Itri,+ wong Puti, wong Syumati, lan wong Misrai. Wong-wong kuwi dadi nènèk moyangé wong Zora+ lan wong Èstaol.+ 54  Anak-anaké lanang Salma yaiku Bètlehèm,+ wong Nétofa, Atrot-bèt-yoab, sebagéan wong Manahat, lan wong Zor. 55  Keluarga-keluargané para penulis sing manggon ing Yabèz yaiku wong Tirat, wong Syiméat, lan wong Sukat. Wong-wong kuwi wong Kèni+ keturunané Hamat, nènèk moyangé keturunané Rékhab.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”kena masalah; dikucilké”.
Artiné ”Sing Nggawa Bencana; Sing Nyebabké Masalah”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Jeneng liyané yaiku Kalèb ing ay. 18, 19, 42.
Jeneng liyané yaiku Khélubai ing ay. 9.
Lit.: ”anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Jeneng liyané yaiku Khélubai ing ay. 9.