1 Babad 20:1-8

  • Raba direbut (1-3)

  • Para raksasané Filistin dipatèni (4-8)

20  Ing awal taun,* pas raja-raja padha maju perang, Yoab+ mimpin pertempuran lan nguwasani tanahé wong Ammon. Dhèwèké lunga lan ngepung Raba,+ ning Daud tetep ana ing Yérusalèm.+ Yoab nyerang Raba lan ngremuk kutha kuwi.+  Daud njupuk mahkota saka sirahé Malkam,* terus dienggo ing sirahé Daud. Boboté mahkota kuwi sak talènta* emas, lan mahkota kuwi dihiasi watu-watu sing berharga. Daud ya njupuk akèh banget jarahan saka kutha kuwi.+  Daud nawan wong-wong sing ana ing kana lan ngongkon wong-wong kuwi kerja+ nganggo graji watu, alat-alat wesi sing landhep, lan kapak. Kuwi sing ditindakké Daud marang kabèh kutha-kuthané wong Ammon. Akhiré, Daud lan kabèh prajurité bali menyang Yérusalèm.  Bar kuwi, ana perang manèh ing Gèzèr antarané wong Israèl lan wong Filistin. Wektu kuwi, Sibékai+ wong Husya matèni Sipai, yaiku keturunané Réfaim,+ lan wong Filistin dikalahké.  Terus ana perang manèh nglawan wong Filistin, lan Èlhanan anaké Yair matèni Lahmi seduluré Goliat+ wong Gat, sing gagang tombaké gedhéné sak kayu penggulung ing alat tenun.+  Ana perang manèh ing Gat.+ Ing kana, ana wong lanang sing gedhé banget,+ lan ing saben tangan lan sikilé drijiné ana 6, dadi kabèh drijiné jumlahé 24. Dhèwèké ya keturunané Réfaim.+  Dhèwèké terus-terusan ngécé+ wong Israèl. Mula, Yonatan anaké Syiméa,+ seduluré Daud, matèni dhèwèké.  Kuwi kabèh keturunané Réfaim+ ing Gat,+ lan wong-wong kuwi mati ing tangané Daud lan anak buahé.

Katrangan Tambahan

Maksudé, musim semi.
Mungkin patung déwané wong Ammon, kadhang disebut Molèkh utawa Milkom.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.