1 Babad 22:1-19

  • Persiapané Daud kanggo bait (1-5)

  • Naséhaté Daud marang Salomo (6-16)

  • Para pejabat dikongkon mbantu Salomo (17-19)

22  Terus Daud kandha, ”Iki omahé Yéhuwah Gusti Allah sing bener, lan iki mézbah persembahan bakaran kanggo Israèl.”+  Bar kuwi, Daud ngongkon penduduk asing sing manggon+ ing tanah Israèl bèn padha ngumpul, lan dhèwèké mènèhi tugas wong-wong kuwi dadi tukang motong watu. Wong-wong kuwi motong lan mbentuk watu-watu kanggo mbangun omahé Gusti Allah sing bener.+  Daud ya nyiapké wesi sing akèh banget kanggo paku-paku gerbang lan penjepit, lan tembaga sing akèh banget nganti ora isa ditimbang,+  lan kayu aras sing jumlahé nganti ora isa diétung, merga wong Sidon+ lan wong Tirus+ nggawa kayu aras+ akèh banget kanggo Daud.  Daud kandha, ”Salomo anakku isih enom lan kurang pengalaman,+ padahal omah sing dibangun kanggo Yéhuwah kuwi kuduné apik lan megah banget,+ bèn omah kuwi lan keindahané+ isa terkenal ing kabèh bangsa.+ Dadi, aku bakal nggawé persiapan kanggo dhèwèké.” Mula, Daud nyiapké bahan bangunan sing akèh banget sakdurungé dhèwèké mati.  Terus, Daud ngundang* Salomo anaké lan ngongkon dhèwèké mbangun omah kanggo Yéhuwah Gusti Allahé Israèl.  Daud kandha marang Salomo anaké, ”Sakjané, atiku péngin banget mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahku.+  Ning Yéhuwah kandha marang aku, ’Kowé wis matèni wong akèh, lan kowé ya wis bola-bali perang. Kowé ora bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku+ merga kowé wis matèni akèh wong ing bumi ing ngarep-Ku.  Kowé bakal nduwé anak lanang+ sing uripé ayem, lan Aku bakal nggawé dhèwèké bébas saka kabèh mungsuh ing sekitaré.+ Dhèwèké bakal dijenengi Salomo,*+ lan Aku bakal nggawé Israèl ayem tentrem ing jamané.+ 10  Dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku.+ Dhèwèké bakal dadi anak-Ku lanang, lan Aku bakal dadi Bapaké.+ Dhèwèké bakal mréntah nganti saklawasé ing Israèl.’+ 11  ”Anakku, muga-muga Yéhuwah ndhukung kowé, lan muga-muga kowé suksès mbangun omahé Yéhuwah Gusti Allahmu, kaya sing wis Dhèwèké omongké soal kowé.+ 12  Muga-muga Yéhuwah mènèhi kowé kawicaksanan lan pemahaman+ wektu Dhèwèké mènèhi kowé kuwasa kanggo mréntah Israèl, supaya kowé isa terus nindakké hukumé Yéhuwah Gusti Allahmu.+ 13  Kowé bakal suksès nèk kowé manut tenan karo peraturan+ lan hukum sing dipréntahké Yéhuwah liwat Musa kanggo wong Israèl.+ Kowé kudu kendel lan kuwat. Aja wedi.+ 14  Aku wis susah payah nyiapké kanggo omahé Yéhuwah 100.000 talènta* emas lan 1.000.000 talènta pérak, termasuk tembaga lan wesi sing akèh banget+ nganti ora isa ditimbang. Aku ya wis nyiapké kayu lan watu,+ ning kuwi isih kudu mbok tambahi manèh. 15  Ana akèh banget wong sing kerja karo kowé, yaiku tukang motong watu, tukang batu,+ tukang kayu, lan wong-wong liya sing ahli.+ 16  Ana akèh emas, pérak, tembaga, lan wesi nganti ora isa diétung.+ Mula, ndang cepeta mbangun. Muga-muga Yéhuwah ndhukung kowé.”+ 17  Terus, Daud ngongkon kabèh pejabat Israèl kanggo mbantu Salomo anaké. Daud kandha, 18  ”Yéhuwah Gusti Allahmu kan wis ndhukung kowé lan wis mbébaské kowé saka mungsuh ing sekitarmu, ta? Dhèwèké wis nyerahké penduduk tanah iki marang aku, lan tanah iki ya wis dikuwasani Yéhuwah lan umaté. 19  Mula, nduwéa tékad saktulusé atimu lan sepenuh jiwamu* kanggo nggolèki Yéhuwah Gusti Allahmu,+ lan ndang cepeta mbangun panggonan suciné Yéhuwah Gusti Allah sing bener,+ bèn pethi perjanjiané Yéhuwah lan peralatan suciné Gusti Allah sing bener+ digawa menyang omah sing dibangun kanggo jenengé Yéhuwah.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Saka kata Ibrani sing artiné ”Damai”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.