1 Babad 23:1-32

  • Daud ngatur wong Lèwi (1-32)

    • Harun lan anak-anaké lanang diwènèhi tugas khusus (13)

23  Wektu Daud wis saya tuwa lan arep mati, dhèwèké ndadèkké Salomo anaké dadi raja Israèl.+  Terus, Daud nglumpukké kabèh pejabat Israèl, para imam,+ lan wong Lèwi.+  Wong Lèwi sing umuré 30 taun munggah diétung siji-siji,+ lan jumlahé wong-wong kuwi ana 38.000.  Saka antarané wong-wong kuwi, ana 24.000 sing tugasé ngawasi gawéan ing omahé Yéhuwah, ana 6.000 sing dadi pemimpin lan hakim,+  ana 4.000 sing njaga gerbang,+ lan 4.000 sing muji+ Yéhuwah nganggo alat-alat musik. Daud tau kandha soal kuwi, ”Aku nggawé kuwi kanggo mènèhi pujian marang Gusti Allah.”  Terus, Daud ngatur* wong-wong kuwi ing kelompok-kelompok+ nurut anak-anaké Lèwi, yaiku Gèrsyon, Kohat, lan Mérari.+  Anak-anaké Gèrsyon, yaiku Ladan lan Syiméi.  Anak-anaké Ladan ana telu, yaiku Yéhièl sing dadi ketua, Zétam, lan Yoèl.+  Anak-anaké Syiméi ana telu, yaiku Syélomot, Hazièl, lan Haran. Wong-wong kuwi pemimpin keluarga pihak bapak kanggo Ladan. 10  Anak-anaké Syiméi yaiku Yahat, Zina, Yéus, lan Béria. Wong papat kuwi anak-anaké Syiméi. 11  Yahat sing dadi pemimpin, lan Zizah sing nomer loro. Ning, merga Yéus lan Béria ora nduwé akèh anak lanang, wong-wong kuwi diétung dadi sak keluarga pihak bapak sing tugasé padha. 12  Anak-anaké Kohat ana papat, yaiku Amram, Izhar,+ Hébron, lan Uzièl.+ 13  Anak-anaké Amram yaiku Harun+ lan Musa.+ Ning Harun lan anak-anaké dikhususké sakterusé+ kanggo nyucèkké Ruang Mahasuci, mènèhké korban ing ngarepé Yéhuwah, nglayani Gusti Allah, lan mberkahi wong-wong nganggo jenengé Gusti Allah.+ 14  Anak-anaké lanang Musa abdiné Gusti Allah sing bener dadi bagéan saka suku Lèwi. 15  Anak-anaké lanang Musa yaiku Gèrsyom+ lan Èlièzèr.+ 16  Saka anak-anaké lanang Gèrsyom, Syébuèl+ sing dadi pemimpin. 17  Saka keturunané Èlièzèr, Réhabia+ sing dadi pemimpin. Èlièzèr ora nduwé anak lanang liya, ning Réhabia anaké akèh. 18  Saka anak-anaké lanang Izhar,+ Syélomit+ sing dadi ketua. 19  Saka anak-anaké lanang Hébron, Yéria sing dadi pemimpin, Amaria sing nomer loro, Yahazièl sing nomer telu, lan Yékaméam+ sing nomer papat. 20  Saka anak-anaké lanang Uzièl,+ Mikha sing dadi pemimpin lan Issyia sing nomer loro. 21  Anak-anaké lanang Mérari yaiku Mahli lan Musyi.+ Anak-anaké lanang Mahli yaiku Èléazar lan Kis. 22  Èléazar mati tanpa nduwé anak lanang, mung nduwé anak wédok. Dadi anak-anaké lanang Kis, sepupuné* wong-wong wédok kuwi, ngepèk bojo wong-wong wédok kuwi. 23  Anak-anaké lanang Musyi ana telu yaiku Mahli, Èdèr, lan Yérémot. 24  Wong-wong kuwi kabèh anak-anaké lanang Lèwi sing didaftar sesuai karo keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi lan para pemimpiné. Wong-wong kuwi diétung lan disebutké jenengé kanggo nglayani ing omahé Yéhuwah. Wong-wong kuwi umuré 20 taun munggah. 25  Daud wis tau kandha, ”Yéhuwah Gusti Allahé Israèl wis nggawé umaté tentrem,+ lan Gusti Allah bakal manggon ing Yérusalèm saklawasé.+ 26  Sakliyané kuwi, wong Lèwi ora usah ngusung tabernakel manèh utawa peralatan apa waé sing digunakké kanggo ngibadah.”+ 27  Kaya préntahé Daud sing terakhir, wong Lèwi sing umuré 20 taun munggah ya diétung. 28  Tugasé wong-wong kuwi yaiku mbantu anak-anaké lanang Harun+ nglayani ing omahé Yéhuwah, ngawasi halaman-halaman,+ ruang-ruang makan, nyucèkké kabèh peralatan suci, lan gawéan-gawéan liyané sing dibutuhké kanggo nglayani ing omahé Gusti Allah sing bener. 29  Wong-wong kuwi ya mbantu ngurusi roti persembahan,*+ tepung alus kanggo persembahan biji-bijian, roti tipis tanpa ragi,+ roti sing digawé nganggo wajan datar, adonan campuran,+ lan kabèh takeran lan ukurané. 30  Saben ésuk+ lan bengi,+ wong-wong kuwi ngucap syukur lan muji Yéhuwah. 31  Wong-wong kuwi ya mbantu saben ana korban bakaran dipersembahké marang Yéhuwah pas dina Sabat,+ pas bulan anyar,+ lan saksuwéné musim perayaan,+ sesuai karo aturan sing ditentokké. Wong-wong kuwi ajeg nindakké kuwi ing ngarepé Yéhuwah. 32  Wong-wong kuwi ya nindakké tugasé ing kémah pertemuan lan ing panggonan suci. Wong-wong kuwi ya mbantu para seduluré, yaiku anak-anaké lanang Harun, ing omahé Yéhuwah.

Katrangan Tambahan

Utawa ”mbagi”.
Lit.: ”seduluré”.
Utawa ”roti susun”.