1 Babad 24:1-31

  • Daud mbagi para imam dadi 24 kelompok (1-19)

  • Tugasé wong Lèwi liyané (20-31)

24  Iki kelompok-kelompok keturunané Harun: Anak-anaké lanang Harun yaiku Nadab, Abihu,+ Èléazar, lan Itamar.+  Nadab lan Abihu mati luwih dhisik timbang bapaké,+ lan wong loro kuwi ora nduwé anak lanang, ning Èléazar+ lan Itamar terus nglayani dadi imam.  Daud, bareng karo Zadok+ saka kelompok anak-anaké lanang Èléazar, lan Ahimèlèkh saka kelompok anak-anaké lanang Itamar, nggawé kelompok-kelompok kanggo tugas pelayanané wong-wong kuwi.  Merga anak-anaké lanang Èléazar nduwé luwih akèh ketua timbang anak-anaké lanang Itamar, mula pembagiané yaiku pemimpin keluarga pihak bapak kanggo anak-anaké Èléazar 16 lan pemimpin keluarga pihak bapak kanggo anak-anaké Itamar 8.  Rong kelompok kuwi dibagi nganggo undhi.+ Saka anak-anaké lanang Èléazar lan anak-anaké lanang Itamar, ana pemimpin panggonan suci lan pemimpin sing nglayani Gusti Allah sing bener.  Terus, Syémaya anaké Nétanèl, sekretarisé wong Lèwi, nyathet jenengé wong-wong kuwi ing ngarepé Raja, para pejabat, Imam Zadok,+ Ahimèlèkh+ anaké Abiatar,+ lan para pemimpin keluarga pihak bapaké para imam lan wong Lèwi. Siji keluarga pihak bapak dipilih kanggo Èléazar lan siji kanggo Itamar.  Sing éntuk undhi ke-1 yaiku Yéhoyarib, sing ke-2 Yédaya,  sing ke-3 Harim, sing ke-4 Séorim,  sing ke-5 Malkhiya, sing ke-6 Miyamin, 10  sing ke-7 Hakoz, sing ke-8 Abiya,+ 11  sing ke-9 Yésyua, sing ke-10 Syékania, 12  sing ke-11 Èliasyib, sing ke-12 Yakim, 13  sing ke-13 Hupa, sing ke-14 Yésyébéab, 14  sing ke-15 Bilga, sing ke-16 Imèr, 15  sing ke-17 Hézir, sing ke-18 Hapizèz, 16  sing ke-19 Pétahia, sing ke-20 Yèhèzkèl, 17  sing ke-21 Yakhin, sing ke-22 Gamul, 18  sing ke-23 Délaya, sing ke-24 Maazia. 19  Kuwi mau tugas pelayanané wong-wong kuwi+ wektu mlebu ing omahé Yéhuwah, cocog karo sing ditetepké Harun, nènèk moyangé wong-wong kuwi, persis kaya sing dipréntahké Yéhuwah Allahé Israèl marang dhèwèké. 20  Keturunané Lèwi sing liyané yaiku: Saka keturunané Amram,+ ana Syubaèl,+ saka keturunané Syubaèl, ana Yèhdéya, 21  saka keturunané Réhabia,+ ana Issyia sing dadi pemimpin, 22  saka keturunané Izhar, ana Syélomot,+ saka keturunané Syélomot, ana Yahat, 23  saka keturunané Hébron, ana Yéria+ sing dadi pemimpin, Amaria sing nomer loro, Yahazièl sing nomer telu, lan Yékaméam sing nomer papat, 24  saka keturunané Uzièl, ana Mikha, saka keturunané Mikha, ana Syamir. 25  Adhiné lanang Mikha yaiku Issyia, saka keturunané Issyia, ana Zakharia. 26  Anak-anaké lanang Mérari+ yaiku Mahli lan Musyi, saka anak-anaké lanang Yaazia ana Béno. 27  Saka keturunané Mérari, yaiku saka Yaazia ana Béno, Syoham, Zakur, lan Ibri, 28  saka Mahli ana Èléazar, sing ora nduwé anak lanang,+ 29  saka anak-anaké lanang Kis, ana Yérahméèl; 30  lan anak-anaké lanang Musyi yaiku Mahli, Èdèr, lan Yérimot. Wong-wong kuwi keturunané Lèwi nurut keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. 31  Wong-wong kuwi ya nguncalké undhi,+ padha kaya sing ditindakké seduluré wong-wong kuwi, yaiku anak-anaké Harun, ing ngarepé Raja Daud, Zadok, Ahimèlèkh, lan para pemimpin keluarga pihak bapaké para imam lan wong Lèwi. Ing keluarga-keluarga pihak bapak, apa sing ditindakké marang para pemimpin padha karo apa sing ditindakké marang sing luwih enom.

Katrangan Tambahan