1 Babad 25:1-31

  • Para pemusik lan penyanyi ing omahé Gusti Allah (1-31)

25  Terus, Daud lan para pemimpin kelompok pelayanan misahké sebagéan anak-anaké lanang Asaf, Héman, lan Yédutun+ kanggo ngramal karo diiringi harpa, alat musik sing nganggo senar,+ lan simbal.+ Wong-wong sing ditugaské kanggo pelayanan iki yaiku:  saka anak-anaké lanang Asaf: Zakur, Yusuf, Nétania, lan Asyaréla. Wong-wong kuwi anak-anaké lanang Asaf sing dipimpin Asaf, yaiku wong sing ngramal manut pengaturan sing digawé Raja.  Saka anak-anaké lanang Yédutun,+ ana enem: Gédalia, Zéri, Yésyaya, Syiméi, Hasyabia, lan Matitia.+ Wong-wong kuwi dipimpin Yédutun bapaké sing ngramal karo diiringi harpa. Dhèwèké ya ngucap syukur lan muji Yéhuwah.+  Saka anak-anaké lanang Héman:+ Bukia, Matania, Uzièl, Syébuèl, Yérimot, Hanania, Hanani, Èliata, Gidalti, Romamti-èzèr, Yosbékasya, Maloti, Hotir, lan Mahaziot.  Kabèh wong kuwi anak-anaké lanang Héman, wong sing nyampèkké marang Raja wahyu sing isiné pesen saka Gusti Allah sing bener kanggo ngluhurké Gusti Allah.* Gusti Allah sing bener mènèhi Héman anak lanang 14 lan anak wédok 3.  Kabèh wong kuwi dipimpin bapaké wektu nyanyi ing omahé Yéhuwah nganggo simbal, alat musik sing nganggo senar, lan harpa+ kanggo pelayanan ing omahé Gusti Allah sing bener. Sing dipimpin Raja yaiku Asaf, Yédutun, lan Héman.  Jumlahé wong-wong kuwi lan sedulur-seduluré sing wis terlatih nyanyi kanggo Yéhuwah ana 288.  Wong-wong kuwi nguncalké undhi+ kanggo tugas-tugasé, yaiku wong sing cilik lan sing gedhé, sing terlatih lan sing lagi sinau.  Sing éntuk undhi ke-1 yaiku Yusuf+ anaké Asaf, sing ke-2 yaiku Gédalia,+ sedulur-seduluré, lan anak-anaké lanang, cacahé 12, 10  sing ke-3 yaiku Zakur,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 11  sing ke-4 yaiku Izri, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 12  sing ke-5 yaiku Nétania,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 13  sing ke-6 yaiku Bukia, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 14  sing ke-7 yaiku Yésyaréla, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 15  sing ke-8 yaiku Yésyaya, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 16  sing ke-9 yaiku Matania, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 17  sing ke-10 yaiku Syiméi, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 18  sing ke-11 yaiku Azarèl, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 19  sing ke-12 yaiku Hasyabia, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 20  sing ke-13 yaiku Syubaèl,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 21  sing ke-14 yaiku Matitia, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 22  sing ke-15 yaiku Yérémot, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 23  sing ke-16 yaiku Hanania, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 24  sing ke-17 yaiku Yosbékasya, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 25  sing ke-18 yaiku Hanani, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 26  sing ke-19 yaiku Maloti, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 27  sing ke-20 yaiku Èliata, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 28  sing ke-21 yaiku Hotir, anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 29  sing ke-22 yaiku Gidalti,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 30  sing ke-23 yaiku Mahaziot,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12, 31  sing ke-24 yaiku Romamti-èzèr,+ anak-anaké lanang, lan sedulur-seduluré, cacahé 12.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”kanggo ngunggulké sunguné”. Deloken ”Sungu” ing Daftar Istilah.