1 Babad 28:1-21

  • Ceramahé Daud soal pembangunan bait (1-8)

  • Petunjuk kanggo Salomo; rancangan bait diwènèhké (9-21)

28  Daud nglumpukké kabèh pejabat Israèl menyang Yérusalèm yaiku para kepala suku, para pemimpin kelompok+ sing nglayani Raja, para pemimpiné wong sèwu lan para pemimpiné wong satus,+ para pemimpin sing ngurusi harta lan ternak duwèké Raja+ lan anak-anaké,+ termasuk para pejabat istana lan kabèh wong sing hébat lan isa diendelké.+  Terus, Raja Daud ngadeg lan kandha, ”Sedulur-sedulurku lan bangsaku, rungokna aku. Atiku kepéngin banget mbangun omah kanggo dadi panggonané pethi perjanjiané Yéhuwah lan kanggo dadi ancik-anciké sikilé Gusti Allah kita,+ lan aku ya wis nggawé persiapan kanggo mbangun kuwi.+  Ning Gusti Allah sing bener kandha marang aku, ’Kowé ora bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ merga kowé kuwi prajurit lan kowé wis matèni akèh wong.’+  Senajan ngono, saka kabèh keluargané bapakku, Yéhuwah Gusti Allahé Israèl milih aku dadi raja Israèl saklawasé.+ Gusti Allah milih Yéhuda kanggo dadi pemimpin,+ lan saka keturunané Yéhuda, Gusti Allah milih keluargané bapakku.+ Terus, saka antarané anak-anaké lanang bapakku, aku sing dipilih dadi raja kanggo mréntah Israèl.+  Yéhuwah mènèhi aku akèh anak lanang,+ lan saka antarané anak-anakku lanang, Dhèwèké milih Salomo anakku+ kanggo lungguh ing takhta kerajaané Yéhuwah lan mréntah Israèl.+  ”Gusti Allah kandha marang aku, ’Salomo anakmu lanang kuwi sing bakal mbangun omah-Ku lan halaman-Ku, merga Aku wis milih dhèwèké dadi anak-Ku lanang, lan Aku bakal dadi Bapaké.+  Aku bakal nggawé kerajaané kukuh nganti saklawasé+ nèk dhèwèké tenanan nindakké préntah lan hukum-Ku,+ kaya sing saiki dhèwèké tindakké.’  Mula saiki, aku kandha ing ngarepé kabèh wong Israèl, jemaaté Yéhuwah, karo dirungokké Gusti Allah kita: Kabèh préntahé Yéhuwah Gusti Allahmu kudu mbok pahami, lan kowé kudu manut préntah kuwi supaya kowé isa tetep manggon ing tanah sing apik iki+ lan mènèhké kuwi dadi warisan marang anak-anakmu lanang kanggo sakterusé.  ”Kowé, Salomo anakku, kowé kudu kenal karo Gusti Allah sing disembah bapakmu lan kudu seneng+ wektu nglayani Dhèwèké saktulusé atimu,+ merga Yéhuwah mriksa kabèh niat lan pikiran.+ Nèk kowé nggolèki Dhèwèké, Dhèwèké bakal mbok temokké.*+ Ning nèk kowé ninggalké Dhèwèké, Dhèwèké ya bakal nolak kowé saklawasé.+ 10  Yéhuwah wis milih kowé kanggo mbangun omah sing dadi panggonan suciné. Mula gatèkna tenanan. Kowé kudu kendel lan mulai kerja.” 11  Terus, Daud mènèhi Salomo anaké rancangan+ kanggo serambi+ lan ruangan-ruangané, termasuk gudhang-gudhang, ruangan-ruangan atap, kamar-kamar njero, lan omah kanggo tutup pendamaian.*+ 12  Kabèh rancangan sing disampèkké marang Daud liwat kuwasané Gusti Allah, ya diwènèhké, yaiku rancangan kanggo halaman omahé Yéhuwah,+ kabèh ruang makan ing sak ubengé, panggonan nyimpen harta ing omahé Gusti Allah sing bener, lan panggonan nyimpen barang-barang sing disucèkké.*+ 13  Daud ya mènèhi petunjuk soal kelompok-kelompok imam+ lan wong Lèwi, soal kabèh tugas pelayanan ing omahé Yéhuwah, lan soal kabèh peralatan sing digunakké kanggo ngibadah ing omahé Yéhuwah. 14  Daud ya nyebutké soal boboté emas, yaiku emas kanggo kabèh peralatan sing digunakké kanggo macem-macem keperluan ngibadah, lan boboté kabèh peralatan pérak sing digunakké kanggo macem-macem keperluan ngibadah. 15  Daud ya nyebutké soal boboté wadhah-wadhah lampu saka emas+ lan lampu-lampu saka emas, lan boboté wadhah-wadhah lampu saka pérak lan lampu-lampu saka pérak, sesuai karo gunané wadhah-wadhah lampu kuwi. 16  Daud ya nyebutké soal boboté emas kanggo saben méja roti persembahan,*+ lan boboté pérak kanggo méja saka pérak. 17  Daud ya nyebutké soal boboté garpu-garpu, mangkok-mangkok, kendhi saka emas murni, boboté saben mangkok cilik saka emas,+ lan boboté saben mangkok cilik saka pérak. 18  Daud ya ngandhani soal boboté emas sing wis digawé murni kanggo mézbah dupa+ lan kanggo lambang krétané Gusti Allah,+ yaiku kerub-kerub saka emas sing ngegarké sayapé lan sing bayangané nutupi pethi perjanjiané Yéhuwah.+ 19  Daud kandha, ”Tangané Yéhuwah nuntun aku, lan Gusti Allah mènèhi aku pemahaman kanggo nulis kabèh rincian+ saka rancangan kuwi.”+ 20  Terus, Daud kandha marang Salomo anaké, ”Kowé kudu kendel lan kuwat lan ndang cepet mbangun. Aja wedi merga Gusti Allah Yéhuwah, Gusti Allahku, ndhukung kowé.+ Dhèwèké mesthi bakal mbantu kowé lan ora bakal ninggalké kowé.+ Dhèwèké bakal nglindhungi kowé nganti kabèh gawéan kanggo omahé Yéhuwah rampung. 21  Iki kelompok-kelompoké imam+ lan wong Lèwi+ sing nglayani ing omahé Gusti Allah sing bener. Kowé nduwé akèh wong sing réla lan ahli ing gawéan apa waé.+ Kowé ya nduwé pejabat+ lan rakyat sing bakal manut préntahmu.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”Dhèwèké bakal ngejarké kowé nemokké Dhèwèké”.
Utawa ”omah pendamaian”.
Utawa ”sing dikhususké kanggo Gusti Allah”.
Utawa ”roti susun”.