1 Babad 4:1-43

  • Keturunané Yéhuda sing liyané (1-23)

    • Yabèz lan dongané (9, 10)

  • Keturunané Siméon (24-43)

4  Anak-anaké lanang Yéhuda yaiku Pèrèz,+ Hézron,+ Karmi, Hur,+ lan Syobal.+  Réaya anaké lanang Syobal kuwi bapaké Yahat. Yahat kuwi bapaké Ahumai lan Lahad. Kuwi keluarga-keluargané wong Zora.+  Anak-anaké lanang bapaké* Étam+ yaiku Yizréèl, Isma, lan Idbas (lan seduluré wédok wong-wong kuwi yaiku Hazèlèlponi),  lan Pénuèl kuwi bapaké Gédor, lan Èzèr kuwi bapaké Husya. Wong-wong kuwi anak-anaké lanang Hur,+ anak pertamané Éfrata lan bapaké Bètlehèm.+  Ashur+ bapaké Tékoa+ nduwé bojo loro, yaiku Héla lan Naara.  Naara nglairké Ahuzam, Hèfèr, Tèmèni, lan Haahastari kanggo Ashur. Kuwi anak-anaké lanang Naara.  Anak-anaké lanang Héla yaiku Zèrèt, Izhar, lan Étnan.  Koz kuwi bapaké Anub, Zobéba, lan keluarga-keluargané Aharhèl anaké lanang Harum.  Yabèz kuwi luwih diajèni timbang sedulur-seduluré. Ibuné njenengi dhèwèké Yabèz* merga kandhané, ”Aku kelaran banget wektu nglairké dhèwèké.” 10  Yabèz ndonga marang Gusti Allahé Israèl, ”Muga-muga Njenengan mberkahi aku lan njembarké dhaérahku, lan muga-muga tangan-Mu ndhukung lan njaga aku saka bencana, supaya aku ora cilaka!” Mula, Gusti Allah nuruti apa sing dijaluk Yabèz. 11  Khélub seduluré Syuha kuwi bapaké Méhir. Méhir kuwi bapaké Èston, 12  Èston kuwi bapaké Bèt-rafa, Paséah, lan Téhina bapaké Ir-nahas. Kabèh wong kuwi wong Réka. 13  Anak-anaké lanang Kénaz yaiku Otnièl+ lan Séraya, lan anaké lanang* Otnièl yaiku Hatat. 14  Méonotai kuwi bapaké Ofra. Séraya kuwi bapaké Yoab nènèk moyangé penduduk Gé-harasyim,* merga penduduk ing kono kuwi pengrajin. 15  Anak-anaké lanang Kalèb+ anaké Yéfuné yaiku Iru, Èlah, lan Naam. Anaké lanang* Èlah yaiku Kénaz. 16  Anak-anaké lanang Yéhalélèl yaiku Zif, Zifa, Tiria, lan Asarèl. 17  Anak-anaké lanang Ézrah yaiku Yètèr, Mèrèd, Èfèr, lan Yalon. Wong wédok* kuwi meteng lan nglairké Miriam, Syamai, lan Isbah bapaké Èstémoa. 18  (Bojoné Mèrèd sing wong Yahudi nglairké Yèrèd bapaké Gédor, Hèbèr bapaké Soko, lan Yékutièl bapaké Zanoa.) Kuwi anak-anaké lanang Bitia, anaké wédok Firaun, sing nikah karo Mèrèd. 19  Bojoné Hodia kuwi seduluré wédok Naham. Anak-anaké lanang Hodia kuwi bapak-bapaké Kéila wong Garmi lan Èstémoa wong Maakat. 20  Anak-anaké lanang Syimon yaiku Amnon, Rina, Bèn-hanan, lan Tilon. Anak-anaké lanang Isyi yaiku Zohèt lan Bèn-zohèt. 21  Keturunané Syéla+ anaké lanang Yéhuda yaiku Èr bapaké Léka, Laada bapaké Marésyah, lan keluarga-keluarga sing nggawé kain alus saka keturunané* Asbéa, 22  lan Yokim wong Kozéba, Yoas, Saraf, sing dadi bojoné wong-wong wédok Moab, lan Yasyubi-lèhèm. Cathetan iki wis ana kèt jaman mbiyèn. 23  Wong-wong kuwi pengrajin tanah liat sing manggon ing Nétaim lan Gédéra. Wong-wong kuwi manggon ing kana lan kerja kanggo raja. 24  Anak-anaké lanang Siméon+ yaiku Némuèl, Yamin, Yarib, Zérah, lan Syaul.+ 25  Anaké lanang Syaul yaiku Syalum. Anaké lanang Syalum yaiku Mibsam. Anaké lanang Mibsam yaiku Misma. 26  Anaké lanang Misma yaiku Hamuèl. Anaké lanang Hamuèl yaiku Zakur. Anaké lanang Zakur yaiku Syiméi. 27  Syiméi nduwé anak lanang 16 lan anak wédok 6, ning sedulur-seduluré ora nduwé akèh anak lanang, lan ora ana wong saka keluargané sing nduwé anak akèhé kaya wong Yéhuda.+ 28  Wong-wong kuwi manggon ing Béèr-syéba,+ Molada,+ lan Hazar-syual,+ 29  Bilha, Èzèm,+ Tolad, 30  Bètuèl,+ Horma,+ Ziklag,+ 31  Bèt-markabot, Hazar-susim,+ Bèt-biri, lan Syaaraim. Kuwi kutha-kuthané wong-wong kuwi nganti Daud mréntah. 32  Wong-wong kuwi manggon ing limang kutha yaiku Étam, Ain, Rimon, Tokhèn, Asyan,+ 33  lan ing désa-désa sing ana ing sekitaré kutha-kutha kuwi nganti tekan Baal. Kuwi daftar silsilah lan panggonané wong-wong kuwi. 34  Iki pemimpin ing keluargané wong-wong kuwi: Mésyobab, Yamlèkh, Yosya anaké Amazia, 35  Yoèl, Yéhu anaké Yosyibia anaké Séraya anaké Asièl, 36  Èlioénai, Yaakoba, Yésyohaya, Asaya, Adièl, Yésimièl, Bénaya, 37  lan Ziza anaké Syifi anaké Alon anaké Yédaya anaké Syimri anaké Syémaya. 38  Kuwi kabèh pemimpin ing keluargané wong-wong kuwi. Keluargané nènèk moyangé jumlahé saya akèh. 39  Wong-wong kuwi lunga menyang dalan mlebu ing Gédor, ing sisih wétané lembah, kanggo nggolèk padhang rumput kanggo ternaké. 40  Wong-wong kuwi akhiré nemokké padhang rumput sing subur lan apik ing negara sing amba, tenang, lan ora ana gangguan. Wong-wong sing mbiyèn manggon ing kono kuwi keturunané Ham.+ 41  Wong-wong sing jenengé ditulis kuwi teka pas jamané Hizkia+ raja Yéhuda, lan ngremuk kémah-kémahé keturunané Ham lan wong Méunim sing ana ing kana. Kabèh dipatèni lan nganti saiki ora ana sisané. Wong-wong kuwi manggon ing kana merga ana padhang rumput kanggo ternaké. 42  Sebagéan wong Siméon sing cacahé 500 wong, lunga menyang Gunung Séir.+ Wong-wong kuwi dipimpin anak-anaké lanang Isyi yaiku Pèlatia, Néaria, Réfaya, lan Uzièl. 43  Terus, wong-wong kuwi matèni wong Amalèk+ sing isih urip lan manggon ing kono nganti saiki.

Katrangan Tambahan

Ing bab 4 iki, ana jeneng-jeneng sing maksudé kuwi jeneng panggonan, dudu jeneng wong. Dadi, kata ”bapaké” mungkin artiné ”sing ngedegké”.
Jeneng Yabèz mungkin ana hubungané karo kata Ibrani sing artiné ”rasa lara”.
Lit.: ”anak-anaké lanang”.
Artiné ”Lembah Para Pengrajin”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Mungkin maksudé Bitia ing ay. 18.
Lit.: ”omahé”.