1 Babad 6:1-81

  • Keturunané Lèwi (1-30)

  • Para penyanyi bait (31-47)

  • Keturunané Harun (48-53)

  • Panggonané wong Lèwi (54-81)

6  Anak-anaké lanang Lèwi+ yaiku Gèrsyon, Kohat,+ lan Mérari.+  Anak-anaké lanang Kohat yaiku Amram, Izhar,+ Hébron, lan Uzièl.+  Anak-anaké* Amram+ yaiku Harun,+ Musa,+ lan Miriam.+ Anak-anaké lanang Harun yaiku Nadab, Abihu,+ Èléazar,+ lan Itamar.+  Èléazar kuwi bapaké Pinéhas,+ Pinéhas kuwi bapaké Abisyua.  Abisyua kuwi bapaké Buki, Buki kuwi bapaké Uzi.  Uzi kuwi bapaké Zérahia, Zérahia kuwi bapaké Mérayot.  Mérayot kuwi bapaké Amaria, Amaria kuwi bapaké Ahitub.+  Ahitub kuwi bapaké Zadok,+ Zadok kuwi bapaké Ahimaaz.+  Ahimaaz kuwi bapaké Azaria, Azaria kuwi bapaké Yohanan. 10  Yohanan kuwi bapaké Azaria. Dhèwèké nglayani dadi imam ing omah sing dibangun Salomo ing Yérusalèm. 11  Azaria kuwi bapaké Amaria, Amaria kuwi bapaké Ahitub. 12  Ahitub kuwi bapaké Zadok,+ Zadok kuwi bapaké Syalum. 13  Syalum kuwi bapaké Hilkia,+ Hilkia kuwi bapaké Azaria. 14  Azaria kuwi bapaké Séraya,+ Séraya kuwi bapaké Yéhozadak.+ 15  Yéhozadak digawa menyang penawanan pas Yéhuwah nawan Yéhuda lan Yérusalèm liwat Nébukhadnézar. 16  Anak-anaké lanang Lèwi yaiku Gèrsyom,* Kohat, lan Mérari. 17  Jenengé anak-anaké lanang Gèrsyom yaiku Libni lan Syiméi.+ 18  Anak-anaké lanang Kohat yaiku Amram, Izhar, Hébron, lan Uzièl.+ 19  Anak-anaké lanang Mérari yaiku Mahli lan Musyi. Iki keluarga-keluargané wong Lèwi saka nènèk moyangé wong-wong kuwi:+ 20  Saka Gèrsyom:+ Anaké Gèrsyom yaiku Libni, anaké Libni yaiku Yahat, anaké Yahat yaiku Zima, 21  anaké Zima yaiku Yoah, anaké Yoah yaiku Ido, anaké Ido yaiku Zérah, lan anaké Zérah yaiku Yéatérai. 22  Anaké lanang* Kohat yaiku Aminadab, anaké Aminadab yaiku Korah,+ anaké Korah yaiku Asir, 23  anaké Asir yaiku Èlkana, anaké Èlkana yaiku Èbiasaf,+ anaké Èbiasaf yaiku Asir, 24  anaké Asir yaiku Tahat, anaké Tahat yaiku Urièl, anaké Urièl yaiku Uzzia, lan anaké Uzzia yaiku Syaul. 25  Anak-anaké lanang Èlkana yaiku Amasai lan Ahimot. 26  Saka Èlkana liyané: Anaké Èlkana yaiku Zofai, anaké Zofai yaiku Nahat, 27  anaké Nahat yaiku Èliab, anaké Èliab yaiku Yéroham, anaké Yéroham yaiku Èlkana.+ 28  Anak-anaké lanang Samuèl+ yaiku Yoèl anak pertama lan Abiya sing nomer loro.+ 29  Anaké lanang* Mérari yaiku Mahli,+ anaké Mahli yaiku Libni, anaké Libni yaiku Syiméi, anaké Syiméi yaiku Uzah, 30  anaké Uzah yaiku Syiméa, anaké Syiméa yaiku Hagia, lan anaké Hagia yaiku Asaya. 31  Iki wong-wong sing dipilih Daud kanggo mimpin nyanyian ing omahé Yéhuwah sakwisé Pethi didèlèhké ing kana.+ 32  Wong-wong kuwi nduwé tugas dadi penyanyi ing tabernakel, yaiku kémah pertemuan, nganti Salomo mbangun omahé Yéhuwah ing Yérusalèm.+ Wong-wong kuwi nindakké tugasé.+ 33  Iki wong-wong sing nindakké tugas bareng karo anak-anaké lanang wong-wong kuwi: Saka keturunané Kohat: Héman+ sing dadi penyanyi, anaké Yoèl+ anaké Samuèl 34  anaké Èlkana+ anaké Yéroham anaké Èlièl anaké Toah 35  anaké Zuf anaké Èlkana anaké Mahat anaké Amasai 36  anaké Èlkana anaké Yoèl anaké Azaria anaké Zéfanya 37  anaké Tahat anaké Asir anaké Èbiasaf anaké Korah 38  anaké Izhar anaké Kohat anaké Lèwi anaké Israèl. 39  Asaf+ seduluré tugas ing sisih tengené. Asaf kuwi anaké Bérékhia anaké Syiméa 40  anaké Mikhaèl anaké Baaséya anaké Malkhiya 41  anaké Ètni anaké Zérah anaké Adaya 42  anaké Étan anaké Zima anaké Syiméi 43  anaké Yahat anaké Gèrsyom anaké Lèwi. 44  Keturunané Mérari,+ sedulur-seduluré wong-wong kuwi, tugas ing sisih kiwané. Ana Étan+ anaké Kisyi anaké Abdi anaké Malukh 45  anaké Hasyabia anaké Amazia anaké Hilkia 46  anaké Amzi anaké Bani anaké Syèmèr 47  anaké Mahli anaké Musyi anaké Mérari anaké Lèwi. 48  Wong Lèwi, yaiku sedulur-seduluré wong-wong kuwi, wis ditunjuk* kanggo nindakké kabèh tugas ing tabernakel, ing omahé Gusti Allah sing bener.+ 49  Harun lan anak-anaké+ lanang nggawé asap korban ing mézbah persembahan bakaran+ lan ing mézbah dupa.+ Harun lan anak-anaké lanang ya nindakké tugas sing ana hubungané karo perkara-perkara sing mahasuci. Kuwi kabèh ditindakké bèn dosané Israèl isa diapura,+ lan kuwi sesuai karo kabèh sing wis dipréntahké Musa abdiné Gusti Allah sing bener. 50  Iki keturunané Harun:+ Anaké Harun yaiku Èléazar,+ anaké Èléazar yaiku Pinéhas, anaké Pinéhas yaiku Abisyua, 51  anaké Abisyua yaiku Buki, anaké Buki yaiku Uzi, anaké Uzi yaiku Zérahia, 52  anaké Zérahia yaiku Mérayot, anaké Mérayot yaiku Amaria, anaké Amaria yaiku Ahitub,+ 53  anaké Ahitub yaiku Zadok,+ lan anaké Zadok yaiku Ahimaaz. 54  Iki panggonan lan perkémahané wong Lèwi* ing dhaérahé wong-wong kuwi. Sing éntuk undhi sing pertama yaiku keluarga Kohat keturunané Harun. Dhaérah kanggo keluarga Kohat keturunané Harun 55  yaiku Hébron+ ing tanah Yéhuda, termasuk padhang rumput sing ana ing sak ubengé. 56  Ning, tanah ing kutha kuwi lan désa-désané diwènèhké marang Kalèb+ anaké Yéfuné. 57  Keturunané Harun diwènèhi kutha-kutha* perlindungan,+ Hébron,+ Libna+ karo padhang rumputé, Yatir,+ Èstémoa karo padhang rumputé,+ 58  Hilèn karo padhang rumputé, Débir+ karo padhang rumputé, 59  Asyan+ karo padhang rumputé, lan Bèt-syèmès+ karo padhang rumputé. 60  Suku Bènyamin mènèhi wong-wong kuwi Géba+ karo padhang rumputé, Alèmèt karo padhang rumputé, lan Anatot+ karo padhang rumputé. Kabèh kutha kanggo keluargané wong-wong kuwi ana 13.+ 61  Keturunané Kohat sing liyané éntuk sepuluh kutha* saka keluargané suku kuwi lan saka setengahé suku liyané, yaiku setengahé suku Manasyé.+ 62  Keluarga-keluarga keturunané Gèrsyom éntuk 13 kutha saka suku Isakhar, suku Asyèr, suku Naftali, lan suku Manasyé ing Basyan.+ 63  Sakwisé diundhi, keluarga-keluarga keturunané Mérari éntuk 12 kutha saka suku Rubèn, suku Gad, lan suku Zébulon.+ 64  Ya ngono kuwi wong Israèl mènèhi wong Lèwi kutha-kutha karo padhang rumputé.+ 65  Sakliyané kuwi, kutha-kutha saka suku Yéhuda, suku Siméon, lan suku Bènyamin sing wis disebutké jenengé iki, ya diwènèhké marang wong Lèwi nganggo cara diundhi. 66  Ana keluarga-keluarga keturunan Kohat sing éntuk kutha-kutha saka suku Éfraim kanggo dadi dhaérahé.+ 67  Wong-wong kuwi diwènèhi kutha-kutha* perlindungan, Syikhèm+ karo padhang rumputé ing dhaérah pegunungan Éfraim, Gèzèr+ karo padhang rumputé, 68  Yokméam karo padhang rumputé, Bèt-horon+ karo padhang rumputé, 69  Aiyalon+ karo padhang rumputé, lan Gat-rimon+ karo padhang rumputé. 70  Saka setengahé suku Manasyé, keluarga-keluarga keturunan Kohat sing liyané éntuk Anèr karo padhang rumputé lan Biléam karo padhang rumputé. 71  Saka keluarga setengahé suku Manasyé, keturunané Gèrsyom éntuk Golan+ ing Basyan karo padhang rumputé lan Astarot karo padhang rumputé;+ 72  saka suku Isakhar: Kèdès karo padhang rumputé, Dabérat+ karo padhang rumputé,+ 73  Ramot karo padhang rumputé, lan Anèm karo padhang rumputé; 74  saka suku Asyèr: Masyal karo padhang rumputé, Abdon karo padhang rumputé,+ 75  Hukok karo padhang rumputé, lan Réhob+ karo padhang rumputé; 76  lan saka suku Naftali: Kèdès+ ing Galiléa+ karo padhang rumputé, Hamon karo padhang rumputé, lan Kiriataim karo padhang rumputé. 77  Saka suku Zébulon,+ keturunané Mérari sing liyané éntuk Rimono karo padhang rumputé, Tabor karo padhang rumputé; 78  ing dhaérah Kali Yordan ing Yérikho, ing sisih wétan Kali Yordan, saka suku Rubèn: Bèzèr ing padhang belantara karo padhang rumputé, Yahaz+ karo padhang rumputé, 79  Kédémot+ karo padhang rumputé, lan Méfaat karo padhang rumputé; 80  saka suku Gad: Ramot ing Giléad karo padhang rumputé, Mahanaim+ karo padhang rumputé, 81  Hésbon+ karo padhang rumputé, lan Yazèr+ karo padhang rumputé.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Jeneng liyané yaiku Gérsyon ing ay. 1.
Utawa ”Keturunané”.
Utawa ”Keturunané”.
Lit.: ”wis diwènèhké”.
Utawa ”lan perkémahané wong Lèwi sing ana témboké”.
Utawa mungkin ”kutha”, cocog karo Yos 21:13.
Utawa ”sepuluh kutha manut undhi”.
Utawa mungkin ”kutha”, cocog karo Yos 21:21.