1 Babad 7:1-40

  • Keturunané Isakhar (1-5), Bènyamin (6-12), Naftali (13), Manasyé (14-19), Éfraim (20-29), lan Asyèr (30-40)

7  Anaké lanang Isakhar ana papat, yaiku Tola, Pua, Yasyub, lan Syimron.+  Anak-anaké lanang Tola yaiku Uzi, Réfaya, Yérièl, Yahmai, Ibsam, lan Syémuèl, para pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi. Saka keturunané Tola ana para pejuang sing hébat, sing pas jamané Daud jumlahé 22.600 wong.  Keturunané* Uzi yaiku Izrahia. Anak-anaké lanang Izrahia yaiku Mikhaèl, Obaja, Yoèl, lan Issyia. Wong lima kuwi pemimpin.*  Sesuai daftar silsilahé keturunané wong-wong kuwi saka keluarga pihak bapak, ana 36.000 prajurit ing pasukané sing siap perang, merga wong-wong kuwi nduwé akèh bojo lan anak lanang.  Sedulur-seduluré wong-wong kuwi saka kabèh keluargané Isakhar kuwi para pejuang sing hébat. Sesuai daftar silsilah keluargané, jumlahé wong-wong kuwi ana 87.000.+  Anaké lanang Bènyamin+ ana telu, yaiku Béla,+ Bèkhèr,+ lan Yédiaèl.+  Anaké lanang Béla ana lima, yaiku Ézbon, Uzi, Uzièl, Yérimot, lan Iri. Wong-wong kuwi pemimpin keluarga pihak bapak lan para pejuang sing hébat. Sesuai daftar silsilah keluargané, jumlahé wong-wong kuwi ana 22.034.+  Anak-anaké lanang Bèkhèr yaiku Zémira, Yoas, Èlièzèr, Èlioénai, Omri, Yérémot, Abiya, Anatot, lan Alèmèt. Kabèh kuwi anak-anaké lanang Bèkhèr.  Manut daftar silsilahé para pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, ana 20.200 pejuang hébat ing keturunané wong-wong kuwi. 10  Keturunané* Yédiaèl+ yaiku Bilhan. Anak-anaké lanang Bilhan yaiku Yéus, Bènyamin, Éhud, Khénaana, Zétan, Tarsyis, lan Ahisyahar. 11  Kuwi kabèh keturunané* Yédiaèl. Sesuai daftar silsilah para pemimpin keluarga pihak bapaké wong-wong kuwi, ana 17.200 pejuang hébat sing siap dadi prajurit kanggo perang. 12  Syupim lan Hupim kuwi anak-anaké lanang Ir.+ Husyim kuwi keturunané Ahèr. 13  Anak-anaké lanang Naftali+ yaiku Yahzièl, Guni, Yèzèr, lan Syalum, keturunané* Bilha.+ 14  Keturunané* Manasyé+ yaiku Asrièl, sing dilairké gundhiké, wong wédok Siria. (Wong wédok kuwi nglairké Makhir+ bapaké Giléad. 15  Makhir nggolèkké bojo kanggo Hupim lan kanggo Syupim, lan jenengé seduluré wédok yaiku Maaka.) Sing nomer loro jenengé Zéloféhad,+ ning Zéloféhad mung nduwé anak-anak wédok.+ 16  Maaka bojoné Makhir nglairké anak lanang lan njenengi anak kuwi Pèrès. Seduluré jenengé Syèrès, lan anak-anaké lanang yaiku Ulam lan Rèkèm. 17  Anaké lanang* Ulam yaiku Bédan. Kuwi kabèh anak-anaké lanang Giléad anaké Makhir anaké Manasyé. 18  Seduluré wédok yaiku Hamolèkhèt. Dhèwèké nglairké Ishod, Abi-èzèr, lan Mahla. 19  Anak-anaké lanang Syémida yaiku Ahian, Syikhèm, Likhi, lan Aniam. 20  Anaké lanang Éfraim+ yaiku Syutéla.+ Anaké Syutéla yaiku Bèrèd. Anaké Bèrèd yaiku Tahat. Anaké Tahat yaiku Èléada. Anaké Èléada yaiku Tahat. 21  Anaké Tahat yaiku Zabad. Anaké Zabad yaiku Syutéla. Anak-anaké lanang Éfraim sing liyané yaiku Èzèr lan Èléad. Wong Gat+ sing lair ing tanah kuwi matèni wong-wong kuwi, merga wong-wong kuwi teka kanggo ngrebut ternaké wong Gat. 22  Éfraim bapaké wong-wong kuwi sedhih banget nganti pirang-pirang dina, lan sedulur-seduluré padha teka kanggo menghibur dhèwèké. 23  Sakwisé kuwi, dhèwèké nindakké hubungan sèks karo bojoné, terus bojoné meteng lan nglairké anak lanang. Ning anak kuwi dijenengi Béria,* merga pas bojoné nglairké, keluargané lagi ngalami musibah. 24  Anaké wédok yaiku Syéèra, sing mbangun Bèt-horon Ngisor,+ Bèt-horon Ndhuwur,+ lan Uzèn-syééra. 25  Anak-anaké lanang sing liyané yaiku Réfah lan Rèsyèf. Anaké Rèsyèf yaiku Télah. Anaké Télah yaiku Tahan. 26  Anaké Tahan yaiku Ladan. Anaké Ladan yaiku Amihud. Anaké Amihud yaiku Èlisyama. 27  Anaké Èlisyama yaiku Nun. Anaké Nun yaiku Yosua.*+ 28  Dhaérah lan panggonané wong-wong kuwi yaiku Bètel+ lan kutha-kutha ing sekitaré, Naaran ing sisih wétan, Gèzèr ing sisih kulon lan kutha-kutha ing sekitaré, Syikhèm lan kutha-kutha ing sekitaré, nganti tekan Aya* lan kutha-kutha ing sekitaré; 29  lan ing sebelahé keturunané Manasyé: Bèt-syéan+ lan kutha-kutha ing sekitaré, Taanakh+ lan kutha-kutha ing sekitaré, Mégido+ lan kutha-kutha ing sekitaré, lan Dor+ lan kutha-kutha ing sekitaré. Ya ing kono kuwi keturunané Yusuf anaké Israèl manggon. 30  Anak-anaké lanang Asyèr yaiku Imnah, Iswa, Iswi, lan Béria.+ Anaké wédok Asyèr yaiku Sérah.+ 31  Anak-anaké lanang Béria yaiku Hèbèr lan Malkhièl, bapaké Birzait. 32  Hèbèr kuwi bapaké Yaflèt, Syomèr, Hotam, lan Syua seduluré wédok wong-wong kuwi. 33  Anak-anaké lanang Yaflèt yaiku Pasakh, Bimhal, lan Aswat. Kuwi anak-anaké lanang Yaflèt. 34  Anak-anaké lanang Syèmèr* yaiku Ahi, Rohga, Yéhuba, lan Aram. 35  Anak-anaké lanang Hèlèm* seduluré yaiku Zofah, Imna, Syèlès, lan Amal. 36  Anak-anaké lanang Zofah yaiku Suah, Harnèfèr, Syual, Béri, Imra, 37  Bèzèr, Hod, Syamma, Syilsya, Itran, lan Béèra. 38  Anak-anaké lanang Yètèr yaiku Yéfuné, Pispa, lan Ara. 39  Anak-anaké lanang Ula yaiku Arah, Hanièl, lan Rizia. 40  Kabèh wong kuwi keturunané Asyèr, para pemimpin keluarga pihak bapak, para pejuang hébat sing terpilih, lan kepalané para pemimpin. Jumlahé wong-wong kuwi sing ditulis ing daftar silsilah+ yaiku 26.000+ prajurit sing siap perang.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”kepala”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”anak-anaké lanang”.
Lit.: ”anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Lit.: ”Anak-anaké lanang”.
Artiné ”Karo Musibah”.
Utawa ”Yéhosyua”, artiné ”Yéhuwah Kuwi sing Nylametké”.
Utawa mungkin ”Gaza”, ning dudu Gaza ing Filistia.
Jeneng liyané yaiku Syomèr ing ay. 32.
Mungkin padha karo ”Hotam” ing ay. 32.