1 Para Raja 10:1-29

  • Ratu saka Syéba nemoni Salomo (1-13)

  • Hartané Salomo akèh banget (14-29)

10  Ratu saka Syéba krungu laporan soal Salomo, sing terkenal merga jenengé Yéhuwah.+ Mula, dhèwèké teka kanggo nguji Salomo nganggo pitakonan sing angèl-angèl.*+  Dhèwèké tekan ing Yérusalèm bareng karo iring-iringan sing luar biasa+ lan karo unta-unta sing nggawa minyak balsam,*+ emas sing akèh banget, lan watu-watu sing berharga. Dhèwèké nemoni Salomo lan ngejokké akèh pitakonan sing ana ing atiné.  Terus, Salomo njawab kabèh pitakonané ratu kuwi lan njelaské jawabané. Ora ana sing angèl banget kanggoné Raja Salomo  Wektu ratu saka Syéba ndelok kabèh kawicaksanané Salomo,+ omah sing dibangun Salomo,+  panganan ing méjané,+ pengaturan lungguhané para pejabaté, cara pelayané ngladèni ing méja makan lan klambiné, juru minumané, lan korban bakaran sing ajeg diwènèhké ing omahé Yéhuwah, ratu kuwi nggumun banget.*  Mula dhèwèké kandha marang Raja, ”Kabar sing tak rungokké ing negaraku soal kesuksèsan lan kawicaksananmu jebulé kabèh bener.  Mauné aku ora percaya kabar kuwi nganti aku teka lan ndelok dhéwé. Jebulé, kabar sing tak rungokké kuwi ora ana separoné. Kawicaksanan lan kemakmurané njenengan kuwi ngluwihi kabar sing tak rungokké.  Rakyatmu, para abdimu, lan sing terus bareng karo njenengan mesthi seneng banget merga isa terus ngrungokké kawicaksananmu.+  Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahmu dipuji.+ Dhèwèké seneng karo njenengan, mula njenengan dilungguhké ing takhta Israèl. Merga Yéhuwah nresnani Israèl nganti saklawasé, Dhèwèké nglantik njenengan dadi raja kanggo nindakké keadilan lan apa sing bener.” 10  Terus, ratu saka Syéba mènèhi Raja Salomo emas 120 talènta*, watu-watu sing berharga,+ lan minyak balsam sing akèh banget.+ Ora tau ana manèh sing nggawa minyak balsam semono akèhé, kaya sing digawa ratu saka Syéba kanggo Raja Salomo mau. 11  Kapal-kapal Hiram sing nggawa emas saka Ofir+ ya nggawa kayu cendana+ sing akèh banget lan watu-watu sing berharga.+ 12  Nganggo kayu-kayu cendana kuwi, Raja nggawé cagak sing nyangga omahé Yéhuwah lan istana. Raja ya nggawé harpa lan alat musik bersenar kanggo para penyanyi.+ Nganti saiki, ora tau ana manèh sing nggawa utawa ndelok kayu-kayu cendana semono akèhé. 13  Raja Salomo ya mènèhi apa waé sing dijaluk lan dipéngini ratu saka Syéba, ditambah manèh hadiah-hadiah liyané sing diwènèhké Salomo merga dhèwèké seneng mènèhi. Terus, ratu kuwi bali menyang negarané bareng karo para abdiné.+ 14  Saben taun Raja Salomo nampa emas sing aboté 666 talènta.+ 15  Kuwi durung termasuk keuntungan sing ditampa saka para pedagang, wong dodol, lan saka para gubernur ing negara kuwi, lan kabèh rajané wong Arab. 16  Raja Salomo nggawé tamèng gedhé 200 saka emas campuran+ (600 syèkel* emas kanggo nggawé saben tamèng),+ 17  lan tamèng cilik* 300 saka emas campuran (telung mina* emas kanggo nggawé saben tamèng). Terus, Raja ndèlèhké kuwi kabèh ing Omah Alas Lébanon.+ 18  Raja ya nggawé takhta gedhé saka gadhing,+ lan kuwi dilapisi emas murni.+ 19  Ing ngarep takhta kuwi, ana enem undhak-undhakan. Ing mburi takhta kuwi, ana kaya atap cilik bunder. Ana tatakan tangan ing sisih tengen lan kiwané takhta kuwi, lan ing sakiwa tengené tatakan tangan kuwi ana patung singa loro.+ 20  Ing bagéan kiwa lan tengen saben undhak-undhakan, ana patung singa sing jumlahé 12. Ora ana kerajaan liya sing nggawé takhta kaya ngono kuwi. 21  Kabèh peralatan kanggo ngombé duwèké Raja Salomo digawé saka emas, lan kabèh peralatan ing Omah Alas Lébanon+ digawé saka emas murni. Ora ana sing digawé saka pérak, merga ing jamané Salomo, pérak dianggep ora berharga.+ 22  Raja nduwé kapal-kapal Tarsyis,+ lan kuwi ana ing laut karo kapal-kapalé Hiram. Saben telung taun pisan, kapal-kapal Tarsyis kuwi nggawa emas, pérak, gadhing,+ kethèk, lan merak. 23  Dadi, Raja Salomo luwih sugih+ lan luwih wicaksana+ timbang raja-raja liyané ing bumi. 24  Kabèh wong ing bumi ngupaya nemoni Salomo kanggo ngrungokké kawicaksanan sing diwènèhké Gusti Allah marang dhèwèké.+ 25  Saben taun wong-wong kuwi bakal mènèhi hadiah-hadiah, yaiku barang-barang saka pérak lan emas, klambi, senjata, minyak balsam, jaran, lan keledai.* 26  Salomo terus nglumpukké kréta perang lan jaran.* Dhèwèké nduwé kréta perang 1.400 lan jaran 12.000.+ Salomo ndèlèhké kuwi kabèh ing kutha-kutha panggonané kréta lan ing cedhak Raja ing Yérusalèm.+ 27  Raja ndadèkké pérak ing Yérusalèm akèhé kaya watu, lan kayu aras akèhé kaya wit ara hutan ing Syéféla.+ 28  Jaran-jarané Salomo tukuné saka Mesir,* lan jaran-jaran kuwi* bakal dituku para pedagangé Salomo nganggo rega sing wis ditentokké.+ 29  Saben kréta sing dituku saka Mesir regané 600 dhuwit pérak, lan saben jaran regané 150 dhuwit pérak. Terus, kuwi diedol marang rajané wong Hèt+ lan raja-raja Siria.

Katrangan Tambahan

Utawa ”teka-teki”.
Utawa ”ilang semangaté”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.
Tamèng sing kerep digawa para pemanah.
Ing Kitab-Kitab Ibrani, 1 mina = 570 g. Deloken Lamp. B14.
Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.
Utawa ”prajurit sing numpak jaran”.
Utawa mungkin ”saka Mesir lan saka Kéwé”, mungkin Kilikia.
Utawa mungkin ”jaran-jaran saka Kéwé kuwi”.