1 Para Raja 11:1-43

  • Bojo-bojoné Salomo nggawé atiné Salomo nyimpang (1-13)

  • Wong-wong sing nglawan Salomo (14-25)

  • Yéroboam dijanjèni bakal nguwasani sepuluh suku (26-40)

  • Salomo mati; Réhoboam dadi raja (41-43)

11  Raja Salomo nresnani akèh wong wédok asing+ sakliyané putri Firaun,+ yaiku wong wédok Moab,+ Ammon,+ Sidon,+ lan Hèt.+  Soal bangsa-bangsa kuwi, sakjané Yéhuwah wis kandha ngéné marang wong Israèl, ”Kowé ora éntuk kekancan* karo wong-wong kuwi, lan wong-wong kuwi ya ora éntuk kekancan karo kowé, merga wong-wong kuwi isa nggawé atimu nyimpang marang allah-allahé.”+ Ning, Salomo akrab karo wong-wong kuwi lan malah nresnani wong-wong kuwi.  Dhèwèké nduwé bojo 700 saka golongan bangsawan lan selir 300. Suwé-suwé, bojo-bojoné Salomo nggawé atiné Salomo nyimpang.*  Pas Salomo wis tuwa,+ bojo-bojoné nggawé atiné Salomo nyimpang marang allah-allah liya,+ lan dhèwèké ora saktulusé ati ngabdi marang Yéhuwah Gusti Allahé. Dhèwèké ora kaya Daud bapaké.  Salomo nyembah Astorèt,+ dèwiné wong Sidon, lan Milkom,+ déwa sing njijiki sing disembah wong Ammon.  Salomo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah. Dhèwèké ora saktulusé ati ngetutké Yéhuwah, ora kaya Daud bapaké.+  Ing gunung ing ngarepé Yérusalèm, Salomo mbangun panggonan dhuwur+ kanggo Khémos, déwa sing njijiki saka Moab, lan kanggo Molèkh,+ déwa sing njijiki sing disembah wong Ammon.+  Kuwi sing ditindakké Salomo kanggo kabèh bojo-bojoné sing nggawé asap korban lan mènèhké korban marang allah-allahé.  Yéhuwah nesu banget marang Salomo, merga atiné Salomo wis nyimpang saka Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ sing wis ping loro nemoni dhèwèké+ 10  lan sing wis ngélikké dhèwèké soal kuwi, yaiku dhèwèké ora olèh nyembah allah-allah liya.+ Ning, Salomo ora manut préntahé Yéhuwah. 11  Mula Yéhuwah kandha marang Salomo, ”Merga kowé wis nindakké iki lan ora manut karo perjanjian lan peraturan-Ku sing wis Tak préntahké, Aku mesthi bakal njupuk* kerajaan kuwi saka kowé lan mènèhké kuwi marang salah siji abdimu.+ 12  Ning merga janji-Ku marang Daud bapakmu, Aku ora bakal nindakké kuwi pas kowé isih urip. Aku bakal njupuk* kerajaan kuwi saka anakmu,+ 13  ning ora kabèh kerajaanmu Tak jupuk.*+ Aku bakal mènèhké suku siji marang anakmu+ merga Daud abdi-Ku lan merga Yérusalèm sing wis Tak pilih.”+ 14  Terus, Yéhuwah nggawé supaya ana wong sing nglawan Salomo,+ yaiku Hadad wong Édom, saka keluarga kerajaan Édom.+ 15  Mbiyèn pas Daud ngalahké Édom,+ Yoab pemimpin pasukané lunga kanggo ngubur wong-wong sing dipatèni lan ngupaya matèni kabèh wong lanang ing Édom. 16  (Yoab lan kabèh pasukan Israèl manggon ing kana enem sasi suwéné nganti kabèh wong lanang Édom padha dipatèni.) 17  Hadad mlayu menyang Mesir karo abdi-abdiné bapaké, yaiku wong Édom. Wektu kuwi, Hadad isih cilik. 18  Wong-wong kuwi lunga saka Midian lan tekan ing Paran, terus ngejak wong-wong saka Paran+ lunga menyang Mesir. Ing Mesir, Firaun raja Mesir mènèhi Hadad omah, jatah panganan, lan tanah. 19  Firaun seneng banget karo Hadad, nganti dhèwèké mènèhké adhiné bojoné, yaiku adhiné Tahpènès permaisuriné, kanggo dadi bojoné Hadad. 20  Terus, adhiné Tahpènès nglairké anak lanang, yaiku Génubat. Tahpènès nggedhèkké* anak kuwi ing omahé Firaun. Mula, anak kuwi terus ana ing omahé Firaun bareng karo anak-anaké Firaun. 21  Ing Mesir, Hadad krungu nèk Daud wis mati*+ lan Yoab pemimpin pasukané ya wis mati.+ Terus Hadad kandha marang Firaun, ”Tulung ijinké aku bali ing negaraku.” 22  Ning Firaun njawab, ”Kowé kurang apa ing kéné, nganti kowé péngin bali menyang negaramu?” Hadad kandha, ”Aku ora kekurangan apa-apa, ning ijinké aku bali.” 23  Gusti Allah nggawé supaya ana wong liya sing nglawan Salomo,+ yaiku Rézon anaké Èliada sing minggat saka majikané yaiku Hadadèzèr+ raja Zoba. 24  Pas Daud ngalahké wong-wong Zoba,*+ Rézon nglumpukké para pendukung lan mimpin grombolan rampok. Wong-wong kuwi lunga lan manggon ing Damaskus+ lan mulai mréntah ing kono. 25  Pas Salomo isih urip, Rézon terus nglawan Israèl. Kaya Hadad, dhèwèké terus nyusahké Israèl. Dhèwèké sengit banget karo Israèl saksuwéné dhèwèké mréntah Siria. 26  Abdiné Salomo+ yaiku Yéroboam+ anaké Nébat ya mulai mbrontak nglawan Raja.+ Dhèwèké kuwi wong Éfraim saka Zéréda, lan ibuné randha jenengé Zérua. 27  Iki ceritané Yéroboam nganti mbrontak nglawan raja: Salomo wis mbangun Bukit*+ lan nggawé témbok ing Kutha Daud bapaké+ dadi saya kuwat. 28  Yéroboam kuwi wong sing isa diendelké. Pas Salomo ndelok nèk cah enom iki wong sing sregep nyambut gawé, Salomo ngangkat dhèwèké dadi pengawasé+ kabèh keturunané Yusuf sing dikongkon kerja kanggo Raja. 29  Pas Yéroboam metu saka Yérusalèm, Nabi Ahiya+ wong Syilo nemoni dhèwèké ing dalan. Ing njaba kutha mau mung ana wong loro kuwi. Wektu kuwi Ahiya nganggo klambi njaba sing isih anyar. 30  Ahiya nyekel klambi njabané kuwi, terus kuwi disuwèk-suwèk dadi 12 bagéan. 31  Terus Ahiya kandha marang Yéroboam, ”Jupuken sepuluh suwèkan kanggo kowé, merga iki kandhané Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, ’Aku nyuwèk kerajaan iki saka tangané Salomo, lan Aku bakal mènèhi kowé sepuluh suku.+ 32  Ning, siji suku bakal tetep dadi duwèké Salomo+ merga Daud abdi-Ku+ lan merga Yérusalèm, yaiku kutha sing wis Tak pilih saka antarané suku-suku Israèl.+ 33  Aku nindakké iki merga wong Israèl wis ninggalké Aku+ lan sujud marang Astorèt dèwiné wong Sidon, marang Khémos déwané wong Moab, lan marang Milkom déwané wong Ammon. Wong-wong kuwi ora mlaku ing dalan-dalan-Ku, yaiku ora nindakké sing bener ing ngarep-Ku lan ora manut peraturan-Ku lan hukum-Ku. Wong-wong kuwi ora kaya Daud bapaké Salomo. 34  Ning, Aku ora bakal njupuk kabèh kerajaan kuwi saka tangané Salomo. Aku bakal tetep ngejarké Salomo dadi pemimpin sakjegé uripé merga Daud abdi-Ku sing wis Tak pilih.+ Daud wis nindakké préntah lan peraturan-Ku. 35  Ning, Aku bakal njupuk kerajaan kuwi saka tangané anaké Salomo lan mènèhké sepuluh suku marang kowé.+ 36  Suku siji bakal Tak wènèhké marang anaké Salomo, supaya keturunané Daud abdi-Ku isa terus mréntah* ing ngarep-Ku ing Yérusalèm,+ kutha sing wis Tak pilih bèn jeneng-Ku ana ing kana. 37  Aku bakal milih kowé, lan kowé bakal mréntah kabèh sing mbok péngini. Kowé bakal dadi rajané Israèl. 38  Nèk kowé manut karo kabèh préntah-Ku, mlaku ing dalan-dalan-Ku, lan nindakké apa sing bener ing ngarep-Ku, nganggo cara nindakké peraturan lan préntah-Ku, kaya Daud abdi-Ku,+ Aku bakal ndhukung kowé. Aku ya bakal nggawé keturunanmu terus mréntah kanggo wektu sing suwé,* kaya keturunané Daud,+ lan kowé bakal mréntah Israèl. 39  Aku bakal ngrendhahké keturunané Daud merga kesalahan kuwi,+ ning ora kanggo saklawasé.’”+ 40  Mula, Salomo ngupaya matèni Yéroboam, ning Yéroboam mlayu menyang Mesir, marang Syisyak+ raja Mesir,+ lan dhèwèké tetep manggon ing Mesir nganti Salomo mati. 41  Sejarah liyané soal Salomo, yaiku soal kabèh sing ditindakké lan kawicaksanané, kuwi ditulis ing buku sejarah soal Salomo.+ 42  Salomo mréntah Israèl ing Yérusalèm 40 taun suwéné. 43  Terus, Salomo mati* lan dikubur ing Kutha Daud bapaké, lan anaké yaiku Réhoboam+ dadi raja nggantèni Salomo.

Katrangan Tambahan

Utawa ”kawin campur”.
Utawa ”bojo-bojoné mènèhi pengaruh sing gedhé marang Salomo”.
Lit.: ”nyuwèk”.
Lit.: ”nyuwèk”.
Lit.: ”suwèk”.
Utawa mungkin ”nyapih”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Lit.: ”matèni wong-wong kuwi”.
Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.
Lit.: ”supaya Daud abdi-Ku terus nduwé lampu”.
Lit.: ”bakal mbangun omah sing tahan lama kanggo kowé”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.