1 Para Raja 12:1-33

  • Jawabané Réhoboam sing kasar (1-15)

  • Sepuluh suku mbrontak (16-19)

  • Yéroboam dadi rajané Israèl (20)

  • Réhoboam ora éntuk perang nglawan Israèl (21-24)

  • Penyembahan patung anak sapi gawéané Yéroboam (25-33)

12  Réhoboam lunga menyang Syikhèm, merga kabèh wong Israèl padha lunga menyang Syikhèm+ kanggo ndadèkké dhèwèké raja.+  Yéroboam anaké Nébat krungu soal kuwi (dhèwèké isih ana ing Mesir merga mlayu saka Raja Salomo lan manggon ing Mesir).+  Terus, ana sing diutus kanggo ngundang* Yéroboam. Bar kuwi, Yéroboam lan kabèh jemaat Israèl nemoni Réhoboam lan kandha,  ”Bapaké njenengan wis mènèhi aku kabèh beban sing abot.+ Nèk njenengan gelem ngènthèngké beban lan gawéan sing abot saka bapaké njenengan, aku bakal nglayani njenengan.”  Mula Raja kandha, ”Lungaa lan balia mréné telung dina manèh.” Terus, wong-wong kuwi padha lunga.+  Bar kuwi, Raja Réhoboam njaluk naséhat marang para tuwa-tuwa, yaiku wong-wong sing nglayani Salomo bapaké pas Salomo isih urip. Raja kandha, ”Nèk menurutmu, aku kudu njawab piyé marang wong-wong kuwi?”  Wong-wong kuwi njawab, ”Nèk saiki kowé nglayani wong-wong kuwi, nuruti karepé wong-wong kuwi, lan mènèhi jawaban sing nyenengké, wong-wong kuwi bakal terus dadi abdimu.”  Ning, dhèwèké ora manut karo naséhaté para tuwa-tuwa, lan dhèwèké njaluk pendapaté wong-wong enom sing sak umuran karo dhèwèké lan sing saiki nglayani dhèwèké.+  Réhoboam takon, ”Apa naséhatmu? Awaké dhéwé kudu ngomong apa marang wong-wong sing njaluk bèn aku ngènthèngké beban abot sing diwènèhké bapakku marang wong-wong kuwi?” 10  Wong-wong enom kuwi kandha, ”Wong-wong sing kandha marang kowé, ’Bapaké njenengan wis mènèhi aku kabèh beban sing abot, ning tulung ènthèngna beban kuwi,’ jawaben waé kaya ngéné, ’Aku bakal nuntut luwih abot timbang bapakku.* 11  Bapakku wis mènèhi kowé beban sing abot, ning kuwi bakal tak tambahi. Bapakku ngukum kowé nganggo pecut biasa, ning aku bakal ngukum kowé nganggo pecut sing pucuk-pucuké landhep.’” 12  Yéroboam lan wong-wong Israèl mau nemoni Raja Réhoboam ing dina ketelu, kaya sing sakdurungé dipréntahké Raja, ”Balia mréné telung dina manèh.”+ 13  Ning, Raja kasar wektu njawab wong-wong kuwi. Dhèwèké ora manut karo naséhaté para tuwa-tuwa. 14  Dhèwèké manut naséhaté wong-wong enom mau lan kandha, ”Bapakku wis mènèhi kowé beban sing abot, ning kuwi bakal tak tambahi. Bapakku ngukum kowé nganggo pecut biasa, ning aku bakal ngukum kowé nganggo pecut sing pucuk-pucuké landhep.” 15  Dadi, Raja ora ngrungokké rakyaté. Kuwi kabèh kelakon merga Yéhuwah,+ supaya omongané Yéhuwah marang Yéroboam anaké Nébat liwat Ahiya+ wong Syilo kelakon tenan. 16  Wektu ngerti nèk Raja ora gelem ngrungokké karepé wong-wong kuwi, kabèh wong Israèl kandha marang Raja, ”Aku kabèh ora nduwé urusan apa-apa karo Daud. Aku kabèh ora bakal éntuk manfaat apa-apa saka dhèwèké. Warisané anaké Isai kuwi bèn dipèk dhéwé. Wong Israèl, balia marang allah-allahmu. Hé keturunané Daud, urusen awakmu dhéwé!” Mula, wong Israèl bali menyang omahé* dhéwé-dhéwé.+ 17  Ning, Réhoboam terus mréntah wong Israèl sing manggon ing kutha-kutha Yéhuda.+ 18  Terus, Raja Réhoboam ngutus Adoram,+ wong sing ngawasi wong-wong sing dikongkon kerja kanggo Raja, ning kabèh wong Israèl mbalangi Adoram nganggo watu nganti mati. Raja Réhoboam isa lolos lan mlayu menyang Yérusalèm+ numpak krétané. 19  Wong-wong Israèl tetep nglawan+ keturunané Daud nganti saiki. 20  Sakwisé krungu nèk Yéroboam wis bali, wong Israèl ngundang Yéroboam teka ing pertemuan lan ndadèkké dhèwèké rajané Israèl.+ Ora ana wong Israèl sing tetep setya karo keturunané Daud, kecuali suku Yéhuda.+ 21  Wektu tekan Yérusalèm, Réhoboam langsung nglumpukké kabèh keturunané Yéhuda lan suku Bènyamin, yaiku 180.000 prajurit terlatih,* kanggo perang nglawan wong Israèl bèn wewenang dadi raja bali manèh marang Réhoboam anaké Salomo.+ 22  Terus Gusti Allah sing bener kandha marang nabi* sing jenengé Syémaya,+ 23  ”Omonga marang Réhoboam anaké Salomo raja Yéhuda lan marang kabèh keturunané Yéhuda lan Bènyamin lan wong-wong liyané saka bangsa kuwi, 24  ’Iki omongané Yéhuwah, ”Aja maju perang nglawan wong Israèl sedulurmu. Kowé kudu bali ing omahmu dhéwé-dhéwé, merga Aku sing nggawé kabèh iki kelakon.”’”+ Wong-wong kuwi padha manut omongané Yéhuwah lan mulih ing omahé, kaya sing dipréntahké Yéhuwah. 25  Terus, Yéroboam mbangun* Syikhèm+ ing dhaérah pegunungan Éfraim lan manggon ing kana. Sakwisé kuwi, dhèwèké lunga lan mbangun* Pénuèl.+ 26  Yéroboam mbatin, ”Saiki kerajaan iki bakal bali marang keturunané Daud.+ 27  Nèk wong-wong iki terus-terusan lunga menyang Yérusalèm kanggo mènèhké korban ing omahé Yéhuwah,+ atiné wong-wong kuwi mesthi bakal bali marang Réhoboam raja Yéhuda. Wong-wong kuwi bakal matèni aku lan bali marang Réhoboam raja Yéhuda.” 28  Sakwisé omong-omongan karo para penaséhaté, Raja nggawé anak sapi loro saka emas+ lan kandha marang rakyat, ”Wong Israèl, ora usah angèl-angèl lunga menyang Yérusalèm, iki Gusti Allahmu sing nggawa kowé metu saka Mesir.”+ 29  Sing siji didèlèhké ing Bètel,+ lan sing sijiné manèh ing Dan.+ 30  Iki nyebabké wong-wong Israèl dosa,+ lan wong-wong kuwi lunga nganti tekan Dan kanggo nyembah patung sing ana ing kana. 31  Terus, dhèwèké nggawé kuil ing panggonan-panggonan dhuwur* lan nglantik wong-wong biasa, sing dudu keturunan Lèwi, kanggo dadi imam.+ 32  Yéroboam ya nggawé perayaan ing dina ke-15 sasi ke-8, kaya perayaan ing Yéhuda.+ Ing mézbah sing dhèwèké gawé ing Bètel,+ dhèwèké mènèhké korban marang patung-patung anak sapi gawéané. Ing Bètel, dhèwèké ya nugaské para imam ing panggonan-panggonan dhuwur gawéané. 33  Ing dina ke-15 sasi ke-8, yaiku sasi pilihané dhéwé, dhèwèké mulai mènèhké korban ing mézbah sing dhèwèké gawé ing Bètel. Dhèwèké nggawé perayaan kanggo wong Israèl lan munggah ing mézbah kanggo mènèhké korban lan nggawé asap korban.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Jenthikku luwih gedhé timbang pinggangé bapakku”.
Lit.: ”kémahé”.
Lit.: ”pilihan”.
Lit.: ”abdiné Gusti Allah sing bener”.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.