1 Para Raja 2:1-46

  • Daud mènèhi pesen marang Salomo (1-9)

  • Daud mati; Salomo lungguh ing takhta (10-12)

  • Siasaté Adoniya nggawé dhèwèké dipatèni (13-25)

  • Abiatar diusir; Yoab dipatèni (26-35)

  • Syimèi dipatèni (36-46)

2  Pas Daud wis arep mati, dhèwèké mènèhi pesen marang Salomo anaké,  ”Aku wis arep mati. Mula, kowé kudu kuwat+ lan kendel.*+  Kowé kudu terus nindakké kewajibanmu marang Yéhuwah Gusti Allahmu, carané yaiku nindakké sing dikarepké lan manut karo peraturané, préntahé, hukumé, lan pangéling-élingé sing ditulis ing Hukum Musa.+ Nèk kuwi mbok tindakké, kabèh sing mbok lakoni bakal suksès* ing endi waé kowé lunga.  Yéhuwah bakal nepati janjiné marang aku, yaiku, ’Nèk kelakuané anak-anakmu apik lan terus setya marang Aku saktulusé atiné lan sepenuh jiwané,*+ keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl.’+  ”Kowé ngerti dhéwé apa sing ditindakké Yoab anaké Zéruya marang aku lan marang loro pemimpin pasukané Israèl, yaiku Abnèr+ anaké Nèr lan Amasa+ anaké Yètèr. Yoab matèni wong loro kuwi padahal wektu kuwi ora ana perang.+ Dhèwèké ngregedi sabuké lan sandhalé nganggo getihé wong-wong kuwi.  Tumindakmu kudu wicaksana. Aja nganti dhèwèké mbok ejarké waé nganti mati tuwa.*+  ”Ning, marang anak-anaké Barzilai+ wong Giléad, kowé kudu terus nresnani* wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi kudu terus mèlu mangan ing méjamu, merga wong-wong kuwi terus ngancani aku+ pas aku mlayu saka Absalom sedulurmu.+  ”Sakliyané kuwi, ya ana Syiméi anaké Géra, wong Bènyamin saka Bahurim sing manggon ing cedhakmu. Dhèwèké ngutuki+ aku nganggo omongan sing kejem pas aku arep lunga menyang Mahanaim.+ Ning, pas dhèwèké nemoni aku ing Kali Yordan, aku sumpah marang dhèwèké demi Yéhuwah, ’Aku ora bakal matèni kowé nganggo pedhang.’+  Mula saiki, dhèwèké kudu mbok hukum,+ merga kowé kuwi wong sing wicaksana lan ngerti apa sing kudu mbok tindakké marang dhèwèké. Aja nganti dhèwèké mbok ejarké waé nganti mati tuwa.”*+ 10  Terus, Daud mati* lan dikubur ing Kutha Daud.+ 11  Daud mréntah Israèl nganti 40 taun: Ing Hébron+ 7 taun, lan ing Yérusalèm 33 taun.+ 12  Bar kuwi, Salomo lungguh ing takhtané Daud bapaké. Saya suwé, kerajaané saya kuwat.+ 13  Terus, Adoniya anaké Hagit marani Bat-syéba, ibuné Salomo. Bat-syéba takon, ”Apa kowé nduwé niat apik teka mréné iki?” Dhèwèké njawab, ”Iya.” 14  Adoniya kandha, ”Ana sing arep tak omongké.” Bat-syéba njawab, ”Ya, ngomonga.” 15  Adoniya kandha, ”Njenengan ngerti ta nèk kuduné aku sing dadi raja. Kabèh wong Israèl ya pénginé aku sing dadi raja.+ Ning, jebulé sing dadi raja malah adhiku, merga kuwi karepé Yéhuwah.+ 16  Saiki ana siji sing arep tak jaluk saka njenengan. Tulung aja ditolak.” Mula Bat-syéba njawab, ”Ya, ngomonga.” 17  Terus Adoniya kandha, ”Tulung ngomonga marang Raja Salomo bèn mènèhké Abisyag+ cah wédok Syunem kuwi bèn dadi bojoku. Nèk njenengan sing njaluk, dhèwèké mesthi gelem nuruti.” 18  Bat-syéba njawab, ”Ya, mengko tak omongké Raja.” 19  Bar kuwi, Bat-syéba nemoni Raja Salomo kanggo nyampèkké apa sing dijaluk Adoniya. Raja langsung ngadeg nemoni ibuné lan sujud ing ngarepé. Terus, Raja lungguh ing takhtané lan ngongkon wong njupuk takhta kanggo ibuné bèn ibuné isa lungguh ing sisih tengené. 20  Terus Bat-syéba kandha, ”Ana perkara sepélé sing arep tak jaluk saka kowé. Aja mbok tolak, ya.” Raja kandha, ”Omongna waé, Bu, merga aku ora bakal nolak.” 21  Bat-syéba kandha, ”Wènèhna Abisyag cah wédok Syunem kuwi marang Adoniya sedulurmu kanggo dadi bojoné.” 22  Raja Salomo njawab, ”Ngapa kok Ibu njalukké Abisyag wong wédok Syunem kuwi kanggo Adoniya? Sisan waé Ibu njaluk bèn dhèwèké dadi raja+ merga dhèwèké kuwi kakangku.+ Dhèwèké ya didhukung Imam Abiatar lan Yoab+ anaké Zéruya.”+ 23  Mula, Raja Salomo sumpah demi Yéhuwah, ”Bèn waé Gusti Allah ngukum aku sing abot nèk Adoniya ora dihukum mati merga apa sing wis dijaluk kuwi. 24  Saiki, demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing wis nggawé aku kukuh ing takhtané Daud bapakku+ lan sing wis mènèhké kerajaan iki marang aku lan keturunanku+ persis kaya sing wis dijanjèkké, dina iki Adoniya kudu dipatèni.”+ 25  Raja Salomo langsung ngutus Bénaya+ anaké Yéhoyada kanggo matèni Adoniya. Terus, Bénaya lunga lan matèni Adoniya. 26  Raja kandha marang Imam Abiatar,+ ”Lungaa menyang ladhangmu ing Anatot!+ Sakjané kowé kuwi pantes mati, ning merga mbiyèn pas karo Daud bapakku+ kowé nggawa Pethiné Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa lan kowé ya mèlu ngrasakké kesusahan sing dialami bapakku, dina iki aku ora bakal matèni kowé.”+ 27  Terus, Salomo ngusir Abiatar, lan Abiatar ora nglayani dadi imamé Yéhuwah manèh. Iki kelakon kanggo nepati omongané Yéhuwah ing Syilo+ soal keluargané Èli.+ 28  Wektu krungu soal iki, Yoab mlayu menyang kémahé Yéhuwah+ lan nyekel sungu-sunguné mézbah, merga Yoab ndhukung Adoniya+ senajan dhèwèké mbiyèn ora ndhukung Absalom.+ 29  Raja Salomo éntuk laporan, ”Yoab mlayu menyang kémahé Yéhuwah. Dhèwèké ana ing jèjèré mézbah.” Mula, Salomo ngutus Bénaya anaké Yéhoyada lan kandha, ”Mangkata, patènana wong kuwi!” 30  Terus, Bénaya lunga menyang kémahé Yéhuwah lan kandha, ”Raja kandha ngéné, ’Metua!’” Ning Yoab njawab, ”Wegah! Aku mati ing kéné waé.” Terus, Bénaya bali marang Raja lan nglaporké omongané Yoab. 31  Raja kandha marang Bénaya, ”Tindakna apa sing dadi karepé. Patènana lan kuburen dhèwèké. Aja nganti aku lan keluargané bapakku mèlu tanggung jawab merga Yoab wis matèni wong sing ora salah.+ 32  Yéhuwah bakal mbales dhèwèké merga wis matèni Abnèr+ anaké Nèr pemimpin pasukané Israèl+ lan Amasa+ anaké Yètèr pemimpin pasukané Yéhuda.+ Tanpa dingertèni Daud bapakku, dhèwèké wis nyerang lan matèni wong loro sing luwih bener lan luwih apik timbang dhèwèké nganggo pedhang. 33  Nganti saklawasé, Yoab lan keturunané kudu tanggung jawab merga wis matèni wong-wong kuwi.+ Ning kanggo Daud, keturunané, keluargané,* lan kerajaané,* muga-muga ana rasa ayem saka Yéhuwah kanggo saklawasé.” 34  Bar kuwi, Bénaya anaké Yéhoyada nyerang lan matèni Yoab. Yoab dikubur ing cedhak omahé ing padhang belantara. 35  Sakwisé kuwi, Raja nglantik Bénaya+ anaké Yéhoyada dadi pemimpin pasukan nggantèni Yoab lan nglantik Zadok+ dadi imam nggantèni Abiatar. 36  Terus, Raja ngundang Syiméi+ lan kandha, ”Nggawéa omah ing Yérusalèm lan manggona ing kana. Aja metu saka kutha kuwi. 37  Nèk kowé metu lan nyabrang Lembah Kidron,+ kowé mesthi bakal mati lan getihmu bakal mbok tanggung dhéwé.” 38  Syiméi njawab Raja, ”Omongané njenengan kuwi apik. Abdimu iki bakal nindakké apa sing diomongké rajaku.” Mula, Syiméi manggon suwé banget ing Yérusalèm. 39  Ning, sakwisé telung taun, loro budhaké Syiméi mlayu marang Akhis+ anaké Maaka, yaiku raja Gat. Wektu Syiméi éntuk laporan, ”Deloken kaé! Budhak-budhakmu ana ing Gat”, 40  Syiméi langsung masang pelana ing keledainé, terus lunga marang Akhis ing Gat kanggo nggolèki budhak-budhaké. Wektu Syiméi bali bareng karo budhak-budhaké, 41  Salomo éntuk laporan, ”Syiméi metu saka Yérusalèm menyang Gat lan saiki wis bali.” 42  Mula, Raja ngundang Syiméi lan kandha, ”Kowé kan wis tak kongkon sumpah demi Yéhuwah, lan kowé ya wis tak élikké, ’Nèk kowé metu menyang kutha liyané, kowé mesthi bakal mati.’ Kowé dhéwé ya kandha, ’Omongané njenengan kuwi apik, aku bakal manut.’+ 43  Dadi ngapa kok kowé nglanggar sumpahmu marang Yéhuwah lan préntah sing tak wènèhké marang kowé?” 44  Raja kandha marang Syiméi, ”Kowé dhéwé ngerti tenan kabèh kejahatan sing mbok tindakké marang Daud bapakku.+ Saiki Yéhuwah bakal mbales kowé merga kejahatan kuwi.+ 45  Ning, Yéhuwah bakal mberkahi+ Raja Salomo lan nggawé takhtané Daud kukuh saklawasé.” 46  Mula, Raja ngongkon Bénaya anaké Yéhoyada kanggo matèni Syiméi. Terus, Bénaya nyerang lan matèni Syiméi.+ Kerajaan kuwi tetep kukuh ing tangané Salomo.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”lan tumindak kaya wong lanang”.
Utawa ”kowé bakal tumindak wicaksana”.
Lit.: ”Aja nganti uwané mbok ejarké waé nganti mudhun ing Syéol”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”terus nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Gawanen uwané mudhun ing Syéol nganggo getih”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”takhtané”.