1 Para Raja 20:1-43

  • Wong Siria perang nglawan Ahab (1-12)

  • Ahab ngalahké wong Siria (13-34)

  • Ramalan soal Ahab (35-43)

20  Bèn-hadad+ raja Siria+ nglumpukké kabèh pasukané bareng karo 32 raja liyané, jaran-jaran, lan kréta-krétané. Dhèwèké lunga lan ngepung+ Samaria,+ terus nyerang kutha kuwi.  Bar kuwi, Bèn-hadad ngirim utusan marang Ahab+ raja Israèl ing kutha kuwi lan kandha, ”Iki sing diomongké Bèn-hadad:  ’Pérakmu lan emasmu kuwi duwèkku, termasuk bojo-bojomu sing paling ayu lan anak-anakmu lanang sing paling nggantheng.’”  Raja Israèl njawab, ”Rajaku, kaya sing mbok omongké, aku lan kabèh sing tak duwèni kuwi duwèkmu.”+  Para utusan kuwi bali manèh marang Ahab lan kandha, ”Iki sing diomongké Bèn-hadad: ’Iki pesenku kanggo kowé: ”Pérakmu, emasmu, bojo-bojomu, lan anak-anakmu kudu mbok wènèhké aku.”  Sésuk kira-kira ing wektu kaya ngéné iki, aku arep ngutus para abdiku marang kowé, lan wong-wong kuwi bakal ngglédhah omahmu lan omahé para abdimu. Wong-wong kuwi bakal njupuk lan nggawa lunga barang-barangmu sing berharga.’”  Mula, raja Israèl ngundang para pemimpin* ing negarané lan kandha, ”Coba deloken, wong iki arep nyilakani awaké dhéwé merga wis njaluk bojo-bojoku, anak-anakku, pérakku, lan emasku. Kabèh sing dijaluk ya wis tak wènèhké.”  Kabèh pemimpin lan kabèh wong kuwi kandha, ”Aja gelem, lan ora usah mbok turuti.”  Mula, raja Israèl kandha marang para utusané Bèn-hadad, ”Kandhaa marang Rajaku, ’Sing pertama mbok jaluk bakal tak turuti kabèh, ning sing iki aku ora isa.’” Terus, para utusan kuwi lunga lan nyampèkké pesen mau. 10  Bar kuwi, Bèn-hadad ngirim pesen iki: ”Nèk nganti pasukanku isih isa nggegem akèh bledug saka reruntuhané Samaria, bèn waé allah-allahku mènèhi aku hukuman sing abot.” 11  Raja Israèl njawab, ”Kandhaa marang dhèwèké, ’Wong sing arep maju perang aja sombong dhisik kaya-kaya dhèwèké wis menang perang.’”+ 12  Wektu kuwi, Bèn-hadad lan raja-raja liyané lagi mabuk-mabukan ing kémahé. Pas krungu jawaban mau, dhèwèké langsung ngongkon para abdiné, ”Kowé kudu siap-siap nyerang.” Mula, wong-wong kuwi siap-siap kanggo nyerang Samaria. 13  Ning, ana nabi sing nemoni Ahab+ raja Israèl lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Apa kowé ndelok pasukan sing akèh kuwi? Dina iki Aku bakal nyerahké wong-wong kuwi marang kowé, lan kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah.’”+ 14  Ahab takon, ”Piyé carané?” Nabi kuwi njawab, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Liwat bantuané anak buahé para gubernur.’” Ahab takon manèh, ”Sapa sing bakal nyerang dhisik?” Nabi kuwi njawab, ”Kowé.” 15  Terus, Ahab ngétung anak buahé para gubernur, jumlahé ana 232. Sakwisé kuwi, dhèwèké ngétung kabèh pasukan Israèl, jumlahé ana 7.000. 16  Wong-wong kuwi lunga wektu awan pas Bèn-hadad karo 32 raja sing mbantu dhèwèké lagi mabuk-mabukan ing kémahé. 17  Wektu anak-anak buahé para gubernur padha metu saka kutha, Bèn-hadad langsung ngirim utusan. Wong-wong kuwi mènèhi laporan, ”Ana wong-wong sing metu saka Samaria.” 18  Terus, Bèn-hadad kandha, ”Cekelen urip-urip wong-wong kuwi, embuh wong-wong kuwi metu kanggo ngejak damai utawa kanggo perang.” 19  Ning, wektu anak buahé para gubernur lan pasukan sing ngetutké wong-wong kuwi padha metu saka kutha, 20  wong-wong kuwi matèni mungsuhé sing ana ing ngarepé. Terus wong Siria mlayu,+ lan wong Israèl ngoyak* wong-wong kuwi, ning Bèn-hadad raja Siria isa lolos. Dhèwèké numpak jaran bareng karo prajurit sing numpak jaran. 21  Raja Israèl maju lan ngalahké pasukan sing numpak jaran lan pasukan sing numpak kréta. Kuwi nggawé wong Siria kalah total.* 22  Terus, nabi+ mau marani raja Israèl lan kandha, ”Kuwatna pasukanmu lan nggawéa rencana.+ Ing awal taun ngarep,* raja Siria bakal nyerang kowé.”+ 23  Para abdiné raja Siria kandha marang Bèn-hadad, ”Gusti Allahé wong-wong kuwi Gusti Allah pegunungan. Kuwi sebabé wong-wong kuwi isa ngalahké awaké dhéwé. Ning nèk awaké dhéwé nglawan wong-wong kuwi ing dhaérah sing rata, awaké dhéwé bakal ngalahké wong-wong kuwi. 24  Sakliyané kuwi, singkirna raja-raja+ kuwi saka kedudukané, lan gantinen wong-wong kuwi nganggo gubernur-gubernur. 25  Terus, klumpukna* prajurit sing jumlahé padha karo jumlahé prajurité njenengan sing mati. Siapna jaran lan kréta sing jumlahé padha kaya sing mbiyèn. Ayo awaké dhéwé nglawan wong-wong kuwi ing dhaérah sing rata, lan awaké dhéwé bakal bener-bener ngalahké wong-wong kuwi.” Bèn-hadad manut karo naséhaté wong-wong kuwi. 26  Ing awal taun berikuté,* Bèn-hadad nglumpukké pasukan Siria lan maju menyang Afèk+ kanggo perang nglawan Israèl. 27  Pasukan Israèl ya diklumpukké lan disangoni panganan. Terus, wong-wong kuwi mangkat kanggo nglawan wong Siria. Wektu kémah ing ngarepé pasukan Siria, pasukan Israèl kétok kaya rong kumpulan kambing sing cacahé sithik, ning pasukan Siria ngebaki kabèh dhaérah kuwi.+ 28  Terus abdiné Gusti Allah sing bener nemoni raja Israèl lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah, ’Merga wong Siria kandha, ”Yéhuwah kuwi Gusti Allah pegunungan lan dudu Gusti Allah dhaérah sing rata”, Aku bakal nyerahké pasukan sing akèh iki menyang tanganmu.+ Kowé bakal ngerti tenan nèk Aku iki Yéhuwah.’”+ 29  Wong-wong kuwi terus kémah adhep-adhepan pitung dina suwéné. Ing dina kepitu, wong-wong kuwi mulai perang. Pasukan Israèl ngalahké prajurit Siria 100.000, yaiku prajurit sing mlaku. 30  Prajurit Siria sing isih urip padha mlayu menyang kutha Afèk.+ Ning, témbok kutha kuwi rubuh lan nibani wong 27.000 kuwi. Bèn-hadad ya mlayu lan mlebu ing kutha, terus ndhelik ing salah siji ruangan njero. 31  Terus para abdiné kandha marang dhèwèké, ”Aku kabèh krungu nèk raja-rajané wong Israèl kuwi apikan.* Mula, ijinké aku nalèkké kain goni ing pinggang lan tali ing sirah. Bar kuwi, aku tak ngadhep raja Israèl. Sapa ngerti dhèwèké bakal ngejarké njenengan tetep urip.”+ 32  Mula, wong-wong kuwi nalèkké kain goni ing pinggang lan tali ing sirah, terus ngadhep raja lan kandha, ”Bèn-hadad abdimu kandha, ’Tulung ijinké aku tetep urip.’” Raja njawab, ”Apa dhèwèké isih urip? Dhèwèké kuwi sedulurku.” 33  Wong-wong kuwi nganggep nèk kuwi tandha sing apik, mula wong-wong kuwi padha percaya. Wong-wong kuwi kandha, ”Bèn-hadad pancèn seduluré njenengan.” Terus Raja kandha, ”Gawanen dhèwèké mréné.” Bar kuwi, Bèn-hadad nemoni Raja, lan Raja ngongkon Bèn-hadad numpak kréta. 34  Bèn-hadad kandha marang dhèwèké, ”Kutha-kutha sing dijupuk bapakku saka bapakmu bakal tak balèkké, lan njenengan éntuk mbangun pusat perdagangan* ing Damaskus, kaya sing ditindakké bapakku ing Samaria.” Ahab njawab, ”Liwat perjanjian iki, kowé bakal tak eculké.” Ahab nggawé perjanjian karo Bèn-hadad lan ngongkon dhèwèké lunga. 35  Nurut préntahé Yéhuwah, salah siji keturunané nabi*+ kandha marang kancané, ”Tulung jotosen aku.” Ning, kancané ora gelem. 36  Mula dhèwèké kandha, ”Merga kowé ora manut karo omongané Yéhuwah, sakwisé kowé lunga saka kéné, kowé bakal dipatèni singa.” Sakwisé kancané lunga, ana singa sing nyerang lan matèni kancané kuwi. 37  Dhèwèké kandha marang wong liyané manèh, ”Tulung jotosen aku.” Mula, wong kuwi njotos dhèwèké nganti babak bundhas. 38  Nabi kuwi nganggo perban ing mripaté. Nabi kuwi nyamar dadi wong liya lan ngentèni Raja ing pinggir dalan. 39  Pas Raja liwat, nabi kuwi kandha, ”Abdimu iki mangkat perang, lan ing kana ana prajurit sing teka karo nggawa siji tawanan marang aku. Prajurit kuwi kandha, ’Jaganen wong iki. Nèk dhèwèké nganti lolos, kowé kudu mati nggantèni dhèwèké,+ utawa mbayar sak talènta* pérak.’ 40  Wektu abdimu iki sibuk mrana-mréné, ngerti-ngerti tawanan mau wis ora ana.” Raja kandha, ”Berarti kowé kudu dihukum kaya ngono, merga kowé dhéwé sing ngomong kaya ngono.” 41  Nabi kuwi langsung nyopot perban saka mripaté, lan raja Israèl nitèni nèk wong kuwi salah siji nabi.+ 42  Nabi kuwi kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Merga kowé wis ngejarké lolos wong sing wis Tak préntahké kudu dipatèni,+ kowé kudu mati nggantèni dhèwèké,+ lan rakyatmu bakal nggantèni rakyaté.’”+ 43  Raja Israèl akhiré mulih menyang Samaria+ karo jèngkèl lan gela.

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”dibantai”.
Maksudé, musim semi berikuté.
Lit.: ”étungen”.
Maksudé, musim semi.
Utawa ”nduwé katresnan sing langgeng”. Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
Utawa ”éntuk njupuk dalan-dalan”.
”Keturunané nabi” mungkin maksudé sekolah kanggo para nabi utawa kumpulan para nabi.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.