1 Para Raja 21:1-29

  • Ahab péngin nduwèni kebon angguré Nabot (1-4)

  • Rencanané Izebèl kanggo matèni Nabot (5-16)

  • Èlia nyampèkké berita hukuman marang Ahab (17-26)

  • Ahab ngrendhahké dhiri (27-29)

21  Sakwisé kuwi, ana kasus soal kebon angguré Nabot wong Yizréèl. Kebon kuwi ana ing Yizréèl+ ing cedhak istanané Ahab raja Samaria.  Ahab kandha marang Nabot, ”Wènèhna kebon anggurmu kanggo aku. Kuwi arep tak dadèkké kebon sayur merga kebonmu kuwi cedhak istanaku. Kowé bakal tak ijoli kebon anggur sing luwih apik, utawa nèk kowé gelem, kebonmu kuwi tak tukuné.”  Ning Nabot kandha, ”Nurut pandhangané Yéhuwah, ora mungkin aku mènèhké tanah warisané nènèk moyangku marang njenengan.”+  Terus, Ahab mulih menyang istanané karo jèngkèl lan gela, merga Nabot wong Yizréèl kuwi kandha, ”Aku ora bakal mènèhké warisané nènèk moyangku marang njenengan.” Ahab nggléthak ing kasuré karo madhep témbok, lan dhèwèké ora gelem mangan.  Izebèl+ bojoné teka lan takon, ”Ngapa kowé sedhih lan ora gelem mangan?”  Ahab njawab, ”Merga aku kandha marang Nabot wong Yizréèl, ’Kebon anggurmu tak tukuné, utawa nèk kowé gelem tak ijoli kebon anggur liyané.’ Ning dhèwèké kandha, ’Aku ora bakal mènèhké kebon anggurku marang njenengan.’”  Izebèl bojoné kandha marang Ahab, ”Kowé kan rajané Israèl, ta? Tangia, mangana, lan aja sedhih manèh. Aku bakal mènèhi kowé kebon angguré Nabot wong Yizréèl kuwi.”+  Izebèl nulis surat nganggo jenengé Ahab lan meterainé+ Raja, terus ngirim surat-surat kuwi marang para pemimpin*+ lan pejabat sing manggon ing kuthané Nabot.  Izebèl nulis ing surat kuwi, ”Umumna pasa, lan kongkonen Nabot lungguh ing ngarepé wong-wong. 10  Kongkonen pengangguran loro lungguh ing ngarepé lan nudhuh dhèwèké,+ ’Kowé wis ngutuk Gusti Allah lan Raja!’+ Terus, gawanen dhèwèké metu saka kutha lan bandhemana* nganggo watu nganti mati.”+ 11  Mula, wong-wong ing kutha kuwi, yaiku para pemimpin lan pejabat sing manggon ing kana, nindakké persis kaya sing ditulis Izebèl ing suraté. 12  Terus, wong-wong kuwi ngumumké pasa lan ngongkon Nabot lungguh ing ngarepé wong-wong. 13  Bar kuwi, pengangguran loro mau mara lan lungguh ing ngarepé Nabot. Pengangguran loro kuwi mulai nudhuh Nabot ing ngarepé wong akèh, kandhané, ”Nabot wis ngutuk Gusti Allah lan Raja.”+ Terus, Nabot digawa metu menyang pinggirané kutha lan dibandhemi* watu nganti mati.+ 14  Bar kuwi, wong-wong kuwi ngirim pesen marang Izebèl, ”Nabot wis dibandhemi* watu nganti mati.”+ 15  Sakwisé krungu nèk Nabot wis dibandhemi* watu nganti mati, Izebèl kandha marang Ahab, ”Tangia, jupuken kebon angguré Nabot wong Yizréèl kuwi,+ sing mbiyèn ora diedol marang kowé, merga saiki Nabot wis mati.” 16  Wektu krungu nèk Nabot wis mati, Ahab langsung tangi lan lunga menyang kebon angguré Nabot wong Yizréèl, terus kebon anggur kuwi dipèk Ahab. 17  Ning, Yéhuwah kandha marang Èlia+ wong Tisbé, 18  ”Lungaa, paranana Ahab raja Israèl ing Samaria.+ Dhèwèké ana ing kebon angguré Nabot merga dhèwèké arep ngepèk kebon anggur kuwi. 19  Kandhanana dhèwèké, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Apa kowé wis matèni wong+ lan ngepèk tanahé?”’+ Omonga manèh, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Ing panggonan asu ndilati getihé Nabot, ya ing kono kuwi asu bakal ndilati getihmu.”’”+ 20  Ahab kandha marang Èlia, ”Dadi, kowé wis nemokké aku, mungsuhku!”+ Èlia njawab, ”Ya, aku wis nemokké kowé. Gusti Allah kandha, ’Merga kowé nduwé tékad* kanggo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah,+ 21  Aku bakal nggawé kowé kena bencana. Aku bakal nyingkirké lan matèni saben wong lanang*+ ing keluargané Ahab, termasuk wong sing paling rendhah lan tanpa daya ing Israèl.+ 22  Aku ya bakal nggawé keluargamu kaya keluargané Yéroboam+ anaké Nébat lan kaya keluargané Baasya+ anaké Ahiya, merga kowé wis nggawé Aku nesu lan nyebabké Israèl nglakoni dosa.’ 23  Sakliyané kuwi, Yéhuwah kandha ngéné soal Izebèl, ’Izebèl bakal dipangan asu-asu ing salah siji ladhang ing Yizréèl.+ 24  Keluargané Ahab sing mati ing kutha bakal dipangan asu nganti entèk, lan keluargané Ahab sing mati ing njaba kutha bakal dipangan manuk-manuk ing langit nganti entèk.+ 25  Ora ana wong sing kaya Ahab,+ sing nduwé tékad* kanggo nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah merga diojok-ojoki Izebèl bojoné.+ 26  Tumindaké njijiki banget merga dhèwèké nyembah brahala-brahala sing njijiki,* kaya sing ditindakké wong Amori, sing diusir Yéhuwah saka ngarepé wong Israèl.’”+ 27  Sakwisé krungu omongan kuwi, Ahab langsung nyuwèk klambiné lan nganggo kain goni. Dhèwèké pasa lan nggléthak karo nganggo kain goni. Dhèwèké ya mlaku karo sedhih banget. 28  Terus Yéhuwah kandha marang Èlia wong Tisbé, 29  ”Apa kowé weruh nèk Ahab wis ngrendhahké dhiri merga omongan-Ku?+ Merga dhèwèké wis ngrendhahké dhiri ing ngarep-Ku, Aku ora bakal mènèhi bencana kuwi wektu dhèwèké isih urip. Aku bakal mènèhi bencana kuwi marang keluargané pas jamané anaké.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”para sesepuh”.
Utawa ”balangana”.
Utawa ”dibalangi”.
Utawa ”dibalangi”.
Utawa ”dibalangi”.
Lit.: ”kowé ngedol awakmu”.
Lit.: ”sapa waé sing nguyuh ing témbok”. Iki istilah ing basa Ibrani sing ngrèmèhké, sing artiné wong lanang.
Lit.: ”sing ngedol awaké”.
Kata Ibraniné mungkin ana hubungané karo kata ”tai” kanggo nduduhké rasa jijik.