1 Para Raja 22:1-53

  • Yéhosyafat kerja sama karo Ahab (1-12)

  • Ramalané Mikaya nèk Ahab bakal kalah (13-28)

    • Malaékat sing ngapusi Ahab (21, 22)

  • Ahab dipatèni ing Ramot-giléad (29-40)

  • Yéhosyafat mréntah Yéhuda (41-50)

  • Ahazia dadi rajané Israèl (51-53)

22  Telung taun suwéné ora ana perang antarané Siria lan Israèl.  Ing taun ketelu, Yéhosyafat+ raja Yéhuda nemoni raja Israèl.+  Raja Israèl kandha marang para abdiné, ”Kowé ngerti ora nèk sakjané Ramot-giléad+ kuwi duwèké awaké dhéwé? Ngapa kok awaké dhéwé ragu-ragu kanggo njupuk kuwi saka raja Siria?”  Terus dhèwèké kandha marang Yéhosyafat, ”Apa kowé gelem ngancani aku perang ing Ramot-giléad?” Yéhosyafat njawab, ”Aku bareng karo pasukan lan jaran-jaranku bakal lunga karo kowé.”+  Ning Yéhosyafat kandha marang raja Israèl, ”Mendhing awaké dhéwé takon dhisik+ marang Yéhuwah+ soal iki.”  Mula, raja Israèl nglumpukké nabi-nabi lan jumlahé kira-kira 400. Dhèwèké takon marang nabi-nabi kuwi, ”Aku kudu mangkat perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Wong-wong kuwi njawab, ”Majua, Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.”  Yéhosyafat kandha, ”Apa ora ana nabiné Yéhuwah ing kéné? Ayo awaké dhéwé ya njaluk tuntunané Gusti Allah liwat dhèwèké.”+  Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Isih ana siji manèh. Awaké dhéwé isa njaluk tuntunané Yéhuwah+ liwat wong kuwi, ning aku sengit karo dhèwèké,+ merga dhèwèké ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.+ Jenengé Mikaya anaké Imla.” Ning Yéhosyafat kandha, ”Raja ora olèh ngomong kaya ngono.”  Mula, raja Israèl ngundang salah siji pejabat istana lan kandha, ”Cepet gawanen Mikaya anaké Imla mréné.”+ 10  Wektu kuwi raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda nganggo jubah kerajaan lan lungguh ing takhtané dhéwé-dhéwé, ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* ing ngarep gerbang Samaria. Kabèh nabi padha ngramal ing ngarepé raja-raja kuwi.+ 11  Terus, Zédékia anaké Khénaana nggawé sungu-sungu saka wesi lan kandha, ”Iki sing diomongké Yéhuwah: ’Nganggo sungu-sungu iki kowé bakal nyrudug* wong Siria nganti kabèh wong kuwi disingkirké.’” 12  Kabèh nabi liyané ya ngramalké sing padha, kandhané, ”Majua menyang Ramot-giléad, lan njenengan bakal suksès. Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.” 13  Utusan sing dikongkon ngundang Mikaya kuwi kandha, ”Tak kandhani, kabèh nabi wis padha ngomong sing apik-apik marang Raja. Tulung, kowé ya ngomonga sing apik-apik marang Raja kaya wong-wong kuwi.”+ 14  Ning dhèwèké kandha, ”Demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, apa waé sing diomongké Yéhuwah marang aku, ya kuwi sing bakal tak omongké.” 15  Terus Mikaya ngadhep Raja. Raja takon, ”Mikaya, aku kudu mangkat perang nglawan Ramot-giléad apa ora?” Mikaya langsung njawab, ”Majua, njenengan bakal suksès. Yéhuwah bakal nyerahké kutha kuwi marang Raja.” 16  Terus Raja kandha, ”Nganti ping pira aku kudu ngongkon kowé sumpah, supaya kowé mung ngomongké sing sak beneré marang aku nganggo jenengé Yéhuwah?” 17  Mikaya kandha, ”Aku ndelok kabèh wong Israèl padha kocar-kacir ing gunung-gunung,+ kaya domba sing ora nduwé gembala. Yéhuwah kandha, ’Wong-wong kuwi ora nduwé majikan. Bèn waé wong-wong kuwi bali lan slamet tekan omahé dhéwé-dhéwé.’” 18  Terus raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Kowé kan wis tak kandhani, ta? Dhèwèké kuwi ora tau ngramalké sing apik soal aku, mung sing èlèk terus.”+ 19  Bar kuwi, Mikaya kandha, ”Saiki rungokna omongané Yéhuwah. Aku ndelok Yéhuwah lungguh ing takhtané+ lan kabèh pasukan langit padha ngadeg ing cedhaké, ing sisih tengen lan kiwané.+ 20  Terus Yéhuwah kandha, ’Sapa sing bakal ngapusi Ahab supaya dhèwèké mangkat lan mati ing Ramot-giléad?’ Sing siji ngomong ngéné, lan sing sijiné ngomong ngono. 21  Bar kuwi, ana malaékat*+ sing maju lan ngadeg ing ngarepé Yéhuwah lan kandha, ’Aku sing arep ngapusi dhèwèké.’ Yéhuwah takon, ’Piyé carané kowé ngapusi dhèwèké?’ 22  Dhèwèké njawab, ’Aku bakal lunga lan nggawé para nabiné ngapusi.’*+ Gusti Allah kandha, ’Lungaa lan tindakna kuwi. Kowé bakal ngapusi dhèwèké, lan kowé bakal suksès.’ 23  Kuwi sebabé Yéhuwah ngijinké malaékaté nggawé nabi-nabimu iki ngapusi.+ Ning, Yéhuwah wis ngumumké nèk njenengan bakal kena bencana.”+ 24  Terus, Zédékia anaké Khénaana nyedhak lan ngampleng Mikaya terus kandha, ”Maksudmu, apa roh suciné Yéhuwah wis ninggalké aku lan saiki omongan liwat kowé?”+ 25  Mikaya njawab, ”Kowé bakal ngerti saktenané wektu kowé mlebu menyang ruangan paling njero kanggo ndhelik.” 26  Terus raja Israèl kandha, ”Gawanen Mikaya, lan serahna dhèwèké marang Amon pemimpiné kutha lan marang Yoas putrané Raja. 27  Omonga marang wong-wong kuwi, ’Raja kandha, ”Wong iki lebokna penjara,+ lan kowé kudu ngurangi jatah roti lan banyuné nganti aku slamet bali tekan kéné.”’” 28  Ning Mikaya kandha, ”Nèk nganti njenengan isa slamet bali tekan kéné, berarti omonganku iki dudu saka Yéhuwah.”+ Mikaya kandha manèh, ”Kowé kabèh, cekelen omonganku iki.” 29  Mula, raja Israèl lan Yéhosyafat raja Yéhuda mangkat menyang Ramot-giléad.+ 30  Raja Israèl kandha marang Yéhosyafat, ”Aku bakal nyamar lan mangkat perang, ning kowé nganggoa jubah kerajaanmu.” Mula, raja Israèl nyamar+ lan mangkat perang. 31  Raja Siria wis mènèhi préntah ngéné marang 32 pemimpin pasukan krétané,+ ”Aja nyerang sapa waé, embuh kuwi prajurit utawa pemimpin pasukan. Serangen waé raja Israèl.” 32  Pas para pemimpin pasukan kréta weruh Yéhosyafat, wong-wong kuwi langsung mikir, ’Kuwi mesthi raja Israèl.’ Mula, wong-wong kuwi mbalik kanggo nyerang, lan Yéhosyafat mbengok-mbengok njaluk tulung. 33  Wektu para pemimpin pasukan kréta kuwi sadhar nèk wong kuwi jebulé dudu raja Israèl, wong-wong kuwi langsung mundur lan ora ngoyak* manèh. 34  Ana wong sing manah sak kenané, lan ora sengaja ngenani raja Israèl pas ing sela-selané sambungan klambi perangé. Mula Raja kandha marang kusir krétané, ”Mbalika, lan gawanen aku lunga saka kéné merga aku wis luka parah.”+ 35  Perangé kelakon sedina muput, lan raja Israèl kudu disangga bèn isa tetep ngadeg ing krétané, madhep wong Siria. Ing njero kréta perangé, getihé mili terus saka lukané, lan dhèwèké mati pas soréné.+ 36  Kira-kira pas matahari terbenam, ana swara seru sing mréntahké pasukan Israèl, ”Balia menyang kuthané dhéwé-dhéwé! Balia menyang tanahé dhéwé-dhéwé!”+ 37  Ya ngono kuwi Raja mati. Dhèwèké digawa menyang Samaria lan dikubur ing kana. 38  Wektu kréta perang mau dikumbah ing kolam Samaria, asu-asu ndilati getihé Ahab lan para pelacur adus ing kana.* Kuwi cocog karo sing diomongké Yéhuwah.+ 39  Sejarah liyané soal Ahab, yaiku soal kabèh sing ditindakké lan istana gadhing+ lan kabèh kutha sing dibangun, kuwi ditulis ing buku sejarah bab raja-raja Israèl. 40  Terus Ahab mati,*+ lan Ahazia+ anaké dadi raja nggantèni dhèwèké. 41  Yéhosyafat+ anaké Asa dadi raja Yéhuda ing taun kepapat pamréntahané Ahab raja Israèl. 42  Yéhosyafat umuré 35 taun pas dadi raja lan mréntah 25 taun suwéné ing Yérusalèm. Ibuné jenengé Azuba anaké Syilhi. 43  Yéhosyafat terus niru Asa+ bapaké lan ora nyimpang saka kuwi. Dhèwèké nindakké apa sing bener nurut pandhangané Yéhuwah,+ ning panggonan-panggonan dhuwur* ora disingkirké lan wong-wong isih tetep mènèhké korban lan nggawé asap korban ing kana.+ 44  Yéhosyafat terus njaga hubungan sing apik karo raja Israèl.+ 45  Sejarah liyané soal Yéhosyafat, yaiku soal kehébatané lan perangé, kuwi ditulis ing buku sejarah soal raja-raja Yéhuda. 46  Dhèwèké ya ngusir kabèh wong lanang sing dadi pelacur*+ sing ora diusir karo Asa bapaké.+ Yéhosyafat ngusir kabèh pelacur kuwi saka tanah kuwi. 47  Wektu kuwi ora ana raja ing Édom,+ lan sing mréntah ing kana kuwi salah siji pejabat dhaérah.+ 48  Yéhosyafat ya nggawé kapal-kapal Tarsyis* kanggo njupuk emas saka Ofir,+ ning kapal-kapal kuwi ora isa mrana merga kapalé padha remuk ing Ézion-gèbèr.+ 49  Ya ing wektu kuwi Ahazia anaké Ahab kandha marang Yéhosyafat, ”Para abdiku bèn lunga karo para abdimu numpak kapal kuwi.” Ning, Yéhosyafat ora setuju. 50  Akhiré Yéhosyafat mati* lan dikubur bareng karo nènèk moyangé+ ing Kutha Daud nènèk moyangé. Anaké sing jenengé Yéhoram+ dadi raja nggantèni dhèwèké. 51  Ahazia+ anaké Ahab dadi raja Israèl ing Samaria ing taun ke-17 pamréntahané Yéhosyafat raja Yéhuda, lan dhèwèké mréntah Israèl suwéné rong taun. 52  Dhèwèké terus nindakké apa sing jahat nurut pandhangané Yéhuwah lan niru tumindaké bapaké+ lan ibuné.+ Dhèwèké ya niru tumindaké Yéroboam anaké Nébat sing wis nggawé Israèl nindakké dosa.+ 53  Dhèwèké terus nglayani lan sujud marang Baal,+ lan terus nglarani atiné Yéhuwah Gusti Allahé Israèl,+ persis kaya sing ditindakké bapaké.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyurung”.
Lit.: ”roh”.
Lit.: ”bakal dadi roh sing ngapusi ing cangkemé kabèh nabiné”.
Utawa ”nguber”.
Utawa mungkin ”yaiku panggonané para pelacur kuwi adus, asu-asu ndilati getihé Ahab”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.
Utawa ”wong lanang sing dadi pelacur ing kuil”.
Lit.: ”diturokké bareng karo nènèk moyangé”.