1 Para Raja 5:1-18

  • Raja Hiram nyedhiakké bahan bangunan (1-12)

  • Wong-wong sing dikongkon kerja kanggo Salomo (13-18)

5  Wektu Hiram raja Tirus+ krungu nèk Salomo wis dilantik dadi raja nggantèni Daud bapaké, dhèwèké ngutus para abdiné marang Salomo, merga kèt mbiyèn Hiram kuwi kancané* Daud.+  Terus Salomo ngirim pesen marang Hiram,+  ”Njenengan kan ngerti nèk Daud bapakku ora isa mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahé, merga dhèwèké perang nglawan akèh mungsuh, ning akhiré Yéhuwah mènèhi dhèwèké kemenangan.+  Saiki, Yéhuwah Gusti Allahku nggawé aku bébas saka kabèh mungsuh ing sekitarku.+ Ora ana sing nglawan aku, lan ora ana sing nggawé aku wedi.+  Dadi, aku péngin mbangun omah kanggo jenengé Yéhuwah Gusti Allahku, kaya janjiné Yéhuwah marang Daud bapakku, kandhané, ’Anakmu sing bakal Tak lungguhké ing takhtamu nggantèni kowé, ya dhèwèké kuwi sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku.’+  Saiki préntahna wong-wongmu negor wit-wit aras Lébanon+ kanggo aku. Para abdiku bakal kerja bareng karo para abdimu, lan aku bakal mbayar upahé para abdimu nurut rega sing wis mbok tentokké. Njenengan ngerti nèk ing antarané rakyatku ora ana sing pinter negor wit kaya wong Sidon.”+  Sakwisé krungu omongané Salomo, Hiram seneng banget lan kandha, ”Muga-muga Yéhuwah dipuji dina iki, merga wis mènèhi Daud anak lanang sing wicaksana kanggo mimpin bangsa sing gedhé* iki!”+  Mula, Hiram ngirim pesen marang Salomo, ”Aku wis nampa pesen sing mbok kirim. Aku bakal nindakké kabèh sing mbok péngini kanggo nyedhiakké kayu aras lan kayu juniper.+  Wong-wongku bakal nggawa kayu-kayu kuwi mudhun saka Lébanon menyang laut. Kayu-kayu kuwi bakal digandhèng-gandhèng dadi rakit terus digawa liwat laut menyang panggonan sing wis mbok tentokké. Ing kana, kayu-kayu kuwi bakal dibongkar lan isa mbok gawa. Kanggo gantiné, kowé bakal nyedhiakké panganan sing tak jaluk kanggo wong-wong ing istanaku.”+ 10  Mula, Hiram nyedhiakké kayu aras lan kayu juniper sing dijaluk Salomo. 11  Salomo mènèhi Hiram 20.000 kor* gandum kanggo persediaan pangané wong-wong ing istanané Hiram lan 20 kor minyak zaitun sing paling apik. Kuwi sing diwènèhké Salomo marang Hiram saben taun.+ 12  Yéhuwah mènèhi kawicaksanan marang Salomo kaya sing wis dijanjèkké.+ Salomo ya nduwé hubungan sing apik karo Hiram, lan loro-loroné padha nggawé perjanjian. 13  Raja Salomo ngongkon wong lanang 30.000 saka kabèh dhaérah ing Israèl bèn kerja kanggo raja.+ 14  Dhèwèké ngutus wong-wong kuwi menyang Lébanon giliran, wong 10.000 saben sasi. Wong-wong kuwi bakal nginep ing Lébanon suwéné sesasi lan nginep ing omah suwéné rong sasi. Adoniram+ ngawasi wong-wong sing dikongkon kerja kanggo raja. 15  Salomo nduwé kuli 70.000, tukang motong watu+ ing gunung 80.000,+ 16  lan pejabat dhaérah+ 3.300 sing tugasé ngawasi wong-wong sing kerja kuwi. 17  Nurut préntahé Raja, wong-wong kuwi nggolèk watu-watu gedhé sing larang,+ terus dipecah-pecah lan didadèkké pondhasi+ omah kuwi.+ 18  Dadi, tukang bangunané Salomo, tukang bangunané Hiram, lan wong-wong Gébal+ padha mecah-mecah watu lan nyiapké kayu lan watu kanggo mbangun omah kuwi.

Katrangan Tambahan

Utawa ”terus nresnani”.
Utawa ”sing akèh”.
1 kor = 220 L. Deloken Lamp. B14.