1 Para Raja 6:1-38

  • Salomo mbangun bait (1-38)

    • Ruangan paling njero (19-22)

    • Kerub-kerub (23-28)

    • Ukiran, lawang, halaman sisih njero (29-36)

    • Bait rampung dibangun kira-kira pitung taun (37, 38)

6  Ing sasi Ziw*+ (yaiku sasi keloro), ing taun kepapat pamréntahané Salomo dadi raja Israèl, lan 480 taun sakwisé bangsa Israèl* metu saka Mesir,+ Salomo mulai mbangun omahé Yéhuwah.*+  Omah sing dibangun Raja Salomo kanggo Yéhuwah kuwi dawané 60 hasta,* ambané 20 hasta, lan dhuwuré 30 hasta.+  Serambi+ ing ngarep bait* ambané* 20 hasta, padha kaya ambané omah kuwi. Nèk diétung saka ngarep omah kuwi, serambi mau dawané sepuluh hasta.  Salomo nggawé jendhéla-jendhéla kanggo omah kuwi sing bingkainé+ saya sempit saka arah njero menyang njaba.  Terus, dhèwèké nggawé bangunan ing samping sing ngubengi omah kuwi. Bangunan kuwi nèmplèk ing témbok omah, yaiku témbok bait* lan témbok ruangan paling njero,*+ lan ing bangunan samping kuwi ana ruang-ruang sampingé.+  Lantai sing paling ngisor ambané limang hasta, lantai loro ambané enem hasta, lan sing paling ndhuwur ambané pitung hasta. Témbok sing ngisor luwih kandel timbang témbok sing ndhuwuré, bèn kayu-kayu ing ruang samping kuwi isa dipasang tanpa mbolongi témbok kuwi.+  Omah kuwi dibangun nganggo watu sing wis diklumpukké lan disiapké,+ bèn ora ana swara palu, kapak, utawa alat-alat wesi liyané saksuwéné omah kuwi dibangun.  Dalan mlebu ing ruang samping sing paling ngisor ana ing sisih kidulé* omah kuwi.+ Terus, ana undhak-undhakan kanggo munggah ing lantai loro, lan saka lantai loro munggah ing lantai telu.  Dhèwèké neruské pembangunan omah kuwi nganti rampung.+ Terus, dhèwèké masang balok-balok lan papan-papan saka kayu aras kanggo atapé.+ 10  Dhèwèké mbangun ruang-ruang samping ing sak ubengé omah kuwi.+ Saben ruang dhuwuré limang hasta, lan ana kayu-kayu aras sing ngubungké ruang samping karo omah. 11  Yéhuwah kandha marang Salomo, 12  ”Nèk kowé manut karo peraturan-Ku, hukum-Ku, lan kabèh préntah-Ku lan urip manut kuwi kabèh,+ Aku bakal nepati janji-Ku marang Daud bapakmu soal kowé,+ khususé soal omah sing mbok bangun iki. 13  Aku bakal manggon ing tengah-tengahé wong Israèl,+ lan Aku ora bakal ninggalké umat-Ku Israèl.”+ 14  Salomo neruské pembangunan kanggo ngrampungké omah kuwi. 15  Dhèwèké nglapisi témbok omah bagéan njero nganggo papan-papan saka kayu aras. Papan-papan kayu kuwi dipasang ing témbok bagéan njero saka lantai tekan langit-langit, lan lantainé dipasangi papan-papan saka kayu juniper.+ 16  Ing bagéan paling mburi omah kuwi,+ dhèwèké nggawé ruangan sing ukurané 20 hasta. Ruangan kuwi disebut Ruang Mahasuci.+ Dhèwèké misahké ruangan kuwi nganggo papan-papan saka kayu aras saka lantai tekan plafon. 17  Ing bagéan ngarep omah kuwi, ana Ruang Suci+ sing dawané 40 hasta. 18  Kayu aras ing bagéan njero omah diukir gambar labu+ lan kembang sing mekar.+ Kabèh bagéan dilapisi kayu aras, mula ora ana watu sing kétok. 19  Salomo nyiapké ruangan sing paling njero+ ing omah kuwi kanggo ndèlèhké pethi perjanjiané Yéhuwah.+ 20  Ruangan sing paling njero kuwi dawané 20 hasta, ambané 20 hasta, lan dhuwuré 20 hasta,+ lan dilapisi emas murni. Dhèwèké nglapisi mézbah+ nganggo kayu aras. 21  Salomo nglapisi bagéan njero omah kuwi nganggo emas murni,+ lan ing ngarepé ruangan paling njero+ sing dilapisi emas, dhèwèké masang ranté emas. 22  Dhèwèké nglapisi kabèh bagéan omah kuwi nganggo emas. Dhèwèké ya nglapisi mézbah+ sing ana ing cedhak ruangan paling njero nganggo emas. 23  Ing ruangan paling njero, dhèwèké nggawé kerub loro saka kayu pinus.* Saben kerub+ dhuwuré sepuluh hasta.+ 24  Dawané sayap kerub kuwi limang hasta, lan sayap sing sijiné ya limang hasta. Saka pucuk sayap siji nganti pucuk sayap sijiné dawané sepuluh hasta. 25  Kerub sing sijiné ya sepuluh hasta. Loro-loroné nduwé ukuran lan bentuk sing padha. 26  Dhuwuré kerub sing siji sepuluh hasta, padha kaya kerub sing sijiné. 27  Terus, dhèwèké ndèlèhké kerub loro+ kuwi ing Ruang Mahasuci. Salah siji sayapé kerub sing pertama ngenani témbok sing sisih kéné, lan salah siji sayapé kerub sing keloro ngenani témbok sing sisih kana. Ing tengah-tengahé ruang kuwi, ujung sayapé kerub sing pertama ngenani ujung sayapé kerub sing keloro. 28  Kerub-kerub kuwi dilapisi emas. 29  Kabèh témbok ing omah kuwi, yaiku témbok ruangan loro mau, diukir gambar kerub,+ wit palem,+ lan kembang sing mekar.+ 30  Lantai ing ruangan loro kuwi dilapisi emas. 31  Dhèwèké nggawé lawang loro saka kayu pinus, tugu-tugu samping, lan kusèn lawang kanggo dalan mlebu menyang ruangan paling njero. Kuwi dadi bagéan kelima.* 32  Lawang loro kuwi digawé saka kayu pinus, terus diukir gambar kerub, wit palem, lan kembang sing mekar. Bar kuwi, dilapisi emas. Dhèwèké nggunakké palu kanggo nglapisi ukiran kerub lan wit palem kuwi nganggo emas. 33  Kanggo dalan mlebu menyang bait, dhèwèké nggawé kusèn lawang saka kayu pinus nganggo cara sing padha. Kuwi dadi bagéan kepapat.* 34  Dhèwèké nggawé lawang loro saka kayu juniper. Saben lawang kuwi nduwé papan loro sing isa dilempit.+ 35  Dhèwèké ngukir gambar kerub, wit palem, lan kembang sing mekar, terus nglapisi ukiran-ukiran kuwi nganggo emas. 36  Kanggo halaman sisih njero,+ dhèwèké nggawé témbok nganggo telung lapis watu sing wis dikethok lan sak lapis balok kayu aras.+ 37  Ing taun kepapat pamréntahané Salomo, ing sasi Ziw,* pondhasi omahé Yéhuwah dipasang.+ 38  Ing taun ke-11, ing sasi Bul* (yaiku sasi kewolu), kabèh bagéan omah kuwi rampung dibangun nurut rancangané.+ Dadi, Salomo mbangun omah kuwi pitung taun suwéné.

Katrangan Tambahan

Deloken Lamp. B8.
Lit.: ”putra-putra Israèl”.
Deloken Lamp. B15.
1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Mungkin Ruang Suci.
Utawa ”dawané”.
Maksudé, Ruang Mahasuci.
Maksudé, Ruang Suci.
Lit.: ”sisih tengené”.
Utawa ”kayu-minyak”.
Utawa mungkin ”seperlimané”. Mungkin maksudé bagéan kelima saka carané kusèn lawang kuwi digawé utawa seperlima saka ukurané lawang kuwi.
Mungkin maksudé bagéan kepapat saka carané kusèn lawang kuwi digawé utawa seprapat saka ukurané lawang kuwi.
Deloken Lamp. B15.
Deloken Lamp. B15.