1 Para Raja 7:1-51

  • Komplèks istanané Salomo (1-12)

  • Hiram sing trampil mbantu Salomo (13-47)

    • Cagak loro saka tembaga (15-22)

    • Laut Tembaga (23-26)

    • Grobag sepuluh lan bak tembaga (27-39)

  • Peralatan saka emas rampung digawé (48-51)

7  Salomo mbangun istanané suwéné 13 taun,+ nganti kabèh rampung.+  Dhèwèké mbangun Omah Alas Lébanon+ sing dawané 100 hasta,* ambané 50 hasta, lan dhuwuré 30 hasta. Kuwi disangga patang baris cagak saka kayu aras, lan ing ndhuwuré cagak-cagak+ mau ana balok-balok saka kayu aras.  Bagéan ndhuwuré omah kuwi dipasangi papan-papan kayu aras sing didèlèhké ing ndhuwuré kayu-kayu sing disangga cagak-cagak mau. Jumlahé* ana 45, saben baris ana 15.  Ana telung tingkat jendhéla sing ana bingkainé. Saben jendhéla adhep-adhepan karo jendhéla liyané.  Kabèh lawang lan kusèn-kusèné bentuké kothak. Bagéan ngarep jendhéla telung tingkat sing adhep-adhepan mau bentuké ya kothak.  Dhèwèké ya mbangun Ruang* Cagak sing dawané 50 hasta lan ambané 30 hasta. Ing ngarep ruang kuwi, ana serambi sing ana atapé sing disangga cagak-cagak.  Dhèwèké ya mbangun Ruang* Takhta,+ utawa Ruang Pengadilan, yaiku panggonan dhèwèké ngadili.+ Panggonan kuwi dipasangi kayu aras saka lantai tekan plafon.  Istana sing dienggoni Salomo ana ing halaman liya,+ ora dadi siji karo ruang kuwi, ning digawé nganggo cara sing padha kaya ruang kuwi. Salomo ya mbangun omah sing padha kaya ruang kuwi kanggo bojoné,+ yaiku putri Firaun.  Kabèh bangunan kuwi digawé saka watu-watu sing larang,+ saka pondhasiné nganti watu témbok sing paling ndhuwur lan bagéan njabané nganti tekan halaman amba. Watu-watu kuwi dikethok nurut ukuran sing wis ditentokké, lan kabèh sisihé watu kuwi diratakké nganggo graji watu.+ 10  Pondhasi-pondhasiné digawé saka watu-watu sing larang lan gedhé banget. Ana sing sepuluh hasta, lan ana sing wolung hasta. 11  Ing ndhuwuré pondhasi kuwi, ana watu-watu sing larang sing dikethok nurut ukuran sing wis ditentokké. Kayu-kayu aras ya digunakké. 12  Ing sak ubengé halaman amba, ana témbok sing digawé saka watu telung lapis sing wis dikethok lan balok kayu aras sak lapis, padha kaya témbok halaman njeroné+ omahé Yéhuwah lan serambi omah kuwi.+ 13  Raja Salomo ngirim utusan kanggo methuk* Hiram+ saka Tirus. 14  Hiram kuwi anaké randha saka suku Naftali, lan bapaké kuwi tukang tembaga+ saka Tirus. Hiram kuwi wong sing trampil, pinter,+ lan nduwé akèh pengalaman soal gawéan tembaga.* Hiram teka lan nindakké kabèh sing ditugaské Raja Salomo. 15  Dhèwèké nggawé cagak loro saka tembaga,+ saben cagak dhuwuré 18 hasta. Kelilingé saben cagak kuwi 12 hasta.*+ 16  Dhèwèké ya nggawé loro kepala cagak saka tembaga kanggo didèlèhké ing ndhuwuré cagak-cagak mau. Saben kepala cagak kuwi dhuwuré limang hasta. 17  Ing saben kepala cagak, ana jaring sing digawé saka pitu untaian ranté.+ 18  Dhèwèké nggawé rong baris delima sing dipasang ing sak ubengé jaring mau kanggo hiasan kepala cagak. Cagak sing sijiné ya digawé kaya ngono. 19  Ing kepala cagak sing ana ing serambi kuwi, ana bagéan sing bentuké kembang lili sing dhuwuré patang hasta. 20  Bagéan kuwi ana ing ndhuwuré bagéan bunder sing diubengi jaring mau, yaiku sing ana ing ndhuwuré cagak loro mau. Ana rong baris delima ing saben kepala cagak, sing jumlahé 200 delima.+ 21  Dhèwèké ndèlèhké cagak-cagak kuwi ing ngarep serambi bait.*+ Sing siji ing sisih tengen,* lan kuwi dijenengi Yakhin.* Sing sijiné ing sisih kiwa,* lan kuwi dijenengi Boaz.*+ 22  Kepala cagak-cagak kuwi bentuké kembang lili. Cagak-cagak kuwi akhiré rampung digawé. 23  Terus, dhèwèké nggawé penampungan banyu sing disebut Laut Tembaga.+ Bentuké bunder, dhuwuré 5 hasta, garis tengahé 10 hasta saka pinggir tekan pinggir, kelilingé 30 hasta.*+ 24  Ing bagéan ngisor pinggirané Laut kuwi, ana rong baris hiasan sing bentuké labu+ sing ngubengi kabèh pinggirané Laut kuwi. Saben hasta ana sepuluh labu. Hiasan sing bentuké labu kuwi digawé sak cétakan karo Laut kuwi. 25  Laut kuwi disangga patung sapi lanang 12,+ 3 madhep ngalor, 3 madhep ngulon, 3 madhep ngidul, lan 3 madhep ngétan. Bagéan mburi patung sapi-sapi kuwi ngarah ing bagéan tengahé Laut kuwi. 26  Kandelé Laut kuwi padha kaya ambané tlapak tangan.* Pinggiré Laut kuwi digawé kaya pinggiré cangkir, kaya kembang lili sing mekar. Laut mau isa diisèni banyu 2.000 bat.* 27  Terus, dhèwèké nggawé sepuluh grobag*+ saka tembaga. Saben grobag dawané patang hasta, ambané patang hasta, lan dhuwuré telung hasta. 28  Iki carané grobag kuwi digawé: Saben sisihé digawé saka lèmpèngan-lèmpèngan sing dipasang ing bingkai tembaga. 29  Ing lèmpèngan-lèmpèngan kuwi ana gambar singa,+ sapi lanang, lan kerub.+ Bingkai-bingkainé ya ana gambar-gambar sing padha karo kuwi. Ing ndhuwur lan ngisoré gambar singa lan sapi lanang, ana ukiran sing bentuké untaian. 30  Ing saben grobag, ana rodha tembaga papat. Rodha-rodha kuwi dihubungké nganggo batang-batang* tembaga, lan ing pojoké grobag ana patang cagak sing nahan rodha-rodhané. Ing ngisoré bak ana penyangga sing saben sisihé dihiasi untaian, sing digawé sak cétakan karo penyanggané. 31  Bagéan ndhuwur bak kuwi bunder lan ana bingkainé. Saka ngisor bak nganti ngisor bingkai kuwi dhuwuré sak hasta. Bingkai kuwi lan sing nyangga disebut penyangga, lan dhuwuré siji setengah hasta. Ing kabèh sisihé bingkai, ana lèmpèngan-lèmpèngan sing diukir. Kuwi bentuké kothak, dudu bunder. 32  Patang rodha kuwi ana ing ngisoré saben pojokan grobag. Cagak sing nahan rodha-rodhané nyambung karo grobagé. Dhuwuré saben rodha kuwi siji setengah hasta. 33  Rodha-rodha kuwi digawé kaya rodhané kréta jaran. Cagak sing nahan rodha, pèleg, ruji, lan porosé, kabèh digawé saka logam. 34  Ing saben pojokan grobag, ana patang cagak sing nahan rodha-rodha, sing digawé sak cétakan karo grobagé. 35  Ing bagéan ndhuwur grobag kuwi, ana bingkainé sing dhuwuré setengah hasta. Bingkai lan lèmpèngané digawé sak cétakan karo penyangga. 36  Ing bingkai lan lèmpèngan-lèmpèngan sing ana ing sisihé, dhèwèké ngukir gambar kerub, singa, lan wit palem. Dhèwèké ya ngukir gambar untaian ing sak ubengé.+ 37  Sepuluh grobag+ kuwi dicétak nganggo cara sing padha.+ Ukuran lan bentuké ya padha. 38  Dhèwèké nggawé bak tembaga sepuluh.+ Siji kanggo saben grobag. Saben bak ukurané* patang hasta, lan isa diisèni banyu 40 bat. 39  Terus, dhèwèké ndèlèhké grobag lima ing sisih tengené omah kuwi, lan sing lima liyané ing sisih kiwané omah kuwi. Dhèwèké ndèlèhké Laut ing sisih tengené omah kuwi, yaiku ing sisih tenggara.+ 40  Hiram+ ya nggawé bak-bak liyané, sekop-sekop,+ lan mangkok-mangkok.+ Hiram ngrampungké kabèh gawéan sing ditindakké kanggo Raja Salomo ing omahé Yéhuwah,+ yaiku 41  cagak loro+ lan kepala-kepala cagak sing bentuké kaya mangkok, jaring loro+ kanggo hiasan kepala cagak loro kuwi, 42  delima 400+ kanggo jaring loro sing dienggo hiasan kepala cagak loro mau, yaiku rong baris delima ing saben jaring, 43  grobag sepuluh+ lan bak sepuluh+ sing ana ing grobag kuwi, 44  Laut+ lan patung sapi lanang 12 sing ana ing ngisoré Laut, 45  wadhah awu, sekop, mangkok, lan kabèh peralatan saka tembaga sing mengkilap, sing digawé Hiram kanggo Raja Salomo kanggo omahé Yéhuwah. 46  Raja ngongkon bèn kabèh kuwi digawé ing cétakan saka tanah liat ing dhaérah Yordan, antarané Sukot lan Zarétan. 47  Salomo ora nimbang kabèh peralatan kuwi merga cacahé akèh banget. Mula, ora ana sing ngerti boboté tembaga kuwi.+ 48  Salomo nggawé kabèh peralatan kanggo omahé Yéhuwah, yaiku mézbah+ emas, méja emas+ kanggo ndèlèhké roti persembahan, 49  wadhah-wadhah lampu+ saka emas murni ing ngarepé ruangan sing paling njero, yaiku lima ing sisih tengen lan lima ing sisih kiwa, kembang,+ lampu, alat kanggo njepit sumbu, kabèh saka emas;+ 50  baskom, alat kanggo matèni geni ing sumbu,+ mangkok, cangkir,+ wadhah bara,+ kabèh saka emas murni; èngsèl kanggo lawang ruangan sing paling njero,+ yaiku Ruang Mahasuci, lan èngsèl kanggo lawang Ruang Suci,*+ kabèh digawé saka emas. 51  Mula, Raja Salomo ngrampungké kabèh gawéan sing kudu ditindakké kanggo omahé Yéhuwah. Terus, Salomo nggawa mlebu kabèh barang sing wis disucèkké+ Daud bapaké. Dhèwèké ndèlèhké kabèh pérak, emas, lan barang-barang ing panggonan nyimpen harta ing omahé Yéhuwah.+

Katrangan Tambahan

1 hasta = 44,5 cm. Deloken Lamp. B14.
Mungkin jumlahé kayu-kayu sing malang ing ndhuwuré pilar.
Utawa ”Serambi”.
Utawa ”Serambi”.
Utawa ”njemput”.
Utawa ”perunggu”.
Utawa ”Saben pilar kuwi isa diubengi tali sing dawané 12 hasta”.
Utawa ”kidul”.
Mungkin artiné ”Nganggo Kekuwatan”.
Utawa ”lor”.
Artiné ”Muga-Muga Dhèwèké [maksudé, Yéhuwah] Ngukuhké”.
Maksudé, Ruang Suci.
Utawa ”isa diubengi tali sing dawané 30 hasta”.
1 bat = 22 L. Deloken Lamp. B14
Kira-kira 7,4 cm. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”grobag banyu”.
Utawa ”as; poros”.
Utawa ”garis tengahé”.
Lit.: ”bait”.