1 Para Raja 9:1-28

  • Yéhuwah nemoni Salomo manèh (1-9)

  • Hadiahé Salomo kanggo Raja Hiram (10-14)

  • Proyèk-proyèké Salomo (15-28)

9  Sakwisé Salomo rampung mbangun omahé Yéhuwah, istana raja,+ lan kabèh sing Salomo péngini,+  Yéhuwah nemoni Salomo manèh liwat mimpi, padha kaya pas ing Gibéon.+  Yéhuwah kandha, ”Aku wis ngrungokké donga lan apa sing mbok jaluk ing ngarep-Ku. Aku wis nyucèkké omah sing mbok bangun kuwi, lan jeneng-Ku bakal Tak dèlèhké ing kono kanggo sakterusé.+ Aku bakal terus nggatèkké lan mikirké omah kuwi.+  Nèk kowé nglayani Aku saktulusé ati+ lan nindakké sing bener+ kaya Daud bapakmu,+ lan kowé ya manut kabèh préntah-Ku,+ peraturan-Ku, lan hukum-Ku,+  Aku bakal nggawé takhta kerajaanmu ing Israèl kukuh nganti saklawasé, kaya janji-Ku marang Daud bapakmu, yaiku, ’Keturunanmu bakal terus lungguh ing takhtané Israèl.’+  Ning, nèk kowé lan keturunanmu ninggalké Aku lan ora nindakké préntah lan peraturan-Ku sing Tak wènèhké marang kowé, terus nglayani lan sujud marang allah-allah liya,+  Aku bakal nyingkirké Israèl saka tanah sing Tak wènèhké marang wong-wong kuwi.+ Omah sing wis Tak sucèkké kanggo jeneng-Ku bakal Tak singkirké saka ngarep mripat-Ku,+ lan Israèl bakal direndhahké lan diécé ing antarané kabèh bangsa.+  Omah iki bakal dadi reruntuhan.+ Saben wong sing liwat bakal nggumun ndelok kuwi karo ngrèmèhké* lan kandha, ’Ngapa Yéhuwah nganti nindakké iki marang tanah lan omah iki?’+  Terus wong-wong kuwi kandha, ’Iki merga wong-wong kuwi ninggalké Yéhuwah Gusti Allahé nènèk moyangé sing wis nggawa nènèk moyangé metu saka Mesir, lan wong-wong kuwi padha ngetutké, sujud, lan nglayani allah-allah liya. Kuwi sebabé Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi kena bencana iki.’”+ 10  Sakwisé Salomo mbangun omah loro kuwi saksuwéné 20 taun, yaiku omahé Yéhuwah lan istana raja,+ 11  Raja Salomo mènèhi Hiram+ raja Tirus 20 kutha ing Galiléa merga Hiram wis nyedhiakké kayu aras, kayu juniper, lan emas sing akèhé kaya sing dikarepké Salomo.+ 12  Mula, Hiram mangkat saka Tirus kanggo ndelok kutha-kutha sing diwènèhké Salomo marang dhèwèké, ning dhèwèké ora puas karo kutha-kutha kuwi. 13  Hiram kandha, ”Sedulurku, ngapa kowé mènèhi aku kutha-kutha sing kaya ngéné iki?” Mula, kutha-kutha kuwi disebut Tanah Kabul* nganti saiki. 14  Hiram wis ngirimké 120 talènta* emas marang Raja Salomo.+ 15  Raja Salomo ngongkon wong-wong kerja+ kanggo mbangun omahé Yéhuwah,+ istana, Bukit,*+ témbok Yérusalèm, Hazor,+ Mégido,+ lan Gèzèr.+ 16  (Firaun raja Mesir wis teka lan ngrebut kutha Gèzèr lan ngobong kutha kuwi. Dhèwèké ya wis matèni wong Kanaan+ sing manggon ing kono. Terus, dhèwèké mènèhké kutha kuwi dadi hadiah perpisahan* kanggo anaké wédok,+ yaiku bojoné Salomo.) 17  Salomo mbangun* Gèzèr, Bèt-horon+ Ngisor, 18  Baalat,+ Tamar ing padhang belantara tanah kuwi, 19  kabèh kutha sing dienggo nyimpen persediaan duwèké Salomo, kutha-kutha panggonané kréta,+ kutha-kutha kanggo pasukan sing numpak jaran, lan kabèh sing péngin dibangun Salomo ing Yérusalèm, ing Lébanon, lan ing kabèh dhaérah kekuasaané. 20  Kabèh wong sing isih urip saka wong Amori, wong Hèt, wong Pèriz, wong Hèwi, lan wong Yébus,+ sing dudu bagéan saka wong Israèl,+ 21  yaiku keturunané wong-wong kuwi sing ora isa disingkirké wong Israèl saka tanah kuwi, diwajibké Salomo kanggo dadi budhak kerja paksa nganti saiki.+ 22  Ning, Salomo ora ndadèkké wong Israèl budhak.+ Wong-wong kuwi didadèkké prajurit, pelayan, pejabat, ajudan, lan kepala pasukan kréta lan pasukan sing numpak jaran. 23  Ing proyèké Salomo, ana 550 pejabat dhaérah sing dadi kepala, sing ngawasi wong-wong sing kerja.+ 24  Anaké wédok Firaun+ pindhah saka Kutha Daud+ menyang omahé dhéwé, yaiku omah sing dibangun Salomo kanggo dhèwèké. Terus, Salomo mbangun Bukit.*+ 25  Setaun ping telu,+ Salomo mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan* ing mézbah sing wis dibangun kanggo Yéhuwah.+ Dhèwèké ya nggawé asap korban ing mézbah sing ana ing ngarepé Yéhuwah. Akhiré, Salomo ngrampungké omah kuwi.+ 26  Raja Salomo ya nggawé kapal-kapal ing Ézion-gèbèr+ ing cedhak Élot, ing pesisir Laut Merah ing tanah Édom.+ 27  Hiram ngutus para abdiné, yaiku para pelaut sing wis pengalaman, kanggo kerja ing kapal-kapal+ kuwi karo abdiné Salomo. 28  Wong-wong kuwi lunga menyang Ofir+ lan njupuk 420 talènta emas, terus nggawa kuwi marang Raja Salomo.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”nyingsoti”.
Utawa mungkin ”Tanah sing Ora Ana Gunané”.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.
Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.
Utawa ”hadiah pernikahan”.
Utawa ”mbangun bèntèng ing”.
Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.