2 Samuèl 1:1-27

  • Daud krungu nèk Saul wis mati (1-16)

  • Lagu sedhihé Daud kanggo Saul lan Yonatan (17-27)

1  Bar Saul mati, pas Daud bali saka ngalahké* wong Amalèk, Daud ana ing Ziklag+ suwéné rong dina.  Terus ing dina ketelu, ana wong lanang teka saka perkémahané Saul. Klambiné suwèk lan ana lemah ing sirahé. Dhèwèké marani Daud lan sujud.  Daud takon, ”Kowé saka ngendi?” Wong kuwi njawab, ”Aku mlayu saka perkémahané wong Israèl.”  Daud takon, ”Piyé keadaan ing kana? Tulung critakna.” Wong kuwi njawab, ”Pasukan Israèl padha mlayu saka perang kuwi, lan akèh sing mati. Saul karo Yonatan anaké ya mati.”+  Terus, Daud takon karo cah enom sing nggawa kabar kuwi, ”Kok isa kowé ngerti nèk Saul karo Yonatan anaké wis mati?”  Cah enom kuwi njawab, ”Ndilalah wektu kuwi aku ana ing Gunung Gilboa.+ Ing kana, aku ndelok Saul lagi nyèndhèr ing tombaké. Terus, ana kréta perang lan para prajurit mungsuh sing numpak jaran sing saya nyedhak.+  Pas dhèwèké nolèh lan ndelok aku, dhèwèké ngundang* aku, terus tak jawab, ’Ya.’  Dhèwèké takon, ’Kowé sapa?’ Terus aku njawab, ’Aku wong Amalèk.’+  Dhèwèké kandha, ’Tulung mréné, terus patèni aku. Rasané aku wis arep mati, ning aku isih urip.’ 10  Mula, aku nyedhak lan matèni dhèwèké,+ merga aku ngerti nèk dhèwèké ora mungkin slamet sakwisé ngalami luka parah kaya ngono. Terus, aku njupuk mahkota saka sirahé lan njupuk gelang saka lengené, bar kuwi tak gawa marang njenengan.” 11  Wektu krungu kuwi, Daud nyuwèk klambiné. Kabèh wong sing bareng dhèwèké ya nyuwèk klambiné. 12  Wong-wong kuwi sedhih banget. Wong-wong kuwi ya nangis lan pasa+ nganti bengi, merga Saul, Yonatan anaké, akèh umaté Yéhuwah, lan akèh wong Israèl+ sing padha dipatèni nganggo pedhang. 13  Daud nakoni cah enom sing nggawa kabar mau, ”Kowé asalé saka ngendi?” Dhèwèké njawab, ”Aku keturunané wong Amalèk sing manggon ing Israèl dadi penduduk asing.” 14  Daud kandha karo wong kuwi, ”Kok kowé ora wedi nyilakani wong sing dilantik Yéhuwah?”+ 15  Terus, Daud ngundang* salah siji anak buahé lan kandha, ”Maju mréné, terus patèni dhèwèké.” Mula anak buahé Daud matèni wong kuwi, lan wong kuwi mati.+ 16  Daud kandha marang wong kuwi, ”Kowé dhéwé sing tanggung jawab nèk kowé mati,* merga kowé dhéwé sing kandha, ’Aku wis matèni wong sing dilantik Yéhuwah.’”+ 17  Terus Daud nyanyèkké lagu sedhih iki kanggo Saul lan Yonatan anaké.+ 18  Daud ya kandha nèk wong Yéhuda kudu diajari lagu sedhih sing judhulé ”Busur”, sing ditulis ing buku Yasyar.+ Isiné: 19  ”Oh Israèl, wong-wongmu sing mulya padha dipatèni ing panggonan-panggonanmu sing dhuwur.+ Prajuritmu padha mati ing perang! 20  Kuwi aja mbok critakké ing Gat,+Aja mbok umumké ing dalan-dalan Askélon,Bèn anak-anaké wédok Filistin ora seneng,Bèn anak-anaké wédok wong sing ora sunat ora padha seneng-seneng. 21  Kowé gunung-gunung Gilboa,+Aja nganti embun utawa udan nelesi kowé,Utawa lemah iki ngasilké panganan sing isa dienggo persembahan,+Merga ing kana tamèngé para prajurit dadi najis,Lan tamèngé Saul ora diminyaki* manèh. 22  Busuré Yonatan+ lan pedhangé SaulKebak getihé mungsuh lan nusuk gajihé para prajurit,Busur lan pedhang kuwi ora tau gagal.+ 23  Saul lan Yonatan,+ ditresnani lan disenengi* sakjegé uripé,Senajan mati, tetep ora kepisah.+ Wong loro kuwi luwih cepet timbang elang,+Lan luwih kuwat timbang singa.+ 24  Anak-anak wédok ing Israèl, tangisana Saul,Sing wis nggawé kowé isa nganggo klambi abang lan méwah,Sing mènèhi hiasan emas ing klambimu. 25  Para prajurit padha mati ing perang. Yonatan wis dipatèni ing panggonan-panggonanmu sing dhuwur!+ 26  Aku sedhih banget merga kowé mati, Yonatan sedulurku. Aku sayang banget karo kowé.+ Katresnanmu marang aku ngluwihi katresnané wong wédok.+ 27  Para prajurit wis padha matiLan senjata-senjatané wis ora ana manèh.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”matèni”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”Getihmu ana ing sirahmu dhéwé”.
Lit.: ”dilantik nganggo minyak”.
Utawa ”disayangi”.