2 Samuèl 10:1-19

10  Terus, rajané wong Ammon+ mati, lan anaké lanang sing jenengé Hanun dadi raja nggantèni dhèwèké.+  Mula Daud kandha, ”Merga Nahas wis apikan* karo aku, aku ya bakal apikan* karo Hanun anaké Nahas.” Terus, Daud ngongkon para abdiné menghibur Hanun sing kélangan bapaké. Ning, pas para abdiné Daud tekan ing tanahé wong Ammon,  para pemimpiné wong Ammon kandha marang Hanun rajané, ”Nurut njenengan, apa tenan Daud ngirim para abdiné mréné arep menghibur njenengan merga ngajèni bapaké njenengan? Isa waé Daud ngutus para abdiné kuwi bèn isa nyelidiki kutha iki, dadi mata-mata, terus ngalahké kutha iki.”  Mula, Hanun nangkep para abdiné Daud. Hanun nyukur tipis bréwoké+ para abdiné Daud, ngethok klambiné wong-wong kuwi nganti sak pinggang, terus ngongkon wong-wong kuwi lunga.  Pas Daud dikandhani, dhèwèké langsung ngongkon wong nemoni para abdiné mau, merga para abdiné mau wis digawé isin banget. Raja kandha, ”Kowé isa manggon ing Yérikho+ nganti bréwokmu thukul manèh, bar kuwi kowé isa bali mréné.”  Wong Ammon ngerti nèk tumindaké kuwi nggawé Daud sengit banget karo wong Ammon. Terus, wong Ammon ngirim utusan lan nyéwa wong Siria saka Bèt-réhob+ lan wong Siria saka Zoba+ sing jumlahé 20.000 prajurit sing mlaku. Dhèwèké ya nyéwa raja Maaka+ karo 1.000 prajurité lan 12.000 wong+ saka Istob.*  Wektu krungu kuwi, Daud ngutus Yoab lan kabèh pasukané, termasuk para prajurité sing paling hébat.+  Terus, wong Ammon metu saka kutha lan mbentuk pasukan ing gerbang kutha. Wong Siria saka Zoba lan wong Siria saka Rého bareng karo wong Istob* lan Maaka ana ing padhang.  Pas Yoab ngerti nèk ana serangan saka ngarep lan mburi, dhèwèké milih sebagéan prajurit sing paling apik ing Israèl lan ngatur bèn para prajurit kuwi dadi pasukan kanggo ngadhepi wong Siria.+ 10  Sisané dipimpin Abisyai+ kakangé supaya isa diatur dadi pasukan kanggo ngadhepi wong Ammon.+ 11  Yoab kandha, ”Nèk wong Siria luwih kuwat timbang aku, kowé kudu nylametké aku. Ning nèk wong-wong Ammon luwih kuwat timbang kowé, aku bakal nylametké kowé. 12  Awaké dhéwé kudu kuwat lan kendel+ kanggo bangsané awaké dhéwé lan kanggo kutha-kuthané Gusti Allahé awaké dhéwé, lan Yéhuwah bakal nindakké sing dadi bagéané.”+ 13  Yoab lan pasukané maju perang nglawan wong Siria, terus wong Siria mlayu.+ 14  Wektu ndelok wong Siria padha mlayu, wong Ammon ya mlayu saka Abisyai, bar kuwi mlebu ing kutha. Terus, Yoab bali menyang Yérusalèm sakwisé nglawan wong Ammon. 15  Wektu ngerti nèk wis dikalahké wong Israèl, wong Siria ngatur pasukané manèh.+ 16  Hadadèzèr+ ngundang* wong Siria sing ana ing wilayah Kali Éfrat,+ lan wong-wong kuwi mara ing Hélam, dipimpin karo Syobakh, pemimpin pasukané Hadadèzèr. 17  Pas éntuk laporan, Daud langsung nglumpukké kabèh pasukan Israèl, terus padha nyabrang Kali Yordan lan mara menyang Hélam. Pasukan Siria maju ngadhepi Daud lan nglawan dhèwèké.+ 18  Ning, wong Siria padha mlayu saka wong Israèl. Daud matèni 700 wong sing numpak kréta perang lan 40.000 pasukan sing numpak jaran. Dhèwèké ya nyerang Syobakh, yaiku pemimpin pasukané wong-wong kuwi, lan akhiré Syobakh mati ing kono.+ 19  Wektu kabèh raja kuwi, yaiku para abdiné Hadadèzèr, ngerti nèk wis dikalahké Israèl, kabèh raja kuwi ngejak damai lan manut karo wong Israèl.+ Wong Siria ya ora wani manèh mbantu wong Ammon.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”wong Tob”.
Utawa ”wong-wong Tob”.
Utawa ”nyeluk”.