2 Samuèl 12:1-31

  • Natan ngélikké Daud (1-15a)

  • Anaké Bat-syéba mati (15b-23)

  • Bat-syéba nglairké Salomo (24, 25)

  • Raba kuthané wong Ammon direbut (26-31)

12  Terus, Yéhuwah ngutus Natan+ marani Daud. Natan ngadhep Daud+ lan kandha, ”Ana wong lanang loro ing salah siji kutha, sing siji sugih lan sing sijiné mlarat.  Sing sugih nduwé akèh banget domba lan sapi.+  Ning, sing mlarat mung nduwé domba wédok cilik siji.+ Domba kuwi dituku lan diopèni nganti gedhé. Wong lanang kuwi lan anak-anaké manggon bareng karo domba kuwi. Senajan wong mlarat kuwi mung nduwé panganan sing sithik, ning domba cilik kuwi mangan saka panganané wong kuwi. Domba kuwi ya ngombé saka cangkiré lan turu ing lengené. Domba kuwi dadi kaya anaké wédok.  Terus ana tamu sing teka ing omahé wong sugih mau, ning wong sugih mau ora gelem njupuk salah siji domba utawa sapiné dhéwé bèn isa disuguhké tamuné. Malah, dhèwèké njupuk dombané wong mlarat mau lan nyuguhké kuwi marang tamuné.”+  Pas krungu kuwi, Daud dadi nesu banget lan kandha marang Natan, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip,+ wong kuwi pantes mati.  Merga wong kuwi wis jahat, wong kuwi kudu ngganti rugi lan mènèhi domba wédok papat+ kanggo ngijoli domba kuwi.”  Terus, Natan kandha marang Daud, ”Ya njenengan kuwi wongé. Iki sing diomongké Yéhuwah Allahé Israèl, ’Aku dhéwé sing wis nglantik kowé dadi rajané Israèl,+ lan Aku wis nylametké kowé saka Saul.+  Kabèh duwèké majikanmu+ lan bojo-bojoné+ wis Tak wènèhké kowé. Kowé ya Tak dadèkké raja kanggo mréntah Israèl lan Yéhuda.+ Nèk kuwi durung cukup, kowé mesthi bakal Tak wènèhi luwih akèh.+  Ngapa kok kowé ngrèmèhké Yéhuwah* lan nindakké sing dilarang Gusti Allah? Kowé matèni Uria wong Hèt kuwi nganggo pedhang.+ Bar mbok patèni nganggo pedhangé wong Ammon,+ bojoné mbok jupuk terus mbok dadèkké bojomu.+ 10  Mula saiki, keluargamu bakal terus ngalami musibah,*+ merga kowé wis ngrèmèhké Aku lan njupuk bojoné Uria wong Hèt kuwi bèn dadi bojomu.’ 11  Yéhuwah ngomong ngéné, ’Aku bakal nggawé kowé kena musibah sing asalé saka keluargamu dhéwé.+ Kowé bakal ndelok wektu bojo-bojomu Tak wènèhké wong lanang liya.+ Wong lanang kuwi bakal turu karo bojo-bojomu ing ngarepé kabèh wong.+ 12  Senajan kowé nindakké kuwi meneng-meneng,+ ning Aku bakal nindakké iki terang-terangan ing ngarepé kabèh wong Israèl.’” 13  Terus Daud kandha marang Natan, ”Aku wis dosa marang Yéhuwah.”+ Natan njawab Daud, ”Yéhuwah wis ngapura kowé.+ Kowé ora bakal mati.+ 14  Ning, merga kowé ora ngajèni Yéhuwah soal iki, anakmu lanang sing lagi waé lair mesthi bakal mati.” 15  Sakwisé kuwi Natan bali menyang omahé. Terus, Yéhuwah nyebabké anaké Daud sing lair saka bojoné Uria dadi lara. 16  Bar kuwi, Daud ndonga marang Gusti Allah sing bener kanggo bocah kuwi. Daud pasa lan turon ing lantai kamaré sewengi muput.+ 17  Para pemimpin* ing keluargané ana ing cedhaké Daud lan ngupaya nangèkké dhèwèké, ning Daud wegah. Daud ya ora gelem mangan bareng karo wong-wong kuwi. 18  Pas dina sing kepitu, bocah kuwi mati. Para abdiné Daud ora wani ngandhani nèk anaké Daud wis mati. Wong-wong kuwi kandha, ”Pas anaké isih urip waé dhèwèké ora gelem ngrungokké awaké dhéwé. Saiki, piyé awaké dhéwé isa ngandhani dhèwèké nèk anaké wis mati? Isa-isa dhèwèké mengko malah nyilakani awaké.” 19  Pas ndelok para abdiné padha bisik-bisik, Daud ngerti nèk anaké wis mati. Mula Daud takon, ”Apa bocah kuwi wis mati?” Wong-wong kuwi njawab, ”Iya, wis mati.” 20  Mula Daud tangi, adus, ngolèsi awaké nganggo minyak,+ ganti klambi, lan lunga menyang omahé+ Yéhuwah lan sujud. Bar kuwi, Daud lunga menyang istanané lan ngongkon wong nyiapké panganan, terus dhèwèké mangan. 21  Para abdiné takon, ”Ngapa kok njenengan kaya ngono? Pas anaké njenengan isih urip, njenengan pasa lan nangis terus. Ning bar anak kuwi mati, njenengan langsung tangi lan mangan.” 22  Daud njawab, ”Pas bocah kuwi isih urip, aku pasa+ lan nangis terus merga aku mikir, ”Mungkin Yéhuwah bakal mesakké aku lan bocah kuwi tetep urip.’+ 23  Ning saiki bocah kuwi mati, dadi ngapa aku kudu pasa? Apa aku isa nggawé bocah kuwi bali manèh?+ Sukmbèn aku ya bakal mati,+ ning saiki aku ora isa nggawé bocah kuwi urip manèh.”+ 24  Terus Daud menghibur Bat-syéba bojoné.+ Daud marani Bat-syéba lan turu karo dhèwèké. Akhiré, Bat-syéba nglairké anak lanang, lan bocah kuwi dijenengi Salomo.*+ Yéhuwah nresnani bocah kuwi.+ 25  Gusti Allah ngirim pesen liwat Nabi Natan+ bèn njenengi bocah kuwi Yédidia,* merga Yéhuwah nresnani dhèwèké.* 26  Yoab terus perang nglawan Raba,+ dhaérahé wong Ammon,+ lan ngrebut kutha gedhé* kuwi.+ 27  Mula Yoab ngirim utusan marang Daud lan kandha, ”Aku wis perang nglawan Raba,+ lan aku wis ngrebut kutha banyu kuwi.* 28  Mula, kongkonen para prajurit sing isih ana bèn kémah lan ngrebut kutha kuwi. Nèk ora, aku sing bakal ngrebut kutha kuwi, lan aku sing bakal dipuji.”* 29  Terus, Daud nglumpukké kabèh prajurité lan lunga menyang Raba, terus perang lan ngrebut kutha kuwi. 30  Daud njupuk mahkota saka sirahé Malkam,* terus dienggo ing sirahé Daud. Boboté mahkota kuwi sak talènta* emas lan dihiasi watu-watu sing berharga. Daud ya njupuk akèh banget jarahan+ saka kutha kuwi.+ 31  Daud nggawa metu wong-wong sing ana ing kana lan ngongkon wong-wong kuwi kerja nganggo graji watu, alat-alat wesi sing landhep, kapak wesi, lan kerja nggawé bata. Kuwi sing ditindakké ing kabèh kuthané wong Ammon. Akhiré, Daud lan pasukané bali menyang Yérusalèm.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”omongané Yéhuwah”.
Lit.: ”pedhang”.
Utawa ”Para sesepuh”.
Saka kata Ibrani sing artiné ”Damai”.
Artiné ”Sing Ditresnani Yah”.
Lit.: ”demi Yéhuwah”.
Utawa ”kutha kerajaan”.
Mungkin maksudé, sumber-sumber banyu ing kutha kuwi.
Lit.: ”lan jenengku sing bakal disebut kanggo kuwi”.
Mungkin patung déwané wong Ammon, kadhang disebut Molèkh utawa Milkom.
1 talènta = 34,2 kg. Deloken Lamp. B14.