2 Samuèl 13:1-39

  • Amnon memperkosa Tamar (1-22)

  • Absalom matèni Amnon (23-33)

  • Absalom mlayu menyang Gésyur (34-39)

13  Absalom anaké Daud nduwé adhi sing ayu banget jenengé Tamar,+ lan Amnon+ anaké Daud seneng karo Tamar.  Tapi, Amnon ora mungkin isa nindakké apa-apa marang Tamar merga Tamar isih prawan. Mula Amnon dadi bingung banget, nganti dhèwèké lara merga Tamar adhiné.  Amnon nduwé kanca sing jenengé Yéhonadab+ anaké Syiméah+ kakangé Daud. Yéhonadab kuwi wong sing pinter nggawé rencana.  Yéhonadab nakoni Amnon, ”Kowé kuwi anaké Raja, ngapa kok kowé sedhih terus saben ésuk? Coba crita karo aku.” Amnon njawab, ”Aku seneng karo Tamar adhiné+ Absalom sedulurku.”  Yéhonadab kandha, ”Kowé isa turu ing kasurmu lan éthok-éthok lara. Pas bapakmu marani kowé, mengko kowé kudu kandha, ’Tulung bèn Tamar adhiku teka mréné lan nyiapké panganan kanggo aku. Nèk dhèwèké nyiapké panganan kanggo aku,* aku bakal mangan panganan sing wis disiapké.’”  Mula, Amnon turu lan éthok-éthok lara. Terus, Raja marani dhèwèké. Amnon kandha marang raja, ”Tulung bèn Tamar adhiku teka lan manggang roti loro. Aku bakal mangan sing wis disiapké Tamar.”  Terus, Daud ngirim pesen marang Tamar sing lagi ana ing omah, ”Tulung lunga menyang omahé Amnon kakangmu, terus siapna panganan kanggo dhèwèké.”  Bar kuwi, Tamar lunga ing omahé Amnon kakangé. Amnon lagi turonan. Amnon ndelok Tamar njupuk adonan lan nggawé kuwi dadi roti, terus kuwi dipanggang.  Tamar njupuk roti kuwi lan diwènèhké marang Amnon. Ning, Amnon ora gelem mangan lan kandha marang kabèh wong, ”Kana padha metu!” Mula, kabèh wong padha metu. 10  Terus Amnon kandha marang Tamar, ”Gawanen panganan* kuwi ing kamar, bèn kuwi isa tak pangan.” Mula, Tamar njupuk roti sing wis digawé kuwi, terus nggawa kuwi ing kamaré Amnon kakangé. 11  Pas Tamar nggawa panganan kuwi marang Amnon, Amnon nyekel dhèwèké lan kandha, ”Adhiku, kéné turu karo aku.” 12  Ning Tamar kandha, ”Aja, Mas! Aja ngrendhahké aku. Iki ora olèh ditindakké ing Israèl.+ Tumindakmu iki ora pantes.+ 13  Raiku arep tak dèlèh ngendi? Kowé ya bakal dirèmèhké ing Israèl. Coba takon dhisik karo Raja, dhèwèké mesthi bakal nuruti apa sing mbok jaluk.” 14  Ning, Amnon ora gelem ngrungokké Tamar. Merga Amnon luwih kuwat, dhèwèké memperkosa Tamar. 15  Sakwisé kuwi, Amnon mulai sengit banget marang Tamar, lan rasa sengité luwih gedhé timbang rasa senengé. Amnon kandha marang Tamar, ”Kana lunga saka kéné!” 16  Tamar kandha, ”Aja ngono, Mas! Nèk kowé ngusir aku, kuwi luwih jahat timbang sing mau mbok tindakké marang aku.” Ning, Amnon ora gelem ngrungokké. 17  Mula Amnon ngundang* pelayané lan kandha, ”Gawanen wong iki metu saka kéné, lan kancingen lawangé!” 18  (Wektu kuwi, Tamar nganggo jubah khusus* sing biasané dienggo anak raja sing isih prawan.) Pelayan kuwi nggawa Tamar metu lan ngancing lawangé. 19  Terus Tamar ndèlèhké awu ing ndhuwur sirahé,+ nyuwèk klambi apik sing dienggo, ndèlèhké loro tangané ing sirahé, lan mlaku karo nangis. 20  Wektu kuwi, Absalom+ kakangé nakoni Tamar, ”Apa Amnon sing nindakké iki? Wis Dhik, aja kandha sapa-sapa. Dhèwèké kuwi kakangmu.+ Ora usah mbok pikirké manèh.” Terus, Tamar manggon ing omahé Absalom lan misah saka wong-wong liyané. 21  Pas krungu kuwi, Raja Daud nesu banget.+ Ning, dhèwèké ora péngin nglarani atiné Amnon anaké, merga Daud sayang banget karo dhèwèké. Amnon kuwi anak pertamané Daud. 22  Absalom blas ora omongan karo Amnon. Absalom sengit banget+ karo Amnon merga Amnon wis ngrendhahké Tamar, adhiné.+ 23  Rong taun bar kuwi, Absalom nganakké acara nggunting wulu domba ing Baal-hazor, ing cedhak Éfraim,+ lan dhèwèké ngundang kabèh anaké Raja ing acara kuwi.+ 24  Absalom ngadhep Raja lan kandha, ”Abdimu iki arep nggunting wulu domba. Aku péngin ngundang njenengan lan para abdiné njenengan teka ing acara iki.” 25  Ning Raja njawab, ”Ora, Lé. Nèk aku lan para abdiku padha teka, mengko isa nggawé kowé susah.” Senajan Absalom terus meksa, Raja tetep ora gelem teka, Raja mung mberkahi dhèwèké. 26  Terus Absalom kandha, ”Nèk njenengan ora gelem teka, bèn Amnon waé sing teka.”+ Raja njawab, ”Ngapa kok kudu Amnon?” 27  Absalom terus meksa bapaké, mula bapaké ngutus Amnon lan kabèh anaké Raja bèn padha teka. 28  Terus, Absalom kandha marang pelayané, ”Mengko nèk Amnon ngrasa seneng merga ngombé anggur, kowé bakal tak préntahké bèn nyerang dhèwèké, kowé kudu matèni dhèwèké. Kowé ora usah wedi merga aku sing ngongkon kowé. Aja ragu-ragu, kowé kudu wani.” 29  Mula, para pelayané Absalom matèni Amnon kaya préntahé Absalom. Terus, kabèh anaké Raja padha lunga. Saben wong numpak keledai* lan padha mlayu. 30  Wektu wong-wong kuwi isih ana ing perjalanan, Daud éntuk laporan, ”Absalom matèni kabèh anaké Raja, lan ora ana sing slamet.” 31  Wektu krungu kuwi, Raja ngadeg lan nyuwèk klambiné, terus turon ing lantai. Kabèh abdiné Raja sing ana ing sekitaré ya nyuwèk klambiné. 32  Ning, Yéhonadab+ anaké Syiméah+ kakangé Daud, kandha, ”Aja mikir nèk kabèh anaké njenengan dipatèni, merga sing mati mung Amnon.+ Amnon dipatèni merga préntahé Absalom. Dhèwèké wis péngin matèni Amnon+ kèt Amnon ngrendhahké Tamar+ adhiné.+ 33  Rajaku, aja percaya karo kabar nèk kabèh anaké Raja wis mati, merga sing mati mung Amnon.” 34  Wektu kuwi Absalom mlayu.+ Terus, ana penjaga sing ndelok akèh wong padha teka saka dalan sebelahé gunung. 35  Yéhonadab+ kandha marang Raja, ”Deloken! Para anaké Raja padha bali, kaya sing tak omongké.” 36  Bar Yéhonadab rampung ngomong, para anaké Raja padha mlebu karo nangis banter banget. Raja lan kabèh abdiné ya padha nangis lan sedhih banget. 37  Ning Absalom mlayu marani Talmai+ anaké Amihud raja Gésyur. Daud nangisi anaké nganti pirang-pirang dina. 38  Bar mlayu menyang Gésyur,+ Absalom manggon ing kana telung taun suwéné. 39  Akhiré, Raja Daud kangen karo Absalom, merga dhèwèké wis isa nampa* matiné Amnon.

Katrangan Tambahan

Maksude, panganan kanggo wong lara.
Utawa ”roti penghiburan”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”jubah sing dihias”.
Utawa ”bagal”. Maksudé anaké keledai lanang lan jaran wédok.
Utawa ”wis éntuk penghiburan sakwisé”.