2 Samuèl 14:1-33

  • Yoab lan wong wédok Tékoa (1-17)

  • Daud ngerti rencanané Yoab (18-20)

  • Absalom diijinké bali (21-33)

14  Yoab anaké Zéruya+ ngerti nèk Raja kangen karo Absalom.+  Mula, Yoab ngongkon wong menyang Tékoa+ lan ngundang* wong wédok sing cerdik saka kana terus kandha, ”Tulung kowé éthok-éthok lagi sedhih. Kowé kudu nganggo klambi sing nduduhké nèk kowé lagi sedhih banget. Aja ngolèsi awakmu nganggo minyak.+ Kowé kudu éthok-éthok kaya wong sing wis suwé sedhih merga ditinggal mati.  Bar kuwi, kowé kudu ngadhep Raja lan ngomong kaya ngéné.” Terus, Yoab ngandhani apa sing kudu diomongké wong wédok kuwi marang Raja.  Bar kuwi, wong wédok Tékoa kuwi lunga ngadhep Raja lan sujud terus kandha, ”Raja, tulungi aku!”  Raja njawab, ”Ana apa?” Wong wédok kuwi kandha, ”Aku iki randha, bojoku wis mati.  Abdimu iki nduwé anak lanang loro. Cah loro kuwi gelut ing padhang lan ora ana sing misah. Akhiré, anakku sing siji nyerang lan matèni sing sijiné.  Saiki kabèh keluargaku nglawan abdimu iki. Wong-wong kuwi kandha, ’Gawanen mréné wong sing matèni seduluré. Senajan dhèwèké kuwi ahli waris, dhèwèké bakal tak patèni bèn dadi gantiné nyawané seduluré sing wis dipatèni.’+ Wong-wong kuwi bakal matèni anakku sing isih urip, mung dhèwèké sing dadi harapanku.* Jeneng lan keturunané* bojoku bakal ilang saka bumi iki.”  Terus Raja kandha marang wong wédok kuwi, ”Kana mulih. Mengko masalahmu tak urusé.”  Wong wédok Tékoa kuwi kandha marang Raja, ”Rajaku, kesalahan iki bèn ditanggung aku lan keluargané bapakku waé. Njenengan lan kerajaané njenengan ora salah.” 10  Raja kandha manèh, ”Nèk ana wong sing ngomongké soal iki manèh karo kowé, gawanen dhèwèké mréné, lan dhèwèké ora bakal ngganggu kowé manèh.” 11  Ning wong wédok kuwi kandha, ”Raja, tulung éling karo Yéhuwah Gusti Allahé njenengan. Aja nganti anakku dipatèni wong sing nduwé hak kanggo mbales.”+ Terus Raja kandha, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip,+ siji waé ora ana rambuté anakmu sing bakal tiba ing lemah.” 12  Wong wédok kuwi kandha, ”Rajaku, tulung abdimu iki éntuk ngomong.” Raja njawab, ”Ya, ngomonga.” 13  Wong wédok kuwi kandha, ”Nèk nurut omongané njenengan mau, berarti njenengan salah, merga njenengan malah ngusir anaké dhéwé lan ora ngéntukké anak kuwi mulih.+ Ngapa kok njenengan kaya ngono kuwi? Kuwi isa nyusahké umaté Allah.+ 14  Awaké dhéwé kabèh mesthi bakal mati lan dadi kaya banyu sing diesokké ing lemah sing ora isa dibalèkké manèh. Ning, Gusti Allah ora bakal njupuk nyawa. Gusti Allah mikir piyé bèn wong sing diusir mau isa bali manèh. 15  Aku mréné merga arep ngomongké soal iki marang Raja, merga wong-wong nggawé aku wedi. Mula abdimu iki mbatin, ’Aku arep ngomong marang Raja. Sapa ngerti Raja bakal nuruti apa sing dijaluk abdiné. 16  Raja mungkin bakal ngrungokké lan nylametké aku saka wong sing péngin bèn aku lan anakku ora éntuk warisan sing diwènèhké Gusti Allah.’+ 17  Terus abdimu iki kandha, ’Muga-muga omongané Rajaku isa nggawé aku tenang,’ merga njenengan kuwi kaya malaékaté Gusti Allah sing bener, sing isa mbédakké apa sing apik lan sing jahat. Muga-muga Yéhuwah nglindhungi njenengan.” 18  Raja njawab wong wédok kuwi, ”Tulung jawaben pitakonanku. Aja nganti ana sing mbok tutup-tutupi.” Wong wédok kuwi njawab, ”Ya, bakal tak jawab.” 19  Terus Raja takon, ”Apa kowé dikongkon Yoab?”+ Wong wédok kuwi njawab, ”Rajaku, aku sumpah marang njenengan,* omongané njenengan kuwi bener. Aku pancèn dikongkon Yoab abdimu. Dhèwèké ya ngandhani kabèh sing kudu tak omongké. 20  Yoab abdimu ngongkon aku nindakké iki supaya njenengan isa nduwé pandhangan liya soal masalah iki, ning njenengan kuwi wicaksana kaya malaékaté Gusti Allah sing bener lan ngerti kabèh sing kelakon ing negara iki.” 21  Terus Raja kandha karo Yoab, ”Ya wis, kuwi bakal tak lakoni.+ Kowé kudu lunga lan nggawa bali Absalom anakku.”+ 22  Pas krungu kuwi, Yoab langsung sujud lan ngalem raja. Yoab kandha, ”Rajaku, saiki abdimu iki ngerti nèk Raja nganggep aku wong sing apik, merga Raja gelem nuruti abdimu iki.” 23  Terus, Yoab lunga menyang Gésyur+ lan nggawa Absalom menyang Yérusalèm. 24  Ning Raja kandha, ”Bèn dhèwèké bali menyang omahé dhéwé. Ning, dhèwèké ora éntuk ketemu aku.” Mula, Absalom bali menyang omahé lan ora nemoni Raja. 25  Ing kabèh dhaérah Israèl, ora ana wong sing luwih nggantheng timbang Absalom. Absalom kuwi nggantheng banget. Saka tlapak sikil nganti pucuk sirahé, Absalom ora ana cacadé. 26  Saben dhèwèké cukur rambut, rambuté sing dikethok kuwi boboté 200 syèkel* nurut watu timbangan kerajaan.* Absalom kudu cukur saben akhir taun merga rambuté abot banget. 27  Absalom nduwé anak lanang telu+ lan anak wédok siji sing ayu banget jenengé Tamar. 28  Absalom tetep manggon ing Yérusalèm nganti genep rong taun, ning dhèwèké ora tau nemoni Raja.+ 29  Mula, Absalom ngundang* Yoab merga arep ngutus Yoab nemoni Raja, ning Yoab ora gelem teka. Absalom ngundang Yoab manèh, ning dhèwèké tetep ora gelem teka. 30  Akhiré, Absalom kandha marang para abdiné, ”Kowé kudu lunga lan ngobong ladhangé Yoab. Ladhang barliné Yoab kuwi ana ing sebelahé ladhangku.” Mula, para abdiné Absalom ngobong ladhangé Yoab. 31  Terus Yoab mara ing omahé Absalom lan takon, ”Ngapa kok para abdimu ngobong ladhangku?” 32  Absalom njawab, ”Aku wis ngirim pesen iki marang kowé, ’Mrénéa, aku arep ngutus kowé nemoni Raja bèn kowé isa takon, ”Ngapa kok aku dikongkon bali saka Gésyur?+ Mendhing aku ing kana waé. Tulung bèn aku isa nemoni Raja. Nèk aku pancèn salah, bèn waé Raja matèni aku.”’” 33  Mula, Yoab ngadhep Raja lan nyampèkké omongané Absalom mau. Terus Raja ngundang Absalom. Absalom mara lan sujud ing ngarepé Raja. Bar kuwi, Raja ngambung Absalom.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nyeluk”.
Maksudé, harapan terakhiré kanggo nduwé keturunan.
Lit.: ”sisané”.
Utawa ”demi uripé njenengan”.
Kira-kira 2,3 kg. Deloken Lamp. B14.
Mungkin watu timbangan sing dienggo ing istanané raja, utawa mungkin syèkel ”kerajaan” sing béda saka syèkel biasa.
Utawa ”nyeluk”.