2 Samuèl 16:1-23

  • Ziba mitnah Méfibosyèt (1-4)

  • Syiméi ngutuki Daud (5-14)

  • Absalom percaya karo Husyai (15-19)

  • Naséhaté Ahitofèl (20-23)

16  Sakwisé Daud lagi waé ngliwati puncak,+ Ziba+ pembantuné Méfibosyèt+ ana ing kana lan nemoni Daud. Dhèwèké nggawa keledai sak pasang sing nggawa 200 roti, 100 kué kismis, 100 kué ara lan kurma, lan sak wadhah gedhé minuman anggur.+  Terus Raja nakoni Ziba, ”Ngapa kowé nggawa kabèh iki?” Ziba njawab, ”Keluargané njenengan isa numpak keledai-keledai iki. Roti lan buah iki kanggo anak buahé njenengan. Minuman anggur iki kanggo wong-wong sing kesel ing padhang belantara.”+  Raja takon manèh, ”Endi putuné* majikanmu?”+ Ziba njawab, ”Dhèwèké ana ing Yérusalèm, merga dhèwèké kandha, ’Dina iki bangsa Israèl bakal mbalèkké kerajaané simbahku* marang aku.’”+  Terus Raja kandha marang Ziba, ”Kabèh duwèké Méfibosyèt saiki dadi duwèkmu.”+ Ziba njawab, ”Rajaku, aku sujud ing ngarepé njenengan, muga-muga aku terus nyenengké njenengan.”+  Pas Raja Daud tekan ing Bahurim, ana wong lanang sing marani Daud lan mbengok ngutuki dhèwèké.+ Wong kuwi saka keluargané Saul sing jenengé Syiméi+ anaké Géra.  Syiméi mbalangi Daud lan kabèh abdiné nganggo watu. Syiméi ya mbalangi kabèh wong lan para pejuang sing ana ing sekitaré Daud.  Syiméi ngutuki Daud, ”Kana lunga, kana lunga, kowé tukang matèni! Kowé wong sing ora ana gunané!  Yéhuwah mbales kowé merga kowé wis matèni kabèh keluargané Saul lan ngrebut kerajaané. Saiki Yéhuwah mènèhké kerajaan kuwi marang Absalom anakmu. Kowé saiki ngalami musibah merga kowé tukang matèni.”+  Abisyai anaké Zéruya+ kandha marang Raja, ”Rajaku, ngapa kok asu mati kuwi+ ngutuki njenengan?+ Bèn waé tak tugel guluné.”+ 10  Ning Raja kandha, ”Anak-anaké Zéruya,+ kowé ora usah mèlu-mèlu. Bèn waé dhèwèké ngutuki aku.+ Nèk Yéhuwah dhéwé sing kandha marang dhèwèké,+ ’Kowé kudu ngutuki Daud.’ Sapa sing bakal wani takon, ’Ngapa kowé nindakké iki?’” 11  Daud kandha manèh marang Abisyai lan kabèh abdiné, ”Anakku dhéwé waé*+ péngin matèni aku, apa manèh wong Bènyamin.+ Bèn waé dhèwèké ngutuki aku merga dhèwèké dikongkon Yéhuwah. 12  Mungkin Yéhuwah bakal ndelok kesusahanku,+ lan Yéhuwah bakal mènèhi aku berkah, dudu kutukan saka Syiméi dina iki.”+ 13  Daud lan anak buahé terus mlaku mudhun, lan Syiméi ya terus mlaku ing lèrèng gunung ing sampingé Daud karo ngutuki Daud,+ mbalangi watu, lan nyawurké debu. 14  Akhiré, Raja lan kabèh wong sing ngetutké dhèwèké tekan ing panggonan tujuané. Merga kekeselen, wong-wong kuwi padha lèrèn ing kono. 15  Wektu kuwi, Absalom lan kabèh wong Israèl tekan ing Yérusalèm, lan Ahitofèl+ bareng karo wong-wong kuwi. 16  Wektu Husyai+ wong Arkhi,+ kancané* Daud, marani Absalom, Husyai kandha marang Absalom, ”Muga-muga Raja diberkahi.+ Muga-muga Raja diberkahi.” 17  Terus Absalom kandha marang Husyai, ”Apa kaya ngéné iki caramu setya* karo kancamu? Ngapa kowé ora mèlu kancamu?” 18  Husyai njawab Absalom, ”Aku mung ndhukung wong sing dipilih Yéhuwah, umat iki, lan kabèh wong Israèl. Aku bakal mèlu karo wong kuwi. 19  Pisan manèh aku ngomong, sapa sing kudu tak layani? Mesthiné kan anaké sing kudu tak layani? Aku bakal nglayani kowé kaya mbiyèn aku nglayani bapakmu.”+ 20  Absalom kandha marang Ahitofèl, ”Tulung aku diwènèhi naséhat.+ Awaké dhéwé kudu piyé?” 21  Ahitofèl ngandhani Absalom, ”Mendhing kowé turu karo selir-seliré bapakmu+ sing ditinggal kanggo ngurus istana.+ Terus, kabèh wong Israèl bakal krungu nèk kowé wis ngrèmèhké bapakmu, dadi wong-wong sing ndhukung kowé bakal saya kendel.” 22  Mula, wong-wong padha ngedegké kémah kanggo Absalom ing atap.+ Ing ngarepé kabèh wong Israèl,+ Absalom mlebu kémah lan turu karo selir-seliré bapaké.+ 23  Wektu kuwi, naséhaté Ahitofèl+ dianggep saka Gusti Allah sing bener. Kuwi sebabé kabèh naséhaté Ahitofèl dianggep penting karo Daud lan Absalom.

Katrangan Tambahan

Lit.: ”anaké lanang”.
Lit.: ”bapakku”.
Utawa ”sing metu saka awakku dhéwé”.
Utawa ”wong sing dipercaya”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.