2 Samuèl 18:1-33

  • Absalom kalah lan mati (1-18)

  • Daud dikandhani nèk Absalom mati (19-33)

18  Terus, Daud ngétung jumlah pasukané lan milih wong dadi pemimpiné wong sèwu lan pemimpiné wong satus.+  Daud ngutus pasukané ing telung kelompok. Seperteluné wong-wong kuwi dipasrahké Yoab,+ seperteluné manèh dipasrahké Abisyai+ kakangé Yoab anaké Zéruya,+ lan seperteluné manèh dipasrahké Ittai+ wong Gat. Terus Raja kandha marang pasukané, ”Aku ya bakal mèlu perang karo kowé kabèh.”  Ning wong-wong kuwi njawab, ”Aja Raja. Nèk pasukan iki mlayu, wong-wong kuwi ora bakal perduli.+ Nèk sebagéan padha mati, wong-wong kuwi ya ora bakal perduli. Ning, njenengan kuwi luwih berharga timbang wong sing jumlahé 10.000.+ Mula, mendhing njenengan mbantu pasukan iki saka kutha.”  Terus Raja kandha, ”Ya wis, nèk kuwi karepmu, aku manut.” Mula, Raja ngadeg ing sebelahé gerbang kutha, lan kabèh pasukan padha metu nurut kelompok satus lan sèwu.  Terus Raja mréntahké Yoab, Abisyai, lan Ittai, ”Absalom aja mbok patèni merga dhèwèké kuwi anakku sing tak sayangi.”+ Kabèh pasukan krungu pas Raja mènèhi préntah soal Absalom.  Terus, pasukan kuwi metu saka kutha lan nglawan Israèl. Perangé ing hutan Éfraim.+  Ing kana, pasukan Israèl+ dikalahké para abdiné Daud,+ lan ana 20.000 sing mati dina kuwi.  Perang kuwi tekan ngendi-endi. Jumlahé wong sing mati merga bahaya ing hutan luwih akèh timbang jumlah sing mati merga pedhang ing dina kuwi.  Akhiré, Absalom ketemu dhéwé karo para abdiné Daud. Pas Absalom lagi numpak keledai,* keledai kuwi liwat ing ngisoré cabang-cabang wit sing gedhé, lan rambuté Absalom kecanthol ing wit gedhé mau. Absalom nyanthol ing kono,* lan keledainé mlayu. 10  Bar kuwi, ana wong sing ndelok lan ngandhani Yoab,+ ”Aku ndelok Absalom kecanthol ing wit gedhé.” 11  Yoab njawab wong kuwi, ”Nèk kowé ngerti, ngapa kok ora langsung mbok patèni waé? Kowé bakal tak wènèhi upah dhuwit pérak sepuluh lan sabuk siji.” 12  Ning wong kuwi njawab, ”Senajan aku nampa 1.000 dhuwit pérak, aku tetep ora isa matèni anaké Raja. Aku lan sing liyané krungu Raja mréntahké kowé, Abisyai, lan Ittai, ’Sapa waé ora olèh matèni Absalom.’+ 13  Nèk aku ora manut lan matèni dhèwèké, Raja mesthi bakal ngerti, lan kowé ya ora bakal nglindhungi aku.” 14  Yoab njawab, ”Aku ora bakal mbuwang wektuku karo kowé.” Terus, Yoab njupuk tombak* telu lan nusuk jantungé Absalom. Wektu kuwi Absalom isih urip lan nyanthol ing wit gedhé. 15  Bar kuwi, wong sepuluh sing mbantu nggawa senjatané Yoab teka lan nyerang Absalom nganti mati.+ 16  Terus Yoab nyebul trompèté.* Anak buahé padha bali lan ora ngoyak* pasukan Israèl manèh. Yoab ngendhegké perangé. 17  Terus, wong-wong kuwi ngedhunké Absalom lan nguncalké dhèwèké ing lubang gedhé ing hutan, bar kuwi ditutupi tumpukan watu gedhé.+ Kabèh pasukan Israèl padha mlayu ing omahé dhéwé-dhéwé. 18  Wektu isih urip, Absalom ngedegké tugu kanggo dhèwèké dhéwé ing Lembah Raja,+ merga dhèwèké kandha, ”Aku ora nduwé anak lanang sing isa nggawé jenengku terus diéling-éling.”+ Mula, Absalom njenengi tugu kuwi nganggo jenengé dhéwé, lan nganti saiki tugu kuwi disebut Tugu Absalom. 19  Ahimaaz+ anaké Zadok kandha, ”Tulung mbok aku éntuk nyampèkké kabar iki marang Raja, merga Yéhuwah wis mènèhi keadilan, yaiku mbébaské Raja saka mungsuh-mungsuhé.”+ 20  Ning Yoab kandha, ”Kowé éntuk nyampèkké kabar, ning aja saiki, merga anaké Raja wis mati.”+ 21  Terus Yoab ngongkon salah siji wong Kus,+ ”Kana lunga. Kowé kudu ngandhani Raja soal apa sing kelakon.” Wong Kus mau mbungkuk marang Yoab, terus mangkat lan mlayu. 22  Ahimaaz anaké Zadok kandha manèh karo Yoab, ”Embuh mengko bakal piyé, tulung aku éntuk ngetutké wong Kus kuwi.” Ning Yoab kandha, ”Kanggo apa, Lé? Kowé ora perlu nyampèkké kabar apa-apa.” 23  Ahimaaz tetep ngomong, ”Pokoké aku arep ngetutké.” Mula Yoab kandha, ”Ya wis kana.” Ahimaaz mlayu ngliwati Lembah Yordan* lan akhiré ndhisiki wong Kus mau. 24  Wektu kuwi, Daud lagi lungguh ing antarané gerbang loro ing kutha.+ Ana penjaga+ sing munggah ing atapé gerbang, ing ndhuwuré témbok. Penjaga kuwi ngamati lan ndelok ana wong lanang sing lagi mlayu dhèwèkan. 25  Mula, penjaga kuwi mbengok lan ngandhani Raja. Raja kandha, ”Nèk dhèwèkan, kuwi berarti ana kabar sing arep diomongké.” Pas wong kuwi saya nyedhak, 26  penjaga kuwi ndelok ana wong liya manèh sing mlayu. Penjaga kuwi ngandhani penjaga gerbang, ”Deloken! Ana manèh sing mlayu dhèwèkan.” Raja kandha, ”Dhèwèké ya nggawa kabar.” 27  Penjaga kuwi kandha, ”Nèk tak delok saka cara mlayuné, kétoké kuwi Ahimaaz+ anaké Zadok.” Raja kandha, ”Dhèwèké kuwi wong sing apik. Dhèwèké mesthi nggawa kabar apik.” 28  Terus Ahimaaz ngandhani Raja, ”Ana kabar apik.” Bar kuwi, Ahimaaz sujud ing ngarepé Raja lan kandha, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé njenengan dipuji. Rajaku, Gusti Allah wis nyerahké wong sing mbrontak nglawan njenengan.”+ 29  Raja kandha, ”Anakku Absalom ora apa-apa, ta?” Ahimaaz njawab, ”Pas Yoab ngutus abdiné Raja lan aku,* wektu kuwi ana ribut-ribut, ning aku ora ngerti ana apa.”+ 30  Mula Raja kandha, ”Kéné, ngadeg ing kéné.” Dhèwèké mara lan ngadeg ing kono. 31  Terus wong Kus mau teka+ lan kandha, ”Rajaku, tulung rungokké kabar iki. Dina iki, Yéhuwah wis adil karo njenengan. Gusti Allah mbébaské njenengan saka wong sing mbrontak nglawan njenengan.”+ 32  Ning Raja kandha marang wong Kus kuwi, ”Anakku Absalom ora apa-apa, ta?” Wong Kus kuwi njawab, ”Rajaku, muga-muga mungsuhé njenengan lan kabèh wong sing mbrontak lan péngin nyilakani njenengan mati kaya cah enom kuwi.”+ 33  Iki nggawé Raja dadi sedhih. Terus, Raja munggah ing atap gerbang. Dhèwèké mlaku karo nangis. Raja kandha, ”Anakku Absalom, anakku, anakku Absalom. Mbok aku waé sing mati, Absalom anakku, anakku.”+

Katrangan Tambahan

Deloken ctn. ing 2Sam 13:29.
Lit.: ”ana ing antarané langit lan bumi”.
Utawa mungkin ”panah”. Lit.: ”tongkat”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”sunguné”. Deloken ”sungu” ing Daftar Istilah.
Lit.: ”wilayah kuwi”.
Lit.: ”abdimu iki”.