2 Samuèl 19:1-43

  • Daud nangisi Absalom (1-4)

  • Yoab ngélikké Daud (5-8a)

  • Daud bali menyang Yérusalèm (8b-15)

  • Syiméi njaluk ngapura (16-23)

  • Méfibosyèt kebukti ora salah (24-30)

  • Barzilai diajèni (31-40)

  • Suku Israèl padu (41-43)

19  Yoab éntuk laporan, ”Raja nangis lan sedhih banget merga Absalom.”+  Kabèh prajurit sing ngrasa seneng merga wis menang saiki dadi susah. Para prajurit padha krungu nèk Raja sedhih banget merga anaké.  Para prajurit padha bali menyang kutha+ ing dina kuwi lan padha meneng waé kaya prajurit sing isin merga mlayu saka perang.  Raja nutupi wajahé lan terus-terusan mbengok, ”Anakku, Absalom. Absalom, anakku, anakku.”+  Terus Yoab marani Raja ing omahé lan kandha, ”Dina iki njenengan wis nggawé abdimu isin. Kabèh abdimu wis nylametké nyawamu, anak-anakmu,+ bojomu, lan selir-selirmu.+  Njenengan sayang karo wong sing sengit karo njenengan. Njenengan malah sengit karo wong sing sayang karo njenengan. Dina iki, kétok banget nèk para pemimpin pasukan lan para abdimu iki ora berharga kanggoné njenengan. Aku yakin, nèk Absalom isih urip lan para abdimu iki mati, mesthi kuwi ora masalah kanggo njenengan.  Mendhing njenengan saiki metu lan nentremké atiné para abdimu. Aku sumpah demi Yéhuwah, nèk njenengan ora nemoni para abdimu, bengi iki ora ana wong sing bakal mèlu njenengan. Iki bakal luwih parah timbang kabèh masalahé njenengan kèt isih enom nganti saiki.”  Mula, Raja metu lan lungguh ing gerbang kutha. Terus ana sing ngumumké, ”Raja lungguh ing gerbang.” Bar kuwi, wong-wong padha mara ngadhep Raja. Ning, wong-wong Israèl* wis padha mlayu menyang omahé dhéwé-dhéwé.+  Kabèh wong Israèl padha padu. Wong-wong kuwi kandha, ”Mbiyèn, Raja wis nylametké awaké dhéwé saka para mungsuh+ lan saka wong Filistin, ning Raja mlayu saka tanah iki merga Absalom.+ 10  Terus, Absalom sing wis dilantik awaké dhéwé dadi raja+ ya wis mati pas perang.+ Mula saiki, ngapa kok Raja ora mbok gawa bali?” 11  Terus, Raja Daud ngirim pesen marang Imam Zadok+ lan Imam Abiatar,+ ”Kowé kudu ngomong ngéné karo para pemimpiné* Yéhuda,+ ’Ana wong sing ngomong karo aku nèk kabèh wong Israèl péngin aku bali mrono, ning ngapa kok kowé ora ndang nggawa Raja bali ing istanané? 12  Kowé kabèh kuwi sedulurku.* ’Ngapa kok kowé ora ndang nggawa Raja bali?’ 13  Kowé ya kudu ngomong karo Amasa,+ ’Kowé kuwi ya sedulurku. Bèn waé Gusti Allah ngukum nèk saiki kowé ora dadi pemimpiné pasukanku nggantèni Yoab.’”+ 14  Akhiré, Raja isa nggawé kabèh wong Yéhuda gelem ndhukung dhèwèké, lan wong-wong kuwi ngirim kabar marang Raja, ”Njenengan isa bali mréné bareng karo para abdiné njenengan.” 15  Terus, Raja mangkat lan tekan ing Kali Yordan. Wong Yéhuda mara ing Gilgal+ arep nemoni Raja lan ngeterké Raja nyabrang Kali Yordan. 16  Bar kuwi, Syiméi+ anaké Géra, wong Bènyamin saka Bahurim, cepet-cepet teka bareng karo wong Yéhuda merga arep nemoni Raja Daud. 17  Ana wong 1.000 saka Bènyamin sing teka bareng dhèwèké. Ziba,+ pembantuné keluargané Saul, ya cepet-cepet lunga menyang Kali Yordan sakdurungé Raja teka. Ziba mangkat bareng karo anaké lanang 15 lan pembantuné 20. 18  Dhèwèké* ngliwati panggonan kanggo nyabrang kali bèn isa nyabrangké keluargané Raja lan bèn isa nindakké apa waé sing dipéngini Raja. Ning, Syiméi anaké Géra sujud ing ngarepé Raja pas Raja arep nyabrang Kali Yordan. 19  Dhèwèké kandha marang Raja, ”Tulung kesalahanku diapura lan aja ngéling-éling salahé abdimu iki+ pas njenengan metu saka Yérusalèm. Muga-muga Raja ora mikirké soal kuwi, 20  merga abdimu iki wis nggawé dosa. Mula, ing antarané kabèh keluargané Yusuf, aku sing pertama teka nemoni njenengan.” 21  Abisyai+ anaké Zéruya+ langsung kandha, ”Syiméi kuwi kuduné dipatèni merga dhèwèké wis ngutuk wong sing dilantik Yéhuwah.”+ 22  Ning Daud kandha, ”Hé anak-anaké Zéruya,+ ngapa kowé mèlu-mèlu urusanku? Ngapa kok saiki kowé nglawan aku? Syiméi ora perlu dipatèni, merga aku saiki wis dadi raja Israèl manèh.” 23  Terus Raja kandha marang Syiméi, ”Kowé ora bakal mati.” Bar kuwi Raja sumpah marang dhèwèké.+ 24  Méfibosyèt+ putuné Saul teka nemoni Raja. Dhèwèké ora wisuh sikil, ora nyukur bréngosé, lan ora ngumbah klambiné kèt Raja lunga nganti Raja isa bali tekan omahé. 25  Wektu Méfibosyèt teka ing* Yérusalèm kanggo nemoni Raja, Raja takon, ”Méfibosyèt, ngapa kok kowé ora mèlu aku?” 26  Méfibosyèt njawab, ”Rajaku, njenengan ngerti nèk abdimu iki cacad.+ Mula aku ngandhani abdiku,+ ’Siapna keledai kanggo aku bèn isa tak tunggangi lan bèn aku isa lunga bareng Raja.’ Ning, dhèwèké ngapusi abdimu iki. 27  Dhèwèké mitnah abdimu iki ing ngarepé njenengan.+ Senajan ngono, Rajaku iki kaya malaékaté Gusti Allah sing bener. Mula, terserah njenengan aku arep diapakké. 28  Sakjané, njenengan isa waé matèni kabèh keluargané bapakku, ning njenengan malah ngéntukké abdimu iki mara lan lungguh bareng karo wong-wong sing mangan karo njenengan.+ Mula, apa aku isih nduwé hak njaluk apa-apa saka njenengan?” 29  Ning Raja kandha, ”Aja ngomong ngono manèh, aku wis mutuské nèk ladhang kuwi kudu mbok bagi karo Ziba.”+ 30  Méfibosyèt njawab, ”Kabèh bèn dijupuk Ziba waé. Sing penting Raja wis slamet tekan istana.” 31  Terus, Barzilai+ wong Giléad teka saka Rogèlim menyang dhaérah Yordan kanggo ngeterké Raja menyang Kali Yordan. 32  Barzilai wis tuwa banget. Umuré 80 taun, lan dhèwèké nyedhiakké panganan kanggo Raja saksuwéné Raja manggon ing Mahanaim,+ merga Barzilai kuwi sugih banget. 33  Raja kandha marang Barzilai, ”Ayo mèlu nyabrang bareng aku. Kowé bakal mangan bareng karo aku ing Yérusalèm.”+ 34  Ning Barzilai njawab, ”Uripku mung gari pirang dina* manèh, kok aku ndadak mèlu Raja menyang Yérusalèm? 35  Umurku wis 80 taun.+ Aku wis ora isa mbédakké apa sing apik lan sing èlèk. Aku wis ora isa ngrasakké panganan lan minuman. Aku ya ora isa ngrungokké swarané penyanyi lanang lan wédok.+ Mula, kanggo apa abdimu iki ngrépoti njenengan? 36  Rajaku, njenengan ora perlu mènèhi aku upah. Isa ngeterké njenengan menyang Yordan waé aku wis seneng. 37  Tulung abdimu iki éntuk mulih, bèn aku isa mati ing kuthaku, cedhak kuburané bapakku lan ibuku.+ Iki ana Khimham abdimu.+ Ajaken dhèwèké nyabrang bareng njenengan. Terserah njenengan dhèwèké arep njenengan kongkon apa.” 38  Terus Raja njawab, ”Khimham bakal nyabrang karo aku, lan aku bakal nuruti apa sing mbok karepké soal dhèwèké. Aku bakal nuruti apa sing mbok karepké.” 39  Kabèh wong kuwi mulai nyabrang Kali Yordan, lan pas Raja nyabrang, Raja ngambung lan mberkahi Barzilai,+ terus Barzilai mulih. 40  Wektu Raja nyabrang menyang Gilgal,+ Khimham mèlu bareng karo Raja. Kabèh wong Yéhuda lan separoné wong Israèl padha ngeterké Raja nyabrang.+ 41  Terus kabèh wong Israèl marani Raja lan kandha, ”Ngapa kok sedulur-sedulurku wong Yéhuda meneng-meneng nggawa Raja lunga? Ngapa kok wong-wong kuwi nggawa Raja lan keluargané nyabrang Kali Yordan bareng karo kabèh anak buahé Daud?”+ 42  Kabèh wong Yéhuda njawab wong Israèl, ”Merga aku kabèh iki keluargané Raja.+ Ngapa kok kowé nesu banget? Apa aku tau mangan nganggo dhuwité Raja, utawa apa aku wis tau éntuk hadiah saka Raja?” 43  Ning wong Israèl njawab wong Yéhuda, ”Aku nduwé sepuluh bagéan ing kerajaan iki. Mula soal Daud, aku luwih nduwé hak timbang kowé. Mula, ngapa kok kowé ngrèmèhké aku? Kuduné sing nggawa bali Raja kuwi aku kabèh, ta?” Ning, omongané wong Yéhuda luwih nglarani ati timbang omongané wong Israèl.

Katrangan Tambahan

Maksudé, para pendukungé Absalom.
Utawa ”para sesepuhé”.
Lit.: ”balungku lan dagingku”.
Utawa mungkin ”Wong-wong kuwi”.
Utawa mungkin ”saka”.
Lit.: ”taun”.