2 Samuèl 2:1-32

  • Daud dadi raja Yéhuda (1-7)

  • Is-bosyèt dadi raja Israèl (8-11)

  • Perang antarané anak buahé Daud lan anak buahé Saul (12-32)

2  Sakwisé kuwi, Daud takon marang Yéhuwah,+ ”Apa aku kudu lunga menyang salah siji kutha ing Yéhuda?” Yéhuwah njawab, ”Lungaa.” Daud takon manèh, ”Menyang kutha endi?” Gusti Allah njawab, ”Menyang Hébron.”+  Mula, Daud lunga menyang kana bareng karo bojoné loro, yaiku Ahinoam+ wong Yizréèl lan Abigail+ randhané Nabal wong Karmèl.  Daud ya nggawa anak buahé,+ lan anak buahé ya padha nggawa keluargané dhéwé-dhéwé. Kabèh wong kuwi manggon ing kutha-kutha ing sekitaré Hébron.  Terus wong Yéhuda padha teka, lan ing kana wong-wong kuwi nglantik Daud dadi rajané suku Yéhuda.+ Wong-wong kuwi kandha marang Daud, ”Sing ngubur Saul kuwi wong-wong Yabès-giléad.”  Mula, Daud ngirim utusan marang wong-wong Yabès-giléad lan kandha, ”Muga-muga kowé diberkahi Yéhuwah, merga kowé mesakké* Saul rajamu lan ngubur dhèwèké.+  Muga-muga Yéhuwah terus nresnani* kowé. Aku bakal apikan karo kowé,+ merga kowé wis apikan.  Saiki kowé kudu kuwat lan kudu kendel, merga Saul rajamu wis mati lan suku Yéhuda wis nglantik aku dadi rajané.”  Ning Abnèr+ anaké Nèr, pemimpin pasukané Saul, wis nggawa Is-bosyèt+ anaké Saul nyabrang menyang Mahanaim.+  Ing kono, dhèwèké didadèkké raja ing Giléad.+ Dhèwèké kuwi rajané wong Asyur, Yizréèl,+ Éfraim,+ lan Bènyamin. Dhèwèké mréntah kabèh wilayah Israèl. 10  Is-bosyèt anaké Saul dadi raja Israèl pas umuré 40 taun lan mréntah suwéné rong taun. Ning, suku Yéhuda ndhukung Daud.+ 11  Ing Hébron, Daud dadi rajané suku Yéhuda suwéné pitung taun setengah.+ 12  Terus, Abnèr anaké Nèr lan anak buahé Is-bosyèt anaké Saul lunga saka Mahanaim+ menyang Gibéon.+ 13  Yoab+ anaké Zéruya+ lan anak buahé Daud ya lunga terus ketemu karo wong-wong kuwi ing kolam Gibéon. Pasukan sing siji lungguh ing pinggir kolam sisih kéné, lan pasukan sijiné lungguh ing pinggir kolam sisih kana. 14  Akhiré Abnèr kandha marang Yoab, ”Anak buahmu karo anak buahku bèn waé gelut ing ngarepé awaké dhéwé.” Yoab njawab, ”Ya.” 15  Terus, wong-wong kuwi padha maju. Nèk diétung, ana wong 12 saka suku Bènyamin, pasukané Is-bosyèt anaké Saul, lan ana wong 12 saka pasukané Daud. 16  Wong-wong kuwi padha nyerang* lan nusuk nganggo pedhang. Bar kuwi, kabèh mati bareng. Mula, panggonan sing ana ing Gibéon kuwi disebut Hélkat-hazurim. 17  Perang kuwi medèni banget, terus Abnèr lan pasukan Israèl akhiré dikalahké karo pasukané Daud. 18  Anak-anaké lanang Zéruya+ sing cacahé telu, yaiku Yoab,+ Abisyai,+ lan Asahèl,+ ya ana ing kana. Sikilé Asahèl lincah banget kaya kidang. 19  Asahèl terus ngoyak* Abnèr. Asahèl ora mandheg ngoyak Abnèr. 20  Pas méngo mburi, Abnèr takon, ”Kowé Asahèl, ya?” Dhèwèké njawab, ”Iya.” 21  Abnèr kandha, ”Aja ngoyak* aku terus, cekelen salah siji anak buahku lan jupuken kabèh duwèké.” Ning Asahèl ora gelem mandheg ngoyak Abnèr. 22  Abnèr ngomong manèh marang Asahèl, ”Aja ngoyak* aku terus. Nèk ora, kowé bakal tak patèni. Nèk aku matèni kowé, aku bakal isin karo Yoab kakangmu.” 23  Ning, Asahèl tetep ora gelem mandheg ngoyak* Abnèr, mula Abnèr nusuk wetengé Asahèl nganggo pucuk tombaké+ nganti tembus mburi, lan Asahèl mati ing kono. Saben wong sing ngliwati panggonan kuwi bakal mandheg sedhéla ing kono. 24  Terus, Yoab lan Abisyai ngoyak* Abnèr. Pas matahariné wis terbenam, wong loro kuwi tekan ing Bukit Ama sing ngadhep Gia, yaiku ing dalan menyang Padhang Belantara Gibéon. 25  Wong Bènyamin padha ngumpul lan ngetutké Abnèr. Terus, wong Bènyamin padha mbentuk pasukan lan ngadeg ing pucuk bukit. 26  Terus Abnèr mbengoki Yoab, ”Nganti kapan kowé bakal terus nyerang aku lan pasukanku nganggo pedhang? Nèk ngéné iki terus, awaké dhéwé mengko bakal nduwé masalah sing gedhé banget. Kowé kuduné ngandhani pasukanmu bèn mandheg nyerang sedulur-seduluré.” 27  Yoab njawab, ”Aku sumpah demi Gusti Allah sing bener lan sing urip, nèk kowé ora ngomong kaya ngono kuwi mau, pasukanku bakal terus ngoyak* sedulur-seduluré nganti ésuk.” 28  Mula Yoab nyebul trompèt,* terus anak buahé mandheg ngoyak* wong Israèl lan ora perang manèh. 29  Terus, Abnèr lan anak buahé mlaku ngliwati Araba+ sewengi muput, lan mlaku nyabrang Kali Yordan, ngliwati kabèh lembah kuwi,* lan akhiré tekan ing Mahanaim.+ 30  Sakwisé Yoab mandheg ngoyak* Abnèr, dhèwèké ngumpulké kabèh pasukané. Saka antarané anak buahé Daud, ana wong 19 sing ilang, durung termasuk Asahèl. 31  Ning, anak buahé Daud wis ngalahké wong Bènyamin lan pasukané Abnèr lan matèni 360 wong. 32  Terus, Yoab lan pasukané nggawa mayaté Asahèl+ lan ngubur dhèwèké ing kuburané bapaké sing ana ing Bètlehèm.+ Sakwisé kuwi, Yoab lan pasukané mlaku sewengi muput lan tekan ing Hébron+ pas wis arep padhang.

Katrangan Tambahan

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”narik sirahé mungsuhé”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nguber”.
Utawa mungkin ”ngliwati kabèh Bitron”.
Utawa ”nguber”.