2 Samuèl 21:1-22

  • Wong Gibéon balas dendam marang keluargané Saul (1-14)

  • Perang nglawan wong Filistin (15-22)

21  Ing jamané Daud, ana kelaparan+ telung taun suwéné. Mula, Daud ndonga marang Yéhuwah, terus Yéhuwah kandha, ”Saul lan keluargané dianggep salah, merga dhèwèké wis matèni wong Gibéon.”+  Mula, Raja ngundang wong-wong Gibéon+ lan ngomong karo wong-wong kuwi. (Wong-wong Gibéon kuwi dudu wong Israèl, ning wong Amori+ sing isih urip. Wong Israèl tau sumpah ora bakal matèni wong-wong kuwi.+ Ning merga saking semangaté mbantu wong Israèl lan Yéhuda, Saul ngupaya matèni wong-wong kuwi.)  Daud takon marang wong-wong Gibéon, ”Aku kudu piyé? Piyé aku isa nebus kesalahan iki bèn kowé mberkahi umaté* Yéhuwah?”  Wong Gibéon njawab, ”Masalahku karo Saul lan keluargané kuwi ora isa dirampungi mung nganggo pérak utawa emas.+ Aku ya ora isa matèni wong ing Israèl.” Daud kandha, ”Apa waé sing mbok jaluk bakal tak turuti.”  Wong Gibéon njawab, ”Wong kuwi ngupaya matèni aku. Wong kuwi ya nggawé rencana bèn ora ana wong Gibéon sing tetep urip ing kabèh wilayah Israèl.+  Mula, kowé kudu nyerahké wong lanang pitu saka keturunané wong kuwi. Aku bakal matèni wong-wong kuwi terus nggantung mayaté*+ ing ngarepé Yéhuwah ing Gibéah,+ kuthané Saul, yaiku wong sing dilantik Yéhuwah.”+ Bar kuwi, Raja njawab, ”Ya, aku bakal nyerahké wong-wong kuwi marang kowé.”  Ning, Raja mesakké marang Méfibosyèt+ anaké Yonatan, putuné Saul, merga sumpah sing wis diucapké Daud lan Yonatan+ anaké Saul ing ngarepé Yéhuwah.  Mula, Raja milih Armoni lan Méfibosyèt, yaiku anak-anaké Saul sing dilairké Rizpa+ anaké wédok Aya, lan lima anaké lanang Adrièl+ anaké Barzilai wong Méhola sing dilairké Mikhal*+ anaké wédok Saul.  Terus, Daud nyerahké wong-wong kuwi marang wong Gibéon, lan wong Gibéon nggantung mayaté wong-wong kuwi ing gunung ing ngarepé Yéhuwah.+ Wong pitu kuwi dipatèni bareng-bareng. Wong-wong kuwi dipatèni pas awal musim panèn, yaiku pas awal musim panèn barli. 10  Bar kuwi, Rizpa+ anaké wédok Aya njupuk kain goni lan njèrèng kuwi ing ndhuwur watu bèn isa dilungguhi. Dhèwèké terus ana ing kono saka awal musim panèn nganti ana udan saka langit. Pas awan, dhèwèké nggusahi manuk-manuk ing langit bèn ora marani mayat-mayat kuwi. Pas bengi, dhèwèké nggusahi kéwan-kéwan liar sing ana ing padhang. 11  Daud krungu soal tumindaké Rizpa anaké wédok Aya, seliré Saul mau. 12  Mula, Daud njupuk balung-balungé Saul lan Yonatan saka para pemimpin* Yabès-giléad+ sing wis nyolong balung-balung kuwi saka lapangan ing Bèt-syan. Kuwi panggonané Saul lan Yonatan digantung wong Filistin sakwisé wong Filistin ngalahké Saul ing Gilboa.+ 13  Terus, Daud njupuk balung-balungé Saul lan Yonatan, termasuk balung-balungé wong-wong sing digantung*+ mau. 14  Balungé Saul lan Yonatan dikubur ing dhaérah Bènyamin ing Zéla,+ ing kuburané Kis+ bapaké Saul. Sakwisé kabèh préntahé Raja ditindakké, Gusti Allah ngrungokké dongané wong-wong kuwi kanggo Israèl.+ 15  Bar kuwi, ana perang manèh antarané wong Filistin lan wong Israèl.+ Mula, Daud lan prajurité maju nglawan wong Filistin, ning Daud mulai kekeselen. 16  Ana keturunané Réfaim+ sing jenengé Isbi-bénob sing nggawa tombak tembaga sing aboté 300 syèkel*+ lan pedhang sing isih anyar. Dhèwèké péngin matèni Daud. 17  Abisyai+ anaké Zéruya langsung teka nulungi Daud,+ terus dhèwèké nyerang lan matèni wong Filistin kuwi. Wektu kuwi, anak-anak buahé Daud njaluk* marang Daud, ”Aku ora péngin lampuné Israèl mati.+ Dadi mulai saiki, njenengan ora usah mèlu perang manèh bareng aku.”+ 18  Bar kuwi, ana perang manèh nglawan wong Filistin+ ing Gob. Wektu kuwi, Sibékai+ wong Husya matèni Saf, yaiku wong lanang keturunané Réfaim.+ 19  Terus, ana perang manèh nglawan wong Filistin+ ing Gob. Èlhanan anaké Yaaré-orégim wong Bètlehèm matèni Goliat wong Gat, sing gagang tombaké gedhéné kaya kayu penggulung ing alat tenun.+ 20  Ana perang manèh ing Gat. Ing kana ana wong lanang sing gedhé banget. Driji tangan lan sikilé ana 6, dadi jumlah kabèh drijiné ana 24. Wong kuwi ya keturunané Réfaim.+ 21  Wong kuwi ngécé wong Israèl terus.+ Mula, Yonatan anaké Syiméi,+ seduluré Daud, matèni wong kuwi. 22  Wong papat kuwi keturunané Réfaim ing Gat, lan wong-wong kuwi dipatèni Daud lan anak buahé.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”pusakané”.
Lit.: ”banjur tak dadèkké tontonan”, tangan lan sikilé wis diceklèk.
Utawa mungkin ”Mérab”.
Utawa mungkin ”sing nduwé tanah”.
Lit.: ”sing didadèkké tontonan”.
Kira-kira 3,42 kg. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”sumpah”.