2 Samuèl 23:1-39

  • Kata-kata terakhiré Daud (1-7)

  • Tumindaké para pejuangé Daud sing hébat (8-39)

23  Iki kata-kata terakhir sing diomongké Daud,+”Omongané Daud anaké Isai,+Omongané wong sing diluhurké,+Wong sing dilantik+ Gusti Allahé Yakub,Ing lagu-laguné+ Israèl, dhèwèké kuwi penyanyi* sing nyenengké.   Roh suciné Yéhuwah ngomong liwat aku.+ Gusti Allah ngongkon aku nyampèkké omongané.+   Gusti Allahé Israèl kandha,Gunung Watuné Israèl+ kandha marang aku,’Nèk wong-wong sing mréntah manungsa kuwi bener,+Lan wong-wong sing mréntah wedi marang* Gusti Allah,+   Kuwi kaya sinar matahari pas ésuk,+Kaya langit sing cerah,Kaya cahaya sing padhang sakwisé udanSing nggawé suket thukul saka lemah.’+   Kanggoné Gusti Allah, ya kaya ngono kuwi keturunanku.* Gusti Allah wis nggawé perjanjian sing langgeng karo aku,+Sing saben rinciané disusun rapi lan dijamin aman. Gusti Allah bakal nepati perjanjiané+Merga kuwi sing nggawé aku dislametké lan ngrasa seneng banget.   Ning, wong sing ora ana gunané dibuwang+ kaya semak berduri Merga kuwi ora isa digawa nganggo tangan.   Nèk ana sing péngin ndemèk kuwi,Dhèwèké kudu nduwé alat wesi lan tombak. Kuwi kudu diobong nganti entèk ing panggonané.”  Iki jenengé para prajurité Daud sing hébat:+ Yosyèb-bassyèbèt wong Tahkhémoni. Dhèwèké kuwi pemimpin saka telu prajurit sing hébat.+ Pas perang, dhèwèké tau matèni wong 800 nganggo tombaké.  Terus, ana Èléazar+ anaké Dodo+ anaké Ahohi. Èléazar kuwi salah siji saka telu prajurit sing hébat sing ngancani Daud pas nantang pasukan Filistin. Wong-wong kuwi ngumpul pas perang. Pas wong Israèl mundur, 10  dhèwèké ora mundur. Dhèwèké matèni wong Filistin nganti lengené kesel lan tangané kaku merga terus nyekel pedhang.+ Mula dina kuwi, Yéhuwah nggawé Israèl menang.*+ Wong Israèl padha bali manèh merga arep njarah barang-barangé mungsuh sing wis mati. 11  Terus, ana Syamah anaké Agé wong Harari. Wektu kuwi, wong Filistin ana ing Lèhi. Ing Lèhi ana ladhang sing kebak kacang.* Wong-wong ing kana padha mlayu merga wong Filistin. 12  Ning, Syamah tetep ana ing tengah-tengahé ladhang kuwi bèn ladhang kuwi ora direbut. Dhèwèké nyerang lan matèni wong Filistin. Mula, Yéhuwah nggawé Israèl menang.*+ 13  Telu saka 30 pemimpin pasukan teka marani Daud ing Guwa Adulam+ pas musim panèn, lan pasukan Filistin kémah ing Lembah Réfaim.+ 14  Wektu kuwi Daud ana ing panggonané ndhelik,+ lan pos Filistin ana ing Bètlehèm. 15  Terus Daud ngomong ngéné, ”Nèk aku isa ngombé banyu sing ana ing sumur cedhak gerbang Bètlehèm, aku mesthi bakal seneng banget.” 16  Wektu krungu kuwi, telu prajurit sing hébat mau nrobos perkémahané wong Filistin lan njupuk banyu saka sumur ing cedhak gerbang Bètlehèm, terus banyu kuwi diwènèhké Daud. Ning, Daud ora gelem ngombé banyu kuwi, terus banyu kuwi diesokké dadi korban kanggo Yéhuwah.+ 17  Daud kandha, ”Oh Yéhuwah, aku ora mungkin ngombé banyu kuwi. Wong-wong kuwi wis toh nyawa bèn isa nggawa banyu iki. Nèk aku ngombé banyu kuwi, kuwi kaya ngombé getihé+ wong-wong kuwi.” Daud ora gelem ngombé banyu mau. Kuwi sing ditindakké telu prajurit sing hébat mau. 18  Abisyai+ seduluré Yoab anaké Zéruya+ kuwi pemimpiné telu prajurit sing hébat liyané. Dhèwèké matèni wong 300 nganggo tombaké. Dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau.+ 19  Senajan dhèwèké sing paling diajèni ing antarané telu prajurit sing dipimpin, dhèwèké ora luwih hébat timbang telu prajurit hébat sing pertama. 20  Bénaya+ anaké Yéhoyada kuwi wong sing kendel.* Tumindaké Bénaya ing Kabzéèl kuwi luar biasa.+ Dhèwèké matèni loro anaké Arièl saka Moab. Dhèwèké ya mlebu ing lubang pas udan salju lan matèni singa ing kono.+ 21  Terus, dhèwèké matèni wong Mesir sing awaké gedhé banget. Senajan wong Mesir kuwi nyekel tombak, Bénaya nglawan wong kuwi nganggo tongkat lan ngrebut tombaké wong Mesir kuwi, terus wong kuwi dipatèni nganggo tombak kuwi. 22  Kuwi sing ditindakké Bénaya anaké Yéhoyada. Dhèwèké terkenal kaya telu prajurit hébat sing pertama mau. 23  Senajan dhèwèké luwih diajèni timbang wong 30 mau, dhèwèké ora luwih hébat timbang telu prajurit hébat sing pertama. Ning, Daud milih Bénaya dadi pengawal pribadiné. 24  Asahèl+ adhiné Yoab termasuk ing antarané wong 30 iki: Èlhanan anaké Dodo saka Bètlehèm,+ 25  Syamah wong Harod, Èlika wong Harod, 26  Hèlèz+ wong Palti, Ira+ anaké Ikès wong Tékoa, 27  Abi-èzèr+ wong Anatot,+ Mébunai wong Husya, 28  Zalmon wong Ahohi, Maharai+ wong Nétofa, 29  Hèlèb anaké Baanah wong Nétofa, Ittai anaké Ribai saka kutha Gibéah Bènyamin, 30  Bénaya+ wong Piraton, Hidai saka wadi-wadi* Gaas,+ 31  Abi-albon wong Araba, Azmawèt wong Bar-hum, 32  Èliahba wong Syaalbon, anak-anaké Yasyèn, Yonatan, 33  Syamah wong Harari, Ahiam anaké Syarar wong Harari, 34  Èlifèlèt anaké Ahasbai wong Maakat, Èliam anaké Ahitofèl+ wong Gilo, 35  Hézro wong Karmèl, Paarai wong Arbi, 36  Igal anaké Natan saka Zoba, Bani wong Gad, 37  Zèlèk wong Ammon, Naharai wong Béèrot sing mbantu nggawa senjatané Yoab anaké Zéruya, 38  Ira wong Itri, Garèb wong Itri,+ 39  lan Uria+ wong Hèt. Kabèh jumlahé ana 37 wong.

Katrangan Tambahan

Utawa ”wong”.
Lit.: ”omahku”.
Utawa ”slamet”.
Lit.: ”miju”.
Utawa ”slamet”.
Lit.: ”anaké wong sing kendel”.