2 Samuèl 24:1-25

  • Daud dosa merga ngétung wong Israèl  (1-14)

  • Ana wong 70.000 sing mati merga wabah penyakit (15-17)

  • Daud mbangun mézbah (18-25)

    • Mènèhké korban kuwi butuh pengorbanan (24)

24  Yéhuwah nesu banget marang Israèl+ wektu ana sing ngojok-ojoki Daud, ”Kowé kudu lunga lan ngétung + wong Israèl lan Yéhuda.”+  Raja ngandhani Yoab,+ pemimpin pasukan sing ana karo dhèwèké, ”Tulung lunga menyang kabèh suku Israèl saka Dan nganti tekan Béèr-syéba,+ lan kowé kudu ndaftar wong-wong,* bèn aku ngerti jumlahé.”  Ning Yoab ngandhani Raja, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé njenengan nggawé jumlahé wong-wong kuwi ping 100 luwih akèh. Muga-muga njenengan rajaku ndelok dhéwé soal kuwi. Ngapa kok njenengan ndadak nganti kaya ngéné iki?”  Ning, Raja ora gelem ngrungokké Yoab lan para pemimpin pasukan. Mula, Yoab lan para pemimpin pasukan lunga saka ngarepé Raja kanggo ndaftar wong-wong Israèl.+  Wong-wong kuwi nyabrang Kali Yordan lan kémah ing Aroèr,+ ing sisih tengené* kutha sing ana ing tengah-tengahé lembah, terus padha lunga menyang dhaérahé wong Gad lan menyang Yazèr.+  Sakwisé lunga menyang Giléad+ lan dhaérah Tahtim-hodsyi, wong-wong kuwi menyang Dan-yaan lan ménggok menyang Sidon.+  Terus, wong-wong kuwi lunga menyang bèntèng Tirus+ lan kabèh kuthané wong Hèwi+ karo wong Kanaan. Akhiré, wong-wong kuwi tekan ing Béèr-syéba,+ ing Nègèb+ Yéhuda.  Sakwisé njlajahi kabèh dhaérah ing Israèl suwéné 9 sasi 20 dina, wong-wong kuwi bali menyang Yérusalèm.  Yoab mènèhi laporan marang Raja jumlahé wong sing kedaftar. Ana 800.000 prajurit Israèl sing senjatané pedhang, lan ana 500.000 wong Yéhuda.+ 10  Ning, hati nuraniné* Daud rumangsa salah+ sakwisé ngétung jumlahé wong-wong mau. Daud kandha marang Yéhuwah, ”Aku wis nggawé dosa+ merga nindakké iki. Yéhuwah, tulung abdi-Mu iki diapura+ merga wis nggawé keputusan sing salah.”+ 11  Ésuké pas Daud tangi, Yéhuwah kandha marang Nabi Gad,+ wong sing nyampèkké wahyu saka Gusti Allah marang Daud, 12  ”Kowé kudu lunga lan ngomong ngéné marang Daud, ’Iki omongané Yéhuwah: ”Kowé Tak wènèhi telung pilihan. Pilihen salah siji, lan Aku bakal nindakké sing mbok pilih kuwi.”’”+ 13  Mula, Gad marani Daud lan ngandhani dhèwèké, ”Kowé péngin ana kelaparan nganti pitung taun,+ apa kowé milih mlayu dioyak-oyak* mungsuh+ telung sasi suwéné, utawa kabèh wilayahmu kena wabah penyakit suwéné telung dina?+ Pikirna tenanan jawaban sing kudu tak sampèkké marang Gusti Allah sing ngutus aku.” 14  Mula Daud kandha, ”Iki nggawé aku strès banget. Bèn waé Yéhuwah sing ngukum aku,+ merga Dhèwèké gampang mesakké.+ Aja nganti manungsa sing ngukum aku.”+ 15  Terus, Yéhuwah nyebabké wabah penyakit ana ing Israèl,+ saka ésuk nganti wektu sing ditentokké. Mula ana wong 70.000 sing mati+ saka Dan nganti Béèr-syéba.+ 16  Wektu malaékat kuwi ngarahké tangané marang Yérusalèm merga arep nyerang penduduk ing kono, Yéhuwah ngrasa sedhih banget* merga bencana kuwi+ Terus, Dhèwèké kandha marang malaékat sing nggawa bencana kuwi, ”Wis cukup. Kowé kudu ngedhunké tanganmu.” Malaékaté Yéhuwah kuwi ana ing cedhaké panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Arauna+ wong Yébus.+ 17  Pas ndelok malaékat sing nyerang bangsa kuwi, Daud kandha marang Yéhuwah, ”Aku sing dosa lan sing salah. Ning wong-wong iki*+ salah apa? Tulung, aku lan keluargané bapakku waé sing dihukum.”+ 18  Mula, dina kuwi Gad marani Daud lan kandha, ”Kowé kudu mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèké Arauna wong Yébus.”+ 19  Daud nuruti omongané Gad terus lunga, kaya sing dipréntahké Yéhuwah. 20  Pas Arauna ndelok ngisor lan weruh Raja teka karo abdi-abdiné, dhèwèké langsung metu lan sujud ing ngarepé Raja. 21  Arauna takon, ”Rajaku, ngapa kok njenengan mara ing panggonané abdimu iki?” Daud njawab, ”Aku arep tuku panggonan kanggo nggiles biji-bijian* duwèkmu iki. Aku arep mbangun mézbah kanggo Yéhuwah ing kéné, bèn wabah penyakit sing nyerang bangsané awaké dhéwé kuwi mandheg.”+ 22  Ning Arauna kandha marang Daud, ”Panggonan iki kanggo njenengan waé, lan wènèhna persembahan sing apik nurut njenengan. Iki ana sapi-sapi kanggo persembahan bakaran lan ana papan kanggo nggiles biji-bijian. Kayu sing dipasang ing guluné sapi isa dienggo dadi kayu bakar. 23  Iki kabèh tak wènèhké kanggo Raja.” Terus Arauna kandha manèh, ”Muga-muga Yéhuwah mberkahi njenengan.” 24  Ning Raja kandha marang Arauna, ”Ora, kabèh kuwi kudu tak tuku. Nèk ora nggawé pengorbanan, aku ora bakal mènèhké korban bakaran marang Yéhuwah Gusti Allahku.” Mula, panggonan kanggo nggiles biji-bijian* kuwi lan sapiné dituku Daud regané 50 syèkel* pérak.+ 25  Terus, Daud mbangun mézbah+ kanggo Yéhuwah. Terus, dhèwèké mènèhké korban bakaran lan korban kerukunan.* Yéhuwah nuruti apa sing dijaluk bangsa kuwi,+ mula wabah sing nyerang Israèl mandheg.

Katrangan Tambahan

Mungkin maksudé, wong lanang sing wis cukup umur kanggo mèlu perang.
Utawa ”kidulé”.
Lit.: ”atiné”.
Utawa ”diuber-uber”.
Utawa ”gela”.
Lit.: ”domba-domba iki”.
1 syèkel = 11,4 g. Deloken Lamp. B14.