2 Samuèl 4:1-12

  • Is-bosyèt dipatèni (1-8)

  • Daud matèni wong-wong sing matèni Is-bosyèt (9-12)

4  Wektu krungu nèk Abnèr wis mati ing Hébron,+ Is-bosyèt+ anaké Saul dadi wedi banget. Kabèh wong Israèl ya dadi kuwatir.  Anaké Saul kuwi nduwé grombolan perampok sing dipimpin karo anak buahé loro, yaiku Baanah lan Rékhab, anak-anaké Rimon wong Béèrot saka suku Bènyamin. (Mbiyèn Béèrot+ kuwi termasuk wilayahé Bènyamin.  Wong Béèrot mlayu menyang Gitaim,+ lan manggon ing kana dadi penduduk asing nganti saiki.)  Yonatan+ anaké Saul nduwé anak lanang sing sikilé cacad,*+ jenengé Méfibosyèt. Pas bocah kuwi umuré limang taun, ana kabar saka Yizréèl+ nèk Saul karo Yonatan mati. Wektu krungu kuwi, wong sing momong Méfibosyèt nggéndhong Méfibosyèt+ lan mlayu karo bingung. Akhiré, bocah kuwi tiba lan dadi cacad.  Anak-anaké Rimon wong Béèrot, yaiku Rékhab lan Baanah, lunga menyang omahé Is-bosyèt pas awan-awan, wektu Is-bosyèt lagi turu.  Wong loro kuwi mlebu omah, éthok-éthok arep njupuk gandum, terus nusuk wetengé Is-bosyèt. Bar kuwi, Rékhab lan Baanah+ mlayu.  Wektu wong loro kuwi mlebu ing omah, Is-bosyèt lagi turon ing kamaré, terus wong loro kuwi matèni dhèwèké lan nugel sirahé. Bar kuwi, wong loro mau nggawa sirahé Is-bosyèt lan mlaku sewengi muput ing dalan menyang Araba.  Wong loro kuwi nggawa sirahé Is-bosyèt+ marang Daud ing Hébron lan kandha, ”Iki sirahé Is-bosyèt anaké Saul, mungsuh+ sing péngin matèni njenengan.+ Rajaku, dina iki Yéhuwah wis mbaleské dendamé njenengan marang Saul lan keturunané.”  Ning, Daud njawab Rékhab lan Baanah, anak-anaké Rimon wong Béèrot, ”Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing wis nylametké aku saka kabèh kesusahan.+ 10  Mbiyèn, ana wong sing lapor marang aku, ’Saul wis mati’.+ Wong kuwi ngira nèk dhèwèké nggawa kabar apik, ning wong kuwi tak patèni+ ing Ziklag. Kuwi upah sing tak wènèhké kanggo wong kuwi. 11  Mula, kuduné hukumanmu luwih abot manèh merga kowé wis matèni wong sing ora salah ing omahé dhéwé, yaiku ing kasuré. Aku mesthi bakal balas dendam marang kowé merga kowé matèni dhèwèké.+ Kowé kudu mati.” 12  Terus, Daud ngongkon anak buahé matèni wong loro kuwi.+ Anak buahé Daud nugel tangan lan sikilé wong loro kuwi,+ terus nggantung kuwi ing cedhak kolam ing Hébron. Ning, sirahé Is-bosyèt dijupuk lan dikubur ing kuburané Abnèr ing Hébron.

Katrangan Tambahan

Utawa ”lumpuh”.