2 Samuèl 5:1-25

  • Daud dilantik dadi rajané Israèl (1-5)

  • Yérusalèm direbut (6-16)

    • Zion, Kutha Daud (7)

  • Daud ngalahké pasukan Filistin (17-25)

5  Terus, kabèh suku Israèl marani Daud ing Hébron+ lan kandha, ”Aku kabèh iki isih sedulurmu.*+  Pas Saul isih dadi raja, njenengan sing mimpin Israèl maju perang.*+ Yéhuwah ngandhani njenengan, ’Kowé bakal angon umat-Ku Israèl lan dadi pemimpiné Israèl.’”+  Mula, kabèh pemimpiné* Israèl padha marani Raja Daud ing Hébron, lan Raja Daud nggawé perjanjian karo wong-wong kuwi+ ing Hébron ing ngarepé Yéhuwah. Terus, wong-wong kuwi nglantik Daud dadi rajané Israèl.+  Daud dadi raja pas umur 30 taun lan mréntah 40 taun suwéné.+  Ing Hébron, Daud mréntah Yéhuda suwéné pitung taun setengah, lan ing Yérusalèm+ Daud mréntah Israèl lan Yéhuda suwéné 33 taun.  Terus, Raja Daud lan anak buahé mangkat menyang Yérusalèm kanggo nglawan wong Yébus+ sing manggon ing kana. Wong-wong padha ngécé Daud, ”Kowé ora bakal isa mlebu mréné. Wong wuta karo wong lumpuh waé isa ngusir kowé.” Wong-wong sing padha ngécé kuwi mikir, ’Daud ora bakal mlebu mréné.’+  Ning, Daud ngrebut bèntèng Zion, sing saiki dadi Kutha Daud.+  Mula ing dina kuwi Daud kandha, ”Wong sing nyerang wong Yébus kudu mlebu liwat trowongan banyu lan matèni ’wong lumpuh lan wong wuta’ sing disengiti Daud.” Kuwi sebabé wong kandha, ”Wong wuta lan wong lumpuh ora bakal mlebu omah.”  Terus, Daud manggon ing bèntèng kuwi, lan bèntèng kuwi disebut* Kutha Daud. Daud mulai mbangun témbok lan bangunan liyané ing sekitaré, yaiku saka Bukit*+ nganti tekan njero kutha.+ 10  Mula, kuwasané Daud dadi saya gedhé,+ lan Yéhuwah pemimpiné pasukan nglindhungi dhèwèké.+ 11  Raja Hiram+ saka Tirus ngirim utusan marang Daud. Raja Hiram ya ngirim kayu aras,*+ tukang kayu, lan tukang batu kanggo mbangun témbok. Wong-wong kuwi mbangun istana kanggo Daud.+ 12  Daud ngerti nèk Yéhuwah sing wis nggawé dhèwèké dadi rajané Israèl+ lan nggawé kerajaané+ dadi makmur merga Israèl umaté.+ 13  Sakwisé lunga saka Hébron, Daud nduwé luwih akèh selir+ lan bojo ing Yérusalèm, dhèwèké ya nduwé luwih akèh anak lanang lan anak wédok.+ 14  Anak-anaké sing lair ing Yérusalèm jenengé Syamua, Syobab, Natan,+ Salomo,+ 15  Ibhar, Èlisyua, Nèfèg, Yafia, 16  Èlisyama, Èliada, Èlifèlèt. 17  Pas wong Filistin krungu nèk Daud wis dilantik dadi rajané Israèl,+ kabèh wong Filistin padha teka nggolèki Daud.+ Pas krungu kuwi, Daud lunga menyang panggonané ndhelik.+ 18  Terus, wong Filistin teka lan mencar ing Lembah Réfaim.+ 19  Daud takon marang Yéhuwah,+ ”Apa aku kudu nglawan wong Filistin? Apa Njenengan bakal nggawé aku ngalahké wong-wong kuwi?” Yéhuwah njawab, ”Ya, Aku mesthi bakal nggawé kowé ngalahké wong Filistin.”+ 20  Mula, Daud mara ing Baal-pérazim lan Daud ngalahké wong Filistin ing kana. Terus Daud kandha, ”Yéhuwah wis ngalahké mungsuh-mungsuhku+ ing ngarepku, kaya banyu sing njebol témbok.” Kuwi sebabé dhèwèké njenengi panggonan kuwi Baal-pérazim.*+ 21  Wong Filistin ninggalké patung brahalané ing kana, terus Daud lan anak buahé njupuk lan ngremuk patung-patung kuwi. 22  Bar kuwi, wong Filistin sepisan manèh teka lan mencar ing Lembah Réfaim.+ 23  Daud takon marang Yéhuwah, terus dijawab, ”Aja nyerang saka ngarep. Ning kowé kudu mubeng ing mburiné wong-wong kuwi lan nyerang saka semak-semak.* 24  Nèk kowé krungu swara pasukan ing pucuké semak-semak,* kowé kudu cepet-cepet maju, merga Yéhuwah bakal maju kanggo ngalahké pasukan Filistin.” 25  Mula, Daud nindakké persis kaya préntahé Yéhuwah. Daud ngalahké wong Filistin+ saka Géba+ tekan Gèzèr.+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”balungmu lan dagingmu”.
Lit.: ”sing nggawa Israèl metu lan mlebu”.
Utawa ”para sesepuhé”.
Utawa mungkin ”lan dhèwèké nyebut bèntèng kuwi”.
Utawa ”Milo”. Kata Ibrani sing artiné ”gundhukan”.
Wit iki bentuké kaya wit cemara lan mbiyèn ana akèh ing Lébanon.
Artiné ”Ahli Njebol”.
Lit.: ”semak baka”.
Lit.: ”semak baka”.