2 Samuèl 6:1-23

  • Pethiné Gusti Allah digawa menyang Yérusalèm (1-23)

    • Uzza nyekel Pethiné Gusti Allah lan dipatèni (6-8)

    • Mikhal ngrèmèhké Daud (16, 20-23)

6  Daud nglumpukké manèh kabèh pasukané sing paling apik ing Israèl, sing cacahé 30.000.  Daud lan anak buahé lunga menyang Baalé-yéhuda merga njupuk Pethiné Gusti Allah sing bener.+ Ing ngarepé pethi kuwi, wong nyebut asmané Yéhuwah pemimpiné pasukan+ sing takhtané ana ing ndhuwuré* kerub-kerub.+  Ning, wong-wong ndèlèhké Pethiné Gusti Allah sing bener kuwi ing grobag+ anyar merga arep dipindhah saka omahé Abinadab+ sing ana ing bukit. Sing ngarahké sapi-sapi sing nggèrèt grobag anyar kuwi yaiku Uzza lan Ahio, anak-anaké Abinadab.  Wong-wong kuwi nggawa Pethiné Gusti Allah sing bener saka omahé Abinadab sing ana ing bukit, lan Ahio mlaku ing ngarepé Pethi kuwi.  Daud lan kabèh wong Israèl ngrayakké kuwi ing ngarepé Yéhuwah nganggo kabèh alat musik saka kayu juniper, harpa, alat musik liyané sing nganggo senar,+ rebana,+ simbal,+ lan alat musik liyané.  Ning, wektu tekan ing Nakon, yaiku panggonan kanggo nggiles biji-bijian,* Uzza nyekel Pethiné Gusti Allah sing bener, merga sapi-sapi sing narik grobag+ kuwi mèh waé nggawé Pethi kuwi tiba.  Mula, Yéhuwah dadi nesu banget marang Uzza, lan Gusti Allah sing bener matèni+ Uzza merga dhèwèké kurang ajar.+ Uzza mati ing kana, ing sebelahé Pethiné Gusti Allah sing bener.  Ning, Daud nesu merga Yéhuwah nesu banget marang Uzza. Kuwi sebabé panggonan kuwi disebut Pèrèz-uzza* nganti saiki.  Ing dina kuwi, Daud dadi wedi marang Yéhuwah.+ Dhèwèké kandha, ”Lha terus piyé aku isa nggawa Pethiné Yéhuwah iki menyang panggonanku?”+ 10  Daud ora gelem nggawa Pethiné Yéhuwah menyang panggonané, yaiku ing Kutha Daud.+ Ning, Daud malah ngongkon supaya Pethi kuwi digawa menyang omahé Obèd-édom+ wong Gat. 11  Pethiné Yéhuwah tetep ana ing omahé Obèd-édom wong Gat nganti telung sasi, lan Yéhuwah terus mberkahi Obèd-édom lan keluargané.+ 12  Terus Raja Daud éntuk laporan, ”Yéhuwah wis mberkahi keluargané Obèd-édom lan kabèh duwèké merga Pethiné Gusti Allah sing bener.” Daud ngrasa seneng,+ terus dhèwèké lunga bèn isa njupuk Pethiné Gusti Allah sing bener saka omahé Obèd-édom menyang Kutha Daud. 13  Sakwisé wong-wong sing ngangkat+ Pethiné Yéhuwah mlaku enem jangkah, Daud ngorbanké sapi siji lan kéwan lemu siji. 14  Merga seneng banget, Daud nari-nari ing sekitaré Pethiné Yéhuwah. Wektu kuwi, dhèwèké nganggo* éfod* saka linèn.+ 15  Daud lan kabèh wong Israèl nggawa Pethiné+ Yéhuwah lan ngrasa seneng banget. Kabèh wong kuwi padha sorak-sorak+ lan ngunèkké trompèt.*+ 16  Ning, wektu Pethiné Yéhuwah tekan ing Kutha Daud, Mikhal+ anaké wédok Saul ndelok saka jendhéla lan weruh Raja Daud lagi mlumpat-mlumpat lan nari-nari ing sekitaré Pethiné Yéhuwah. Ing njero atiné, Mikhal mulai ngrèmèhké Daud.+ 17  Pethiné Yéhuwah digawa lan dilebokké ing kémah sing wis disedhiakké Daud.+ Terus, Daud mènèhké persembahan bakaran+ lan korban kerukunan*+ marang Yéhuwah.+ 18  Sakwisé rampung mènèhké persembahan bakaran lan korban kerukunan,* Daud mberkahi bangsa kuwi nganggo jenengé Yéhuwah pemimpiné pasukan. 19  Bar kuwi, Daud mbagèkké roti sing bentuké kaya gelang, kué kurma, lan kué kismis marang bangsa kuwi, yaiku kabèh wong Israèl, wong lanang lan wong wédok. Terus, wong-wong kuwi padha mulih ing omahé dhéwé-dhéwé. 20  Pas Daud bali kanggo mberkahi keluargané dhéwé, Mikhal anaké Saul+ metu nemoni dhèwèké. Mikhal kandha, ”Dina iki rajané Israèl ngrendhahké dhèwèké dhéwé. Dhèwèké setengah wuda ing ngarepé budhak-budhaké wédok pembantuné, kaya wong bodho sing wuda.”+ 21  Pas krungu kuwi, Daud njawab Mikhal, ”Perayaanku iki kanggo Yéhuwah, sing wis milih aku lan dudu bapakmu utawa keturunané bapakmu, lan sing wis nglantik aku dadi pemimpiné wong Israèl umaté Yéhuwah.+ Aku ngrayakké iki kanggo Yéhuwah, 22  lan aku bakal bener-bener ngrendhahké awakku dhéwé. Ning, budhak-budhakku wédok sing mbok sebut mau, wong-wong kuwi bakal mulyakké aku.” 23  Kuwi sebabé, Mikhal+ anaké Saul ora nduwé anak nganti mati.

Katrangan Tambahan

Utawa mungkin ”ing antarané”.
Artiné ”Gusti Allah Nesu Banget karo Uzza”.
Lit.: ”sabukan”.
Lit.: ”sungu”. Deloken Daftar Istilah.