2 Samuèl 7:1-29

  • Daud ora bakal mbangun bait (1-7)

  • Perjanjian karo Daud soal kerajaan (8-17)

  • Dongané Daud kanggo ngucap syukur (18-29)

7  Wektu Raja wis manggon ing istanané+ lan Yéhuwah ya wis nggawé uripé tentrem, bébas saka mungsuh-mungsuh ing sekitaré,  Raja kandha marang Nabi Natan,+ ”Aku manggon ing istana sing digawé saka kayu aras,+ ning Pethiné Gusti Allah sing bener mung ana ing kémah.”+  Natan njawab Raja, ”Njenengan isa nindakké apa waé sing njenengan karepké, merga Yéhuwah ndhukung njenengan.”+  Benginé, Yéhuwah ngandhani Natan,  ”Kowé kudu lunga lan ngomong ngéné karo abdi-Ku Daud, ’Yéhuwah ngomong ngéné, ”Apa kowé sing bakal nggawé omah bèn isa Tak enggoni?+  Kèt Aku nggawa bangsa Israèl metu saka Mesir nganti dina iki Aku ora tau manggon ing omah.+ Ning, Aku pindhah-pindhah* ana ing kémah lan ing tabernakel.+  Saksuwéné Aku lunga bareng karo kabèh wong Israèl,* apa Aku tau kandha, ’Ngapa kok kowé ora nggawèkké Aku omah saka kayu aras?’ Apa Aku tau kandha kaya ngono karo salah siji pemimpiné suku Israèl sing Tak lantik dadi gembalané Israèl umat-Ku?”’  Kowé kudu ngomong ngéné marang abdi-Ku Daud, ’Iki sing diomongké Yéhuwah pemimpiné pasukan, ”Aku ngundang* kowé saka padhang rumput wektu kowé lagi nggiring ternak-ternakmu,+ terus kowé Tak dadèkké pemimpiné umat-Ku Israèl.+  Aku bakal ndhukung kowé ing endi waé kowé lunga.+ Aku bakal nyingkirké kabèh mungsuhmu.*+ Aku bakal nggawé jenengmu+ terkenal kaya wong-wong sing terkenal ing donya. 10  Aku bakal nyiapké panggonan kanggo umat-Ku Israèl. Wong-wong kuwi bakal manggon ing kono lan ora bakal diganggu. Wong jahat ya ora bakal nindhes manèh kaya mbiyèn+ 11  wektu Aku nglantik hakim-hakim+ kanggo umat-Ku Israèl. Aku bakal nggawé uripmu tentrem, bébas saka kabèh mungsuhmu.+ ”’”Yéhuwah ya wis ngandhani kowé nèk Yéhuwah bakal nggawé keluargamu dadi keturunané raja.*+ 12  Pas kowé mati+ kaya nènèk moyangmu, Aku bakal nggawé keturunanmu,* yaiku anakmu lanang,* dadi raja. Aku ya bakal nggawé dhèwèké terus mréntah.+ 13  Dhèwèké sing bakal mbangun omah kanggo jeneng-Ku,+ lan Aku bakal nggawé dhèwèké mréntah nganti saklawasé.+ 14  Aku bakal dadi Bapaké, lan dhèwèké bakal dadi anak-Ku.+ Nèk dhèwèké nggawé salah, dhèwèké bakal Tak élikké.* Dhèwèké ya bakal Tak gebug kaya bapak nggebug anaké.+ 15  Aku bakal terus nresnani* dhèwèké. Kuwi ora kaya katresnanku marang Saul.+ Mbiyèn Aku nresnani Saul, ning saiki ora. Saul wis Tak singkirké. 16  Keturunanmu* lan kerajaanmu bakal terus ana nganti saklawasé. Kowé bakal terus mréntah nganti saklawasé.”’”+ 17  Natan ngandhani Daud soal kabèh omongan lan wahyu kuwi.+ 18  Bar kuwi, Raja Daud mlebu lan lungguh ing ngarepé Yéhuwah terus kandha, ”Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, aku iki sapa, ta? Sapa keluargaku* iki, kok nganti Njenengan nindakké kabèh iki kanggo aku?+ 19  Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan ya wis ngomong nèk keturunané* abdi-Mu iki bakal terus ana nganti sukmbèn. Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, sing mbok omongké kuwi dadi préntah* kanggo kabèh manungsa. 20  Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Daud abdi-Mu iki nganti ora isa ngomong apa-apa manèh, merga Njenengan wis kenal tenan karo aku.+ 21  Kabèh tumindaké Njenengan kuwi hébat, lan Njenengan nduduhké kabèh kuwi marang abdi-Mu, merga kuwi karepé Njenengan lan kuwi janjiné Njenengan.+ 22  Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, kuwi sebabé Njenengan bener-bener hébat.+ Ora ana sing kaya Njenengan,+ lan ora ana Gusti Allah liya sakliyané Njenengan.+ Aku dadi yakin merga apa sing tak rungokké. 23  Apa ana bangsa liyané ing bumi sing kaya Israèl umat-Mu?+ Gusti Allah wis tumindak lan nebus wong-wong kuwi bèn dadi umaté.+ Gusti Allah nggawé mukjijat sing hébat+ lan luar biasa bèn jenengé saya dikenal.+ Njenengan ngusir bangsa-bangsa lan allah-allahé kanggo kepentingané umat-Mu, yaiku wong-wong sing wis Njenengan tebus saka Mesir. 24  Njenengan nggawé bangsa Israèl dadi umat-Mu nganti saklawasé.+ Oh Yéhuwah, Njenengan wis dadi Gusti Allahé wong-wong kuwi.+ 25  ”Gusti Allah Yéhuwah, tulung tepati janjiné Njenengan soal abdi-Mu lan keturunané* nganti saklawasé. Muga-muga Njenengan nindakké persis kaya sing wis Njenengan janjèkké.+ 26  Muga-muga jeneng-Mu diluhurké nganti saklawasé,+ supaya wong-wong padha kandha, ’Yéhuwah pemimpiné pasukan kuwi Gusti Allahé Israèl.’ Muga-muga keturunané* Daud abdi-Mu terus mréntah nganti saklawasé ing ngarepé Njenengan.+ 27  Oh Yéhuwah pemimpiné pasukan, Gusti Allahé Israèl, Njenengan wis kandha marang abdi-Mu iki, ’Aku bakal nggawé keluargamu dadi keturunané raja.’*+ Kuwi sebabé abdi-Mu iki wani ndonga kaya ngéné marang Njenengan. 28  Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, Njenengan kuwi Gusti Allah sing bener, lan omongané Njenengan kuwi bener.+ Njenengan ya wis njanjèkké sing apik marang abdi-Mu iki. 29  Mula, muga-muga Njenengan gelem mberkahi keturunané* abdi-Mu. Oh Yéhuwah Gusti sing Mahakuwasa, muga-muga keturunané* abdi-Mu terus+ ana ing ngarepé Njenengan nganti saklawasé, merga Njenengan wis nggawé janji. Muga-muga Njenengan terus mberkahi keturunané* abdi-Mu nganti saklawasé.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”mlaku-mlaku”.
Lit.: ”putra-putrané Israèl”.
Utawa ”nyeluk”.
Utawa ”kabèh mungsuhmu saka ngarepmu”.
Lit.: ”Yéhuwah bakal nggawé omah kanggo kowé”.
Lit.: ”wong sing metu saka bagéan njeromu”.
Lit.: ”benihmu”.
Lit.: ”Dhèwèké bakal Tak élikké nganggo tongkaté manungsa”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”Omahmu”.
Lit.: ”omahku”.
Lit.: ”omahé”.
Utawa ”hukum”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”Aku bakal nggawé omah kanggo kowé”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”omahé”.
Lit.: ”omahé”.