2 Samuèl 8:1-18

  • Kemenangané Daud (1-14)

  • Para pejabaté Daud (15-18)

8  Suwé sakwisé kuwi, Daud nglawan+ lan ngalahké wong Filistin.+ Terus, dhèwèké ngrebut Mètèg-ama saka wong Filistin.  Daud ngalahké wong Moab+ lan ngongkon wong-wong Moab kuwi turu jèjèr-jèjèr ing lemah, terus dibagi dadi telung bagéan.* Sing rong bagéan dipatèni lan sing sak bagéan ora dipatèni.+ Terus, wong Moab dadi abdiné Daud lan mènèhi hadiah marang Daud.+  Daud ngalahké raja Zoba,+ yaiku Hadadèzèr anaké Réhob, sing wektu kuwi lagi ngrebut dhaérahé manèh sing ana ing Kali Éfrat.+  Saka Hadadèzèr, Daud nangkep 1.700 prajurit sing numpak jaran lan 20.000 prajurit sing mlaku. Terus, Daud nglumpuhké sikilé kabèh jaran sing narik kréta, kecuali 100 jaran.+  Wektu wong Siria saka Damaskus+ teka merga arep mbantu Raja Hadadèzèr saka Zoba, Daud matèni 22.000 wong Siria.+  Terus, Daud ngongkon pasukané manggon ing Siria ing Damaskus. Wong Siria dadi abdiné Daud lan mènèhi hadiah marang Daud. Ing endi waé Daud lunga,+ Yéhuwah mesthi nggawé Daud menang.*  Sakliyané kuwi, Daud ya njupuk tamèng-tamèng bunder saka emas duwèké para prajurité Hadadèzèr lan nggawa kuwi menyang Yérusalèm.+  Raja Daud nggawa tembaga akèh banget saka Bétah lan Bérotai, kutha-kuthané Hadadèzèr.  Raja Toi saka Hamat+ krungu nèk Daud ngalahké kabèh pasukané Hadadèzèr.+ 10  Mula, Toi ngutus Yoram anaké marang Raja Daud kanggo nakonké kabaré, lan kanggo nylameti Daud merga wis menang perang nglawan Hadadèzèr (merga Hadadèzèr kerep perang nglawan Toi). Yoram ya nggawa barang-barang saka pérak, emas, lan tembaga. 11  Terus, Raja Daud mènèhké* barang-barang kuwi kanggo Yéhuwah, padha kaya pas dhèwèké mènèhké pérak lan emas sing wis dijarah saka bangsa-bangsa sing wis dikalahké,+ 12  yaiku wong Siria, wong Moab,+ wong Amon, wong Filistin,+ wong Amalèk,+ lan saka Hadadèzèr+ raja Zoba, anaké Réhob. 13  Daud ya nggawé jenengé terkenal wektu dhèwèké bali sakwisé matèni 18.000 wong Édom ing Lembah Garam.+ 14  Daud ngongkon pasukané manggon ing kabèh wilayah Édom, lan kabèh wong Édom dadi abdiné Daud.+ Ing endi waé Daud lunga,+ Yéhuwah mesthi nggawé Daud menang.* 15  Daud terus mréntah kabèh wilayah Israèl.+ Daud ya nggawé rakyaté+ isa terus ngrasakké keadilan lan apa sing bener.+ 16  Yoab+ anaké Zéruya kuwi pemimpiné prajurit, lan Yéhosyafat+ anaké Ahilud kuwi tukang nyathet. 17  Zadok+ anaké Ahitub lan Ahimèlèkh anaké Abiatar kuwi imam, lan Séraya kuwi sekretaris. 18  Bénaya+ anaké Yéhoyada kuwi pemimpiné wong Khèrèti lan wong Pèlèti,*+ lan anak-anaké Daud dadi pejabat utama.*

Katrangan Tambahan

Carané yaiku, Daud nggunakké tali kanggo ngukur sepira akèhé wong sing dipatèni lan sepira akèhé wong sing dijarké urip.
Utawa ”slamet”.
Lit.: ”nyucèkké”.
Utawa ”slamet”.
Maksudé, pengawal pribadiné Daud.
Lit.: ”anaké wong sing kendel”.