2 Samuèl 9:1-13

  • Daud apikan marang Méfibosyèt (1-13)

9  Daud takon, ”Apa ana keluargané Saul sing isih urip? Aku bakal apikan* karo dhèwèké merga Yonatan.”+  Ana abdi ing keluargané Saul sing jenengé Ziba.+ Mula, dhèwèké dikongkon ngadhep Raja Daud. Raja takon, ”Apa kowé Ziba?” Ziba njawab, ”Ya, Raja.”  Raja takon, ”Apa ana keluargané Saul sing isih urip? Aku bakal apikan* karo dhèwèké kaya Gusti Allah ya apikan marang dhèwèké.” Ziba njawab, ”Isih ana siji anaké lanang Yonatan. Sikilé cacad.”+  Raja takon, ”Dhèwèké ing endi?” Ziba njawab, ”Ing omahé Makhir+ anaké Amièl ing Lo-débar.”  Raja Daud langsung ngutus wong kanggo methuk* dhèwèké saka omahé Makhir anaké Amièl ing Lo-débar.  Pas Méfibosyèt anaké Yonatan, putuné Saul, ngadhep Daud, dhèwèké langsung sujud. Terus Daud kandha, ”Méfibosyèt.” Dhèwèké njawab, ”Ya, Raja.”  Daud kandha, ”Aja wedi, merga aku bakal apikan*+ karo kowé merga Yonatan bapakmu. Aku bakal mbalèkké kabèh tanah duwèké simbahmu. Kowé ya bakal terus mangan* ing méjaku.”+  Terus Méfibosyèt sujud marang Daud lan kandha, ”Abdimu iki dudu sapa-sapa. Ngapa kok njenengan nggatèkké asu mati+ kaya abdimu iki?”  Terus Raja ngundang Ziba pembantuné Saul, lan kandha, ”Kabèh duwèké Saul lan keluargané bakal tak kèkké putuné Saul majikanmu.+ 10  Kowé, anak-anakmu lanang, lan para pelayanmu bakal nggarap tanah kanggo dhèwèké. Kowé bakal nglumpukké hasil tanah kuwi kanggo nyedhiakké pangan keluargané putuné majikanmu. Ning, Méfibosyèt putuné majikanmu bakal terus mangan ing méjaku.”+ Ziba nduwé anak lanang 15 lan pelayan 20.+ 11  Terus Ziba kandha, ”Rajaku, abdimu iki bakal nindakké kabèh sing njenengan préntahké.” Mula, Méfibosyèt mangan ing méjané Daud kaya anaké raja. 12  Méfibosyèt ya nduwé anak lanang sing isih enom jenengé Mika.+ Kabèh wong sing manggon ing omahé Ziba dadi abdiné Méfibosyèt. 13  Méfibosyèt manggon ing Yérusalèm merga dhèwèké terus mangan ing méjané Raja.+ Sikilé Méfibosyèt cacad.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”njemput”.
Lit.: ”mangan roti”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken Daftar Istilah.